SOLOPOS.COM - Iqbal Wahyu Purwito (JIBI/SOLOPOS/ist)

Iqbal Wahyu Purwito, pengurus Paguyuban Metri Budaya Jawa Melathi Surakarta (JIBI/SOLOPOS/ist)

Patrap tiyang jejodhowan ing jaman rumiyin kaliyan sakmenika tebih sanget bentenipun. Ing kinanipun, wonten sawetawis tataran lampah-lampah tinamtu ingkang tansah dipunugemi masarakat Jawi. Rikala semanten pasrawungan antawisipun jaler lan estri taksih kawengku sakathahing pranatan kasusilan sarta budaya ingkang taksih dipunjunjung. Mboten mokal lare jaler lan lare estri ingkang badhe sesemahan kepara dereng sami tepang.

Promosi Antara Tragedi Kanjuruhan dan Hillsborough: Indonesia Susah Belajar

Nalika nglamar, limrahipun panglamar katindakaken lumantar utusan ingkang kinanthenan sawetawis sedherek utawi kadang saprelu hanyekseni atur panembung. Reroncen atur panembung miwah serat panglamar nedahaken bilih budaya Jawi sanget anggenipun ngurmati hak-hakipun tiyang sanes, ugi sipat legawa nalika dereng sedyaning panglamar dereng saged kasembadan utawi dipuntulak.

Tataran salajengipun, tiyang sepuhipun lare estri lajeng pirembagan kaliyan kulawarga, kalebet lare estri ingkang badhe hanglampahi. Sasampunipun netepaken nampi panglamaripun pehak lare jaler, ing sanes wekdal tiyang sepuhipun lare estri gantos mertamu. Ancasipun saprelu atur pawangsulan panglamar, kanthi atur lesan sinartan nawala. Anggenipun nindakaken saged lumantar wakil, ugi saged tiyang sepuhipun lare estri piyambak. Ing atur pawangsulan ugi kapratelakaken ancer-ancer wekdal menggah badhe kawontenaken paningset.

Tumrap pehak tiyang sepuhipun lare jaler, sasampunipun nampi pawangsulan bilih panglamaripun katampi, enggal-enggal satata netepaken mbenjing menapa tatacara paningset badhe kawontenaken. Paningset menika minangka haningseti gumolonging rembag ingkang sampun gumathok tumrap ingkang sami badhe bebesanan. Ing tataran paningset sampun sinartan ubarampe awujud bakuning paningset, abon-abon lan pangiring. Bakuning paningset arupi sesupe, setagen, slindur, kemben lan sinjang. Abon-abon wujudipun jeram gulung, sekul golong, tebu wulung sarta pisang ayu-suruh ayu. Dene pangiring arupi barang-barang kados raja-kaya, sandhangan, mas-masan, redana lan sanesipun.

Sasampunipun tataran lampah menika, nuli patrap ijab, panggih sarta mangun suka utawi resepsi. Menawi dipunjangkepi, sasampuni gangsal dinten anggenipun panggih kawontenaken sepasaran, utawi bilih tiyang sepuhipun lare jaler badhe mujudaken raos suka-sukur saged kawontenaken ngundhuh mantu.

Tataran lampah-lampah ing patrap jejodhowan miturut budaya Jawi ingkang kados mekaten tamtunipun ketingal njlimet tumrap lare ing jaman sakmenika. Sanajan mekaten, patrap jejodhowan miturut budaya kalawau yektinipun ngandhut piwulang luhur. Ing antawisipun babagan sesrawungan antawisipun lare jaler lan lare estri ingkang dereng sesemahan, ingkang ing jaman sakmenika sampun terang-terangan anggenipun runtang-runtung tebih saking pranatan kasusilan, budaya, langkung malih ing paugeran agami. Patrap jejodhowan ing jaman kina ugi ngandhut piwulang bektinipun lare ingkang tansah ngurmati tiyang sepuhipun nalika lare kalawau kepingin badhe sesemahan. Dene kawontenan ing jaman modheren kathah lare sami damel rencana piyambak, kadosta nemtokaken mbenjing menapa badhe sesemahan.

Pilihan wekdal tinamtu kalawau dipunanggep sae miturut lare. Contonipun damel rancangan wekdal panglamar ing tanggal 9 Oktober 2011 (menawi kaserat angka 9-10-11), lajeng paningsetan dipunwontenaken tanggal 11 Nopember 2011 (11-11-11), dene ijab lan resepsi tanggal 12 Desember 2012 (12-12-12). Rancangan kalawau nuli kaaturaken ing ngarsanipun tiyang sepuh kekalih, malah sampun dipunjangkepi mawi urutan tatacara pahargyan, papan sarta atur lelangen panglipuripun. Eramipun, mboten sekedhik tiyang sepuh ing jaman sakmenika kepara bombong kaliyan kawontenan larenipun, pramila lajeng paring panyengkuyung kanthi tut wuri handayani.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya