Jagad-jawa
Jumat, 10 Februari 2012 - 15:09 WIB

KALAWARTI: Maca Koran Abasa Jawa, Rasane Luwih Menep

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Kalawarti basa Jawa wus dadi salah sijine cagak budaya Jawa. Tanpa medhia, mokal budaya Jawa bisa mapan nganti saiki, sebab warga bebrayan butuh sarana kanggo nerusake uneg-unege, pamikirane lan kanggo ngakoni jati dhirine minangka wong Jawa.

Supaya diakoni minangka manungsa Jawa, mula prelu nyinau kabudayan Jawa kayata basa, sanepan lan trapsila. Kabeh bab iki ya wus akeh dibabar dening kalawarti utawa ariwarti saengga satemene masarakat bisa kanthi gampang ngudi kawruh kanthi maca suplemen basa Jawa utawa kalawarti basa Jawa.

Advertisement

“Ing sawetara kalodhangan, suplemen Jagad Jawa SOLOPOS upamane. Ora sithik pamerti basa Jawa kang amung tuku koran SOLOPOS pendhak dina Kemis wae. Alesane supaya bisa maca Jagad Jawa. Iki nandhesake manawa koran iku dadi cagak budaya Jawa kang wigati,” pratelane salah sijine warga Karanganyar, Kurniawati, marang Espos, Rebo (8/2).

Ing papan liya, Prabowo, warga Solo, nandhesake dheweke ajeg tuku koran sing ngamot suplemen abasa Jawa amarga kepengin ngerteni crita cekak kang kamot ing kalodhangan iku. Dheweke pancen dadi salah sijine pandhemen crita cekak. “Kanthi maca crita cekak, atine dadi katrem lan seneng. Crita-crita cekak sing kababar iku biyasane kebak piwulang, pengalaman urip, utawa lelakon urip, kang bisa kanggo tuladha. Saliyane iku bisa kanggo nggumregahke daya lan semangat nulis crita,” ujare.

Dene miturut tokoh pers Solo, Ichwan Dardiri, Kutha Solo iku tau dadi kuburan koran, kalebu koran abasa Jawa. Nalika taun 1970-an mbiyen, jarene, ana kalawarti Parikesit lan duwe papan kanggo nyithak dhewe. Nanging emane, ora nganti 10 taun, Parikesit wis kukut. Kamangka kalawarti iku kebak pawarta basa Jawa, ngamot piwulang budaya, wayang lan pawarta umum kanthi basa Jawa. “Aku dhewe ora pati ngerti, kenapa Parikesit ora bisa awet suwe. Nanging nalika ngelingi Kutha Solo minangka punjering budaya Jawa, kudune budaya tulis uga ngrembaka kanthi apik. Kalebu koran abasa Jawa. Ndhisik pancen ana, banjur suda lan wusanane mati. Bisa wae amarga ora kuwat nombok modhal terus,” pratelane Dardiri, kang uga tilas Pangarsa Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) Solo iki, nalika disowani ing daleme ing Danukusuman, Solo, Senen (6/2).

Advertisement

Nanging nalika ana Jagad Jawa ing njero koran SOLOPOS, miturut piyambake, kaya-kaya bisa nggugah lan nggumregahke watak lan jati dhirine wong Jawa. Jarene tilas Pemimpin Redaksi Adil iki, Jagad Jawa minangka suplemen abasa Jawa isine kagolong komplet lan pepak. Ana crita-crita, ngandhut unggah-ungguh, memetri aksara Jawa, crita wayang, lan sapanunggalane.

“Ing Solo, bab iki banget diprelokake, saupama kepengin ngarahke masarakate supaya ali marang watak lan jati dhirine wong Jawa kang lelandhesan budaya Jawa. Dudu ing feodal-e, nanging ing pasrawungane. Saiki ya wus akeh stasiun TV kang nggunakake basa Jawa kanggo mincing supaya wong Solo bali menyang Jawane. Kudune, basa Jawa tulis samesthine luwih akeh pandhemene. Amarga, nalika maca koran abasa Jawa, tumrap wong Jawa, rasane luwih menep. Ana sentuhan rohani-ne,” tandhese.

Jaman mbiyen, sawetara kalawarti basa Jawa pancen nggunakake basa-basa sastra kang ndakik-ndakik. Nanging ing jaman modheren iki, rata-rata padha nggunakake basa Jawa gagrak anyar kang komunikatif utawa gampang dimangerteni lan sipate uga luwih luwes. Dadine pandhemen ya akeh.

Advertisement

 

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

 

Advertisement
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif