Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (6/12/2018) menika kapacak bab Seni Tradhisi.
Solopos.com, SOLO — Tari anyar sing diripta dening nom-noman saka Banyumas, Otniel Tasman, kanthi irah-irahan No See He or It disenengi pandhemen kesenian saka nagara manca. Ing taun 2017, tari iku digelar nganti ping pindho ing Belgia. Pentase disengkuyung penari cacah lima nganti enem lanang lan wadon. Sandhangan pentase mung nganggo kain sarwa ireng.
Yen dideleng saklebetan ora ana sing nyana tari iku kajupuk saka Tari Lengger, nanging wose obahing tari Lengger isih ana. Nalika pentas ing Teater Arena Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) sawetara wektu kepungkur, sing dadi tandha yen iku kajupuk saka tari tradhisi yaiku iringan musik rebab lan swara sindhen khas Banyumas.
Otniel wawan rembug karo