SOLOPOS.COM - REMBUG SASTRA -Sastrawan Sapardi Djoko Damono (kiwa) dan Waluyo DS (tengen). JIBI/SOLOPOS/Sunaryo Haryo Bayu

REMBUG SASTRA -Sastrawan Sapardi Djoko Damono (kiwa) dan Waluyo DS (tengen). JIBI/SOLOPOS/Sunaryo Haryo Bayu

Nulis iku apa anane wae. Ora usah nggagas omongane wong liya. Nulis iku uga kudu diupayakake kanthi jujur lan gampang dimangerteni wong liya.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Mangkono dudutan kang bisa dijupuk saka adicara Rembug Sastra Bareng Sapardi Djoko Damono lan Waluya DS kang digelar ing Balai Soedjatmoko Solo, Selasa (17/1/2012).

Jroning adicara iku, sawetara pambedhah karya, kayata Lasinta Ari Nendra lan Syamrotun Fuadiyah, ngrasakake karya kumpulan sajak Waluya DS, Ketika Kutatap Matamu, minangka lakuning uripe panulise. Ing ukara liya kaya dene napak tilas crita uripe Waluya, kepriye critane nalika andum tresna marang bojo lan anak-anake.

Ukara-ukara kang digunakake ya gampang dimangerteni lan bisa nandhes ing ati pamacane. Yakuwi kang diarani tulisan kang apa anane. Nanging kang prelu digatekake, sanajan nggunakake ukara-ukara lan rerangkene tembung kang prasaja lan apa anane, nanging makna critane tetep bisa tandhes.

Dene Sapardi Djoko Damono kang saiki yuswane wus 71 taun iku nandhesake manawa piyambake ajeg nyoba gawe karya kang jujur lan gampang dimangerteni pamaca. “Upamane nalika puisi ditulis, karya iku satemene wus dadi darbeking bebrayan,” ujare.

Dene miturut Purnawan Andra, pamicara liyane, Waluya DS bisa digambarake minangka tokoh Bima jroning urip padinane. “Kaya Bima kanthi kerja lan karyane, Waluya DS saguh lan bisa nindakake kuwajibane minangka wong lanang kanthi tanpa alesan. Tanggung jawab lan lila nindakake kuwajiban iku bisa gawe wong liya sadhar kanggo nggayuh slamet, tentrem, rukun lan eling,” pratelane.

Ing kalodhangan liya, Pengelola Balai Soedjatmoko Solo, Yunanto Sutyastomo, ngajab sastrawan kondhang kang teka ing papan iku bisa nambah greget lan semangate para panulis mudha ing Kutha Solo lan sakiwa-tengene, mligine para sutresna sastra.

“Saliyane bisa nuwuhake wawasan anyar ngenani sastra, watake Sapardi Djoko Damono lan Waluyo DS kang prasaja, lembah manah, waskitha, iku uga kena kanggo conto. Apa maneh karya-karyane ya ora ana sing elek. Ing tembe mburi, Balai Soedjatmoko bakal nekakake sastrawan kondhang liyane kanggo ngedum pengalaman lan wawasane,” ujare.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya