SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (28/2/2019) menika kapacak bab basa Jawa.

Solopos.com, SOLO — Para muda kerep dianggep ora seneng sinau Basa Jawa. Nanging saknyatane akeh nom-noman sing seneng ajar lan ngugemi kabudayan Jawa.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Contone, murid SD Muhammadiyah Program Khusus (PK) Solo, Arkanda Nendra, 10, lan Aji Muhammad Raihan, 10, contone. Sanadyan nembe ngerti aksara Jawa nalika mlebu SD, bocah loro kuwi langsung seneng marang Basa Jawa.

Nalika ngudarasa kalawan , Selasa (26/2/2019), Arkanda ngandharake paling seneng yen diajak mbabar dongeng Basa Jawa. Dheweke langsung anteng banget ngrungokake apa sing dicritakake dening gurune ing ngarep kelas.

Semana uga yen diajari bab unggah ungguh lan aksara Jawa. Nganti tekan saiki pancen durung wasis, nanging dheweke seneng ajar Basa Jawa. Kayata ajar Basa Indonesia, Arab, lan Inggris.

Beda meneh karo Aji. Dheweke paling seneng yen diajari nembang Jawa. Ana sawetara tembang sing wis diapali dening putu dhalang lan anak pesinden iki. Kayata dangdanggula, gambuh, lan liyane.

Sakliyane iku, Aji uga seneng sinau bab aksara Jawa lan unggah-ungguh basa. Yen kangelan ing sekolahan, dheweke kerep njaluk tulung simbah lan ibune sing dianggep luwih pinter. “Seneng wae yen ngrungokake tembang. Aku paling seneng bab kuwi,” kandhane.

Semana uga, salah sawijining murid ing SMA Negeri 5 Solo, Cindy, seneng yen ndeleng materi Basa Jawa. Nanging embuh ngapa Basa Jawa iku rumangsane luwih angel ketimbang liyane.

Apameneh yen dikongkon nulis aksara Jawa. Cindy nganti judheg, wis sinau suwe ya kasile tetep wae ora kaya bab liyane kayata Basa Indonesia, utawa Basa Inggris.

Awit saka  iku para guru kudu ngajari bocah-bocah kanthi cara sing beda. Aja dipadakne kalawan mata pelajaran iyane. Jalaran Basa Jawa iku pancen rada rumit kanggone nom-noman.

Wiwit saka basa, wujud tulisan, lan liya-liyane. “Ya aku asline seneng Mbak. Tapi rada kangelan sinaune piye aksara Jawa,” kandhane Cindy.

Sawijining ibu kang asale saka Bandung sing suwe manggon ing Solo, Maya Hikmah, ya ngrasakke apa sing diomongke Cindy. Dheweke seneng ndeleng wong sing fasih budaya Jawa. Nanging angel yen pengin melu-melu sinau.

Sanadyan mengkono dheweke kerep ngakon anak-anake sregep sinau Basa Jawa. Maya nduwe panemu nom-noman kudu melu ngleluri Budaya Jawa.

“Ya anak-anakku tak kon sinau sing bener. Takon guru utawa wong liya sing luwih ngerti. Yen takon aku pancen aku ora ngerti amarga asline dudu wong Solo. Nanging aku sarujuk dene ngleluri budaya Jawa iku wigati banget,” kandhane. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya