SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Wiwit taun 1985, saben tanggal 9 Februari, Hari Pers Nasional dipengeti para tokoh pers lan pejabat nagara. Tanggal 9 Februari pancen wus dikukuhke minangka Hari Pers Nasional kanthi Keputusan Presiden Nomor 5 Tahun 1985. Satemene tanggal 9 Februari iki dadi dina laire Persatuan Wartawan Indonesia (PWI), kang madeg taun 1946 ing Solo. Embuh apa landhesane Presiden Soeharto rikala semana ngukuhake dina laire PWI minangka Hari Pers Nasional.

Nanging tanpa ngrembug bab iku, nalika ngungak sujarah pers ing Kutha Solo, bebasan kaya nggelar karpet dawa. Jaman mbiyen, sujarahe Kutha Solo iku diarani kutha literasi amarga akeh banget kalawarti utawa ariwarti kang ana ing kutha iki. Saliyane iku, uga diregengake kegiyatan panulisan lan babaran serat-serat.

Promosi Tragedi Bintaro 1987, Musibah Memilukan yang Memicu Proyek Rel Ganda 2 Dekade

Miturut sejarawan mudha, Heri Priyatmoko, saka akehe jeneng media massa, kang pisanan nggunakake basa lan aksara Jawa yaiku Bromartani (1855-1856). Uripe amung setaun jalaran kena delik pers. Koran iki babaran saben dina Kemis, lan kantore mapan ing dhaerah Kebonan, Sriwedari.

“Dadi dak kira, suplemen Jagad Jawa SOLOPOS kang aruh-aruh marang paramaos saben dina Kemis iku, ngelingake kita marang crita sujarah pers Bromartani kang wus dadi legenda iku. Jroning bab iki, bisa diarani mbaleni sujarah lan iki bisa dadi alesan sujarah kenapa Jagad Jawa dibabar saben Kemis, kenapa ora dina liyane,” pratelane mahasiswa S2 UGM iki, Selasa (7/2).

Data sujarah uga nyebutake koran liya kang nggunakake basa Jawa ing antarane, Djurumartani (1870-1932) kang dipandhegani dening CF Winter, sawijining juru basa karaton kang kondhang; Jawa Kandha (1891-1919), Jawi Hiswara (1891-1919) kang dibakohake karo pujangga Padmosusastra, lan Darmo Kondo (1913) kang dibabar kanthi basa Jawa lan Melayu.

Manawa didhudhah saka bathi-rugine, maneka warna jinis koran ing Solo jaman semana pancen ora prelu saingan abot, amarga kabeh wus duwe paramaos lan sutresnane dhewe-dhewe. Upamane koran Ik Po kang dadi korane Tionghoa, lan De Niewe Vorstelanden korane golongan Walanda. Nalika sepuluh taun pisanan ing abad XX, kalawarti abasa Jawa sansaya antuk kalungguhan jalaran ing Solo lagi kena virus kemajuan, salah sijine yaiku program Mbrastha Woeta Sastra kang dilakoni dening praja Mangkunegaran nganti dhaerah pelosok Surakarta kayata Wonogiri. Program iki tamtu anjalari oplah utawa paeamaos koran abahasa Jawa dadi mundhak akeh, jalaran akeh warga kang dadi melek aksara Jawa.

“Amarga kuwi, dak kira, koran abasa Jawa bisa bangkrut ing Solo jalaran alesan carane nata lan ngubengake ragat ora pati apik lan uga ana kang bangkrut amarga kena delik pers,” tandhese.

Jaman mbiyen, ana satusan luwih jeneng Koran utawa medhia cithak ing Solo, lan udakara 40 persen nggunakake basa Jawa. Emane, kabeh nemoni nasib sing kurang becik, ora bisa dawa umure kanggo ngancani paramaos jalaran kena delik pers amarga nyaruwe pamarentah kolonial lan manajemen perusahaan kang ruwet. Lagi ngrasuk mangsa pertengahan abad XX, koran abasa Jawa iki ngadhepi tantangan anyar yaiku nggunakake basa Indonesia dening masarakat kang sansaya tambah kuwat. Faktor iki cethane ngaruh marang kalungguhane Koran kasebut. Apa maneh detik iku semangat nasionalisme bangsa dibangun saka basa Indonesia, dudu basa Jawa. Paramaos sansaya duwe pilihan akeh kanggo maca koran saliyane Koran abasa Jawa.

Ing jaman saiki kudu diakoni, suplemen basa Jawa kang dibabar seminggu sepisan durung dadi unggulan perusahaan utawa kurang bisa milut pamaos kanthi akeh. Akeh pamaos kang sadrema nostalgia, nambani kangen, amarga basa Jawa iku gawe ayem jroning ati saliyane alesan nglestarekake kabudayan asli kasebut. Nanging nginguk golongan pamaos mudha pancen kurang grengsenge kanggo maca suplemen basa Jawa kanthi niyate dhewe, dudu amarga kajibah saka gurune utawa dipeksa kulawargane. Bab iki nuduhake manawa suplemen basa Jawa durung ngrasuk jroning sakabehe masarakat Jawa. Kaya-kaya suplemen iki duweni daya tahan, nanging angel ngrembaka.

“Nanging kang patut diajeni yaiku sikep bisa tahan iki minangka wuju kapreduliane koran marang kabudayan Jawa kang prelu dilestarekake. Sebab ngandhut piwulang akeh kang bisa didadekake gondhelan urip lan jati dhiri lokal. Babarane koran abasa Jawa iki nguwatake gambarane kutha minangka pehak kang duweni labuh labet marang upaya nglestarekake budaya Jawa, sarta aweh kalodhangan marang sutresna budaya lokal kang kebak pitutur luhur minangka lelandhesaning urip,” ujare Heri.

Ing kalodhangan iku, Heri mratelakake ing Perpustakaan Nasional, akeh koran abasa Jawa kang kerep ngangkat budaya Jawa, saliyane prakara pulitik lan ukum ing dhaerah Vorstenlanden (wewengkone karaton). Ragam budaya Jawa iku pancen jembar, kayata basa, piwulang, tradhisi, sistem religi lan liya-liyane. Mula lumrah manawa koran jaman mbieyn aweh kalungguhan kang wigati marang budaya Jawa, amarga ngelingi ana rong karaton ing tanah Surakarta, yaiku Kasunanan dan Mangkunegaran, kang siji-sijine duwe kiprah sarta minangka keblate masarakat Jawa utawa kanggo nandhesake Solo minangka punjering kabudayan Jawa.

“Koran bisa kanggo alat legitimasi lan nyebar pawarta ngenani budaya Jawa miturut keraton marang bebrayan agung saengga kabudayan iku diarani masarakat minangka tradhisi gedhe, kang mbedakake karo tradhisi cilik yaiku kabudayane wong cilik, kang urip ing padesan,” ujare.

Upamane koran Darmo Kondo jaman Paku Buwana X tau ngamot njlimete basa Jawa, yaiku tembung kuburan. Tembung iki ana padhanane, lan dinggo miturut tingkat kelas social-e, yaiku keramat, kuburan, makam, astana, pasareyan lan jaratan.

“Ora maido, koran duweni jasa gedhe marang ngrembakane kabudayan Jawa ing karaton kang adiluhung. Kasunyatan sujarah nuduhake manawa Surakarta lan Ngayogjakarta iku kutha kembar kang dadi punjering kabudayan Jawa. Karaton Kasunanan lan Kasultanan padha-padha aweh kawigaten marang kabudayan, yaiku ngrembakakake tata susila, basal an kasusastran kang alus banget. Sabanjure, carane mbentuk warisan budaya Jawa iki sansaya mapan sawuse kalawarti abasa Jawa wiwit ana,” tandhese Heri.

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya