Jagad-jawa
Kamis, 24 Mei 2012 - 09:17 WIB

Kebak Piwulang

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Drs Sujono, MHum. Dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo (FOTO/Ist)

Drs Sujono, MHum.
Dhosen Sastra Daerah FSSR UNS Solo
(FOTO/Ist)

Advertisement

Ora gumun maneh yen bocah-bocah saiki ora bisa gobak sodor, benthik nanging pinter game lan apal critane Doraemon, lan Tom and Jerry. Yen ana kedadeyan kaya mangkono iku, sapa sing salah? Wong tuwane apa bocahe? Gurune apa muride? Produsen film-e apa pamirsane? Kedadeyan iki dumadi awit wongtuwa saiki akeh-akehe nuruti kekarepane anak, ora ngetung embuh dadine, sing baku anak utawa putune seneng. Amarga anake kerep disetelake siyaran tv animasi dolanan bocah saka mancanagara, lan arang-arang diajari dolanan bocah kayata gobak sodor, benthik, dakon, pasaran, jamuran, wulungan lan liya liyane. Mulane bocah-bocah mau banjur kesengsem tontonan animasi, dolanan bocah saka mancanagara lan ora bisa dolanan bocah tinggalane leluhur sing kebak piwulang kabecikan.

Dolanan bocah kuwi ngemot piwulang warna-warna kang bisa dadi ciri mligine wong Jawa, yaiku: tresna marang Gusti lan tresna marang sapadha-padha, tanggung jawab, jujur, subasita, guyub rukun, mempeng makarya, adil, lembah manah, lan toleransi. Ing tembang sluku-sluku bathok, manut katrangane Bapa Imam Sutarjo, MHum. isine bab ngresiki ati supaya bisa mulih marang mula-mulanira. Carane ngresiki ati dzikir lan ati tansah nyebut nggoslu-nggoslu batnata la illaha ilallah. Resikana-resikana atimu kanthi nyebut batnata illaha ilallah. Tembang dolanan Jago Kate suka piwulang manungsa kuwi ora kena umuk, gumedhe, sapa sing umuk pungkasane bakal kawirangan. Dene tembang Ilir-ilir suka pituduh yen awake dhewe urip kuwi ora kena nglokro, mumpung isih enom kudu gumregah tumandang karya. Tembang dolanan Menthok-menthok suka pituduh wong sing wegahan lan gawe guyu. Mentok kuwi ana kandhang wae, enak-enak ngorok, ora nyambut gawe, mung lakune megal-megol gawe guyu.

Dolanan bocah uga dadi dhasar dumadine njoged lan nembang bebaregan (kolosal).Dolanan bocah Jaranan lan Jamuran dadi dhasar dumadine joged  kreasi anyar sing nggunakake jaran, dene Jamuran dadi dhasar dumadine joged kreasi anyar sing formasine sing njoged mubeng.

Advertisement

Kahanane dolanan bocah ing laladan SoloRaya lan panggulawethahe isih nyenengake. Katitik rikala diadani Festival Dolanan Tradisional ana ing Auditorium UNS, tanggal 18 April 2012, cacah sing melu festival ana 16 pasarta. Dene minggu kepungkur, tanggal 18 Mei 2012 ing Plaza Sriwedari cacah kang melu ana 14 pasarta. Festival Dolanan Tradisional lan Festival Dolanan Bocah iki mratelakake yen pamarentah, dhines kang kawogan, pawiyatan luhur, bebarengan nyengkuyung kelakone festival mau kanthi gayeng lan nyenengake. Sanajan ora ana iming-iminge hadhiah dhuwit sing akeh, pranyata pangarsa SD utawa SMP, lan pangarsa sanggar kanthi swadana nganakake latihan, konsumsi, transportasi, mbayar pelatih diragadi dhewe. Latihane bola-bali malah nganti ana sing ping 30 barang, ewasemana wongtuwane bocah-bocah sing melu gladhen lan nonton festival padha seneng, lan melu ngeterake putrane.

Kanggo nglestarekake lan gawe wujud kreasi anyar uga ditindakake. Kreasi anyar sing ciptan pelatih utawa pimpinan sanggar isih ngugemi roh bakune dolanan bocah. Saben SD, SMP lan Sanggar, meh 80% wis duwe pelatih utawa guru kesenian dhewe, sing bisa nglatih lan milih bocah sing melu festival.

Nanging tetepa isih ana alangan nguri-uri lan ngrembakakake dolanan bocah sing dumadi saka njero, yaiku wragad kanggo latihan lan liya-liyane, angel ngatur jadwal latihan. Dene pepalang saka njaba, yaiku akeh lan cumepake film-film animasi dolanan bocah kang ditekakake saka negara liya.

Advertisement

Cara kanggo nglestarekake lan mekarake dolanan bocah, yaiku inventarisasi dolanan bocah ing laladan Soloraya, dikompliti ringkesan crita lan isi piwulange, pamarentah daerah, pawiyatan luhur, jurusan  kang kawogan ngleluri dolanan bocah, dhines kang kawogan, sanggar-sanggar tari/seni lan perusahaan-perusahaan swasta prelu mbantu prabeya festival apa latihane; lan saben tahun nganakake lomba utawa festival dolanan bocah. Dene stasiun tv gelem ngadani siaran dolanan bocah kanthi jam lan dina sing gumathok. Saben SD, SMP, lan Sanggar ana jadwal latihan dolanan bocah, lan ditindakake kanthi temenan.

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif