SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (6/12/2018) menika kapacak bab Seni Tradhisi.

Solopos.com, SOLO — Tari anyar sing diripta dening nom-noman saka Banyumas, Otniel Tasman, kanthi irah-irahan No See He or It disenengi pandhemen kesenian saka nagara manca. Ing taun 2017, tari iku digelar nganti ping pindho ing Belgia. Pentase disengkuyung penari cacah lima nganti enem lanang lan wadon. Sandhangan pentase mung nganggo kain sarwa ireng.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Yen dideleng saklebetan ora ana sing nyana tari iku kajupuk saka Tari Lengger, nanging wose obahing tari Lengger isih ana. Nalika pentas ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) sawetara wektu kepungkur, sing dadi tandha yen iku kajupuk saka tari tradhisi yaiku iringan musik rebab lan swara sindhen khas Banyumas.

Otniel wawan rembug karo , Selasa (4/12/2018) mbengi, ngandharake tarian iku pancen ora murni kajupuk saka Lengger. Nanging tari iku adhedasar tari Lengger lan nut panemune penari Lengger senior ing Banyumas, Dariyah. Tari sing irah-irahane nganggo basa Inggris iku maksude mbabar babagan isu gender sing ana ing obahing tari Lengger.

Nalika dipentaske ing Belgia, Otniel ngandharake akeh sing takok babagan isu gender sing ana ing Lengger. Banjur dadi bab rembugan sing gayeng ing kana. “Kanggoku, saben tarian sing diripta iku wajib ngandhut telung prekara, yaiku entertainment [tontonan], idealisme, lan heritage [nguri-uri budaya],” kandhane.

Ora kaget yen beksan-beksan modheren sing diripta Otniel mesti ana gandheng rakete karo tari tradhisional. Sakdurunge iku, dheweke uga nggawe tari sing wujude kaya Lengger yaiku Lengger Laut. Tari Lengger Laut uga tau dipentaske ing nagara manca.

Otniel Tasman ngandharake ing jaman saiki pancen angel. Nom-noman kudu bisa nguri-uri kabudayan nganggo carane dhewe-dhewe. Sing penari ya kanthi cara ngripta tari anyar sing adhedhasar tradhisi, dene mudha mudhi ing bidhang liya ya kudu mengkana.

“Ya, piye carane maknani kesenian tradhisi dadi garapan saiki supaya bisa ditampa. Sing diconto bisa bab-bab wigati sing kakandhut, utawa ngrembakaake gerak tari tradhisi,” kandhane.

Kupiya ngleluri budaya tradhisi ing jaman modheren uga ditrepake ing pentas wayang lan kesenian liyane. Kayata pentas Wayang Kautaman lakon Sotya Gandhewa ing Gedung Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Jumat (6/10/2018). Ora kaya biasane, kelir wayang wong, utawa background-ne mung nganggo kain putih. Banjur disorot lampu-lampu lan migunakake teknologi multimedia sing digarap dening tim artistik saka Jakarta. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya