SOLOPOS.COM - MBABAR GENDHING--Seniman saka pepanthan karawitan Sekar Laras mbabar sawijining gendhing jroning adicara Klenengan Selasa Legen ing Balai Soedjatmoko Solo, Senen (6/2/2012). JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

MBABAR GENDHING--Seniman saka pepanthan karawitan Sekar Laras mbabar sawijining gendhing jroning adicara Klenengan Selasa Legen ing Balai Soedjatmoko Solo, Senen (6/2/2012). JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Sawijining warga katon marem ngedhapi kacang godhog kang diwadhahi piring ing ngarepe. Sinambi lesehan, wong iku kadhang kala ngematake sawetara seniman kang lagi mbabar gendhing Jawi ing sisih loro, sajrone Balai Soedjatmoko Solo.
Senen (6/2/2012) wengi kuwi, Klenengan Selasa Legen ana maneh. Kaya adate, Balai Soedjatmoko uga dikebaki para sutresna karawitan saka tlatah ngendi-endi, kalebu Krisna, priya mudha saka Solo lan uga sawetara warga manca kang kapilut endahe irama karawitan kang dibabar dening pepanthan karawitan Sekar Laras saka Kauman, Solo.
Swasana wengi kuwi pancen laras banget. Saliyane kasuguh gendhing-gendhing saka tembang dolanan, para sutresna karawitan wus ngrasakke pasamuwan wengi ing adicara Klenengan Selasa Legen kaya dene kulawargane dhewe. Kabeh padha andum suka lan ngraketake pasrawungane, sinambi nyaut kacang godhog, tela godhog utawa gedhang godhog.
Swasana tambah laras nalika sasuwene ngisi adicara, Pepanthan Karawitan Sekar Laras akeh mbabar tembang dolanan kaya Kupu Kuwi, Menthog-menthog lan Ngundhuh Layangan.
“Kita pancen milih tembang dolanan amarga gampang disinau lan kapenak kanggo gladhen. Saliyane iku, kita uga kepengin nglestarekake tembang dolanan kang saiki wus arang banget dilagokake deningf bocah,” ujare pelatih Sekar Laras, Sigit Hermono.
Karawitan Sekar Laras iki wus madeg wiwit taun 2010 ing dhaerah Kauman, Solo. Kauman minangka dhaerah industri bathik lan cagar budaya ing Kutha Solo. Sawetara wangunan ing Kauman ngandhut sujarah mirunggan jroning laku sujarah Kutha Solo. Salah sijine yaiku Cakra Homestay.
“Papan iki kerep dadi jujugane warga manca nagara. Kanggo nambah swasana, pehak Cakra Homestay banjur ngajak warga mbentuk pepanthan karawitan kang dijenengi Sekar Laras, kang ateges kembang larasing urip. Karawitan Sekar Laras duwe jadwal ajeg ing Cakra Homestay saben dina Selasa lan Jemuwah wengi,” ujare Pengelola Balai Soedjatmoko, Yunanto Sutyastomo.

Promosi Semarang (Kaline) Banjir, Saat Alam Mulai Bosan Bersahabat

 

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya