SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (20/12/2018) menika kapacak bab Budaya.

Solopos.com, SOLO — Kongres Kebudayaan Indonesia (KKI) 2018 diwiwiti saka rapat dhaerah, banjur diterusake ing Kantor Pusat Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud).

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Pimpinan ing pepanthan Dewan Kesenian Solo (DKS) Bambang Irawan dadi salah sawijining kang rawuh ing kongres ing dhaerah lan pusat.

Ekspedisi Mudik 2024

Nalika diwawancara dening wartawan, Bambang Irawan ngandharake dheweke sumadya nyengkuyung program pamarentah ing bab kabudayan, salah sijine yaiku KKI 2018. Dheweke ngandharake kongres iku minangka asil elaborasi pakar-pakar kabudayan sing ana ing Nuswantara.

“Malahan seneng entuk pamrayoga lan wawasan kanggo sumrambyahe kabudayan,” kandhane Bambang, Minggu (9/12/2018).

Sing luwih penting meneh yaiku bab dana. Dheweke nduweni pangajab resolusi KKI uga ngatur babagan dana kabudayan. Saengga jatah anggaran kesenian ing dhaerah-dhaerah luwih jelas.

“Soale iku [bab anggaran] prelu kanggone dhaerah. Kudu ana aturan sing baku babagan anggaran utawa dana kanggo kemajuwaning kabudayan ing dhaerah,” kandhane.

Bambang Irawan banjur crita pengalamane mimpin DKS. Sadurunge gabung karo Disbudpar ora ana anggaran khusus kanggo DKS. Awit saka iku dheweke nduweni pangajab para pimpinan ing Kemendikbud menehi anggaran dana kabudayan marang dhaerah.

Nanging dana sing iku uga kudu dibarengi sistem sing jelas saengga dhuwite bener-bener diblanjakake kanggo kepentingan kabudayan. Ing wulan Oktober wingi DKS nglumpukake atusan sanggar lan pepanthan kesenian ing adicara diskusi lan workshop ing Fave Hotel Jl. Adisucipto Solo.

Sekretaris DKS Teguh Prihadi ngandharake cacahe pepanthan seni ing Solo ana 250-an luwih. Nanging mung 120 sing greged, wiwit saka seni tradhisi nganti modheren tari, musik, lan lukis.

Adicara iku diadani kanggo ngetung cacahe pepanthan sing isih duwe greged banjur dikon dhaftar supaya antuk Surat Keterangan Terdaftar (SKT). Surat iku prelu banget kanggo pamarentah yen arep menehi dana kegiyatan. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya