SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (17/1/2019) menika kapacak bab Sastra Jawa.

Solopos.com, SOLO — Kitab Jawa kuna ana kang nganggep dadi barang sakral sing kudu diati-ati anggone nyimpen. Ora kena sak-sake, apa meneh dirusakne. Sawetara masarakat nganti ana sing ora gelem mbukak babar blas amarga wedi yen salah kedaden utawa kuwalat. Kamangka piwulang sing kakandhut ing sakjroning kitab utawa serat kuna iku wigati banget. Bisa ditrepake nut lakune jaman.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Satemene, nguri-uri kitab kuna iku ora mung nyimpen barange. Nanging uga mbabar bab sing wigati ing saknjerone kitab saengga bisa ditrepake sabendinane. Iku sing dikarepake para pujangga jaman mbiyen nalika ngripta naskah Jawa. Piwulang kang katulis ing naskah utawa kitab bisa diudhar lan dilakoni kang nyinau.

Ndeleng kasunyatan piwulang Jawa sansaya adoh saka masarakat, mahasiswa Sastra Jawa Universitas Gadjah Mada (UGM), Universitas Indonesia (UI), lan Universitas Sebelas Maret (UNS) banjur ngedegake pepanthan pasinaon Jawa Kuna Sraddha. Pepanthan iku mbuka kalodhangan kanggo masarakat sing kepengin sinau sastra Jawa kanthi cara sing ilmiah.

Pepanthan Sraddha kang sakdurunge mung ana ing Ngayogyakarta iku banjur digawa menyang Solo dening salah sijine pawongan nyengkuyung adeging Sraddha, Rendra Agusta.

Ing Solo, Sraddha Institute mbuka kelas pasinaon saksuwene telung sasi. Saben kelas mbabar piwulang sing beda-beda. Nganti tekan saiki wis ngancik kelas kaping pitu. Sinaune saben dina akad ing Rasyapustaka. Nanging uga ana adicara mlaku-mlaku menyang wisata sejarah kayata Candi Sukuh lan Dieng Wonosobo.

Pasartane ora tentu. Bisa welasan utawa puluhan saben kelas. Sing sinau menyang kana, miturut Rendra, saka ngendi-ngendi. Ana mahasiswa, dosen, guru, seniman, nganti pengusaha. Kadangkala pasartane ana sing saka sanjabane Jawa Tengah.

“Ana sing sinau jalaran kepengin ngetrepake karo pagaweyane. Nanging uga akeh sing melu sinau amarga mung kepenging ngerti babagan naskah Jawa,” kandhane Rendra, Rebo (16/1/2019).

Saksuwene iki, miturut Rendra, wis kababar 30 naskah Jawa ing kelas Sraddha Institute. Pancen ora sak naskah utuh, nanging mung fragmen tartamtu sing padha karo irah-irahane. Sing disinau akeh, wiwit saka basane, aksara, isine, lan sing wigati piwulang sing ana jerone naskah kasebut.

Rendra sakanca uga mbabar naskah Jawa Islam, Suluk Surakartan, saben dina Jemuah kaping papat ing Sukoharjo. Diadani dening Majelis Masyarakat Maiyah sing mbabar pemikirane Cak Nun. Ing kono kang disinau naskah sing ngandhut piwulang Islam, utawa carita nabi kayata Serat Ambya. Kajianne diadani kanthi cara sing beda-beda kadhangkala nganggo nembang.

“Pasartane akeh-akeh ya nom-noman. Kaya wingi ana Mas Iksan [penyanyi Iksan Skuter] mbabar lagu anyare Shankara. Nah iku banjur digandhengake karo ilmu musik, keislaman, lan kejawen. Sing melu akehe nom-noman,” kandhane.

Salah sawijining pasarta Sraddha Institute, Gema Isyak, nate sinau naskah Jawa bareng rombongan ing Kelas II, April 2017. Sakdurunge iku ing wulan Februari 2017 dheweke uga nyantrik bab Serat Suluk Ambathik marang Dosen Fakultas Ilmu Budaya (FIB) UGM, Manu Jayaatmaja dosen.

Sinaune diwiwiti saka ngenal basa Jawa Kuna, lan tata basane sing miturut dheweke angel banget. Sakliyane iku, uga nate sinau Naskah Tantri, Pararaton, lan Agasta Parwa.

Sing paling diugemi dening Isyak nganti tekan saiki yaiku Serat Suluk Ambathik. Dheweke ngetrepake materi bathik sing ana ing serat kasebut marang bathik tulis gaweyane.

“Amarga miturut panemuku serat iku manual book kanggo wong kang gawe bathik. Matur suwun sanget marang mbuh sapa pujangga sing ngripta Serat Suluk Ambathik,” kandhane nom-noman sing uga dadi penyanyi ing Grup Musik Soloensis iki.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya