SOLOPOS.COM - FOTO/Dok

FOTO/Dok

Bab unggah-ungguhing basa wus nandhes ing ati lan urip padinane R Adi Deswijaya. Miturut dhosen Basa Jawa ing Univet Sukoharjo iki, unggah-ungguh iku minangka tata pranataning basa miturut lungguhing tata krama.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

“Emane, akeh banget kanoman sing ora nggunakke unggah-ungguh nalika ngadhepi wong sing luwih tuwa. Utawa nalika ing papan tartamtu, isih akeh kanoman sing kurang ngugemi tata krama. Sajane aku rada risi marang kahanan iki,” pratelane nalika ditemoni Espos, sawetara wektu kapungkur.

Ekspedisi Mudik 2024

Adi nate duwe pengalaman sing kurang kapenak bab tata kramane kanoman iki. Nalika piyambake mlebu ing sawijining warung internet, ing papan kuwi lagi ana sawetara kanoman padha dolanan game online. “Nalika padha kalah, bocah-bocah enom iku banjur misuh-misuh lan swarane banter. Terus terang, neng kuping rasane risi. Upamane padha ngerti, sajane pocap iku nuduhake patrap. Bab sing kaya mangkono iku ora becik,” tandhese.

Saliyane iku, piyambake uga rumangsa risi nalika meruhi ana kanoman sing kurang sopan marang wongtuwane dhewe. Bab iki ana sesambungane karo unggah-ungguh. “Upamane nalika ngaturi wongtuwane dhewe nganggo tembung kowe. Iku genah kurang pantes. Wongtuwane kita iku kudune diajeni. Ora amung nalika omongan, nanging nalika liwat ing ngarepe, kita kudune sopan, mundhuk-mundhuk lan gelem aruh-aruh. Ora ndlujur wae,” tandhese. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya