SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kawruh Jiwa ditliti, dirintis lan dikrembakakake dening Ki Ageng Suryomentaram. Priyagung sing milih metu saka kraton lan urip ing madyaning bebrayan agung wong cilik iki sejatine pangeran saka Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, putra dalem Sri Sultan Hamengku Buwono VII, sing lair ing 20 Mei 1892 kanthi jeneng cilik Bendara Raden Mas (BRM) Kudiarmaji.

Miturut andharane Ki Prasetyo Atmosutidjo, tetindhihe siswa Kawruh Jiwa Yogyakarta, ing tulisane asesirah Kebahagiaan Bersama dalam Pandangan Kawruh Jiwa, sing kamot ing buku Matahari dari Mataram, Menyelami Spiritualitas Jiwa Rasional Ki Ageng Suryomentaram, Suryomentaram ninggalake urip minangka priyagung, ninggalake gelar pangeran.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Suryomentaram banjur nganglang jagad, mrana-mrene, ngudi sejatining urip, mindeng lan nliti laku uripe, sinambi ngrembakakake ilmu babagan jiwa manungsa sing sabanjure kaimpun ing Kawruh Jiwa, ilmu babagan jiwa manungsa.

Kawruh Jiwa kuwi ilmu babagan jiwa. Jiwa ora kasatmata nanging diakoni lan  bisa dirasakake. Suryomentaram uga nyebut Kawruh Jiwa minangka ilmu rasa utawa kawruh raos. Kawruh Jiwa dudu agama, uga dudu kapitayan marang sawijining daya adiluwih utawa adikuwasa.

Kawruh Jiwa dudu wulangan bab ala-apik, dede wulangan sae-awon. Nalika sinau Kawruh Jiwa ora ana kuwajiban kudu nglakoni utawa nyirik, dede lelampahan utawi sirikan. Sinau Kawruh Jiwa ateges meruhi jiwa lan sawateg-watege. Kanthi sinau Kawruh Jiwa kaajab wong bisa urip jujur, tulus, tatag, tentrem, kebak rasa sih marang pepadha, bisa urip bebarengan wong liya lan lingkungan.

Kahanan kaya mangkono mau bakal nglantarake manungsa ing kabagyan sejati, ora gumantung papan, wektu lan kahanan. Sari pathi Kawruh Jiwa yakuwi mangerteni dhiri pribadi kanthi bener, pener lan jujur, minangka pancadan mangerteni wong liya lan alam lingkungan.

Ing Kawruh Jiwa, Suryomentaram mbabar andharan gegayutan karep lan mulur-mungkret, karep lan bungah-susah, kramdangsa (ciri saben wong sing sarwa beda), getun-sumelang, meri-pambegan, rumangsa bener, semat-drajat-kramat, kandha-takon lan gagasan.

Nanik Prihartanti, dosen ing Universitas Muhammadiyah Surakarta (UMS), tau nliti warisan Ki Ageng Suryomentaram kang kaimpun ing Kawruh Jiwa. Panaliten kuwi ubarampe ngracik disertasi kanthi irah-irahan Kualitas Kepribadian Ditinjau dari Konsep Rasa Suryomentaram dalam Perspektif Psikologi.

Disertasi bab Kawruh Jiwa kuwi dibabar ing sangarepe Sidang Senat Universitas Gadjah Mada, 21 Juli 2003. Ringkesan disertasi kuwi kababar ing buku asesirah Kepribadian Sehat Menurut Konsep Suryomentaram, 204, weton Muhammadiyah University Press.

Ing buku kuwi kaandharake lamun kapribaden manungsa tanpa ciri kang sehat bagya mulya bisa digambarake minangka kapribaden kang teteg, tansah duwe pangarep-arep becik, duwe daya nggayuh urip kang luwih apik lan tansah duwe rasa sih marang pepadha. Manungsa tanpa ciri kuwi ora liya manungsa kang ngrasuk lan nindakake Kawruh Jiwa Suryomentaram.

Kawruh Jiwa tansah nengenake rasa kang ora kasatmata. Sing dadi pitakonan, llandhesan rasa luhur kasebut apa isih tetep digatekake nalika ngoyak semat, drajat lan kramat ing urip lan panguripan titi wanci pungkasan iki?

Miturut Ki Prasetyo Atmosutidjo, ya ing titi wanci pungkasan kudune Kawruh Jiwa didhudhah maneh, disinau maneh lan dikrembakakake ing madyaning bebrayan agung kanggo ngawekani kahanan urip lan panguripan jaman saiki kang nuwuhake karusakan (saperangan manungsa kelangan rasa sih lan ora bisa urip salaras kalawan lingkungan), urip susah (korupsi mratah ndadekake negara bubrah lan wong kesrakat sansaya kesrakat) lan kahanan bebrayan agung kang ora tentrem.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya