Jawa-Tionghoa Wus Suwe Nyawiji ing Panganan

Solopos.com, SOLO -- Ing udyana ngrembug Kutha Solo lan panganan sing diadani dening Kota Kita, sawetara wektu kapungkur, mapan ing Rumah Banjarsari, Solo, ana dudutan panganan bisa kanggo tengara lan ndhudhah kabudayan sawijining tlatah, kayata Kutha Solo.

Panganan ing lumrah tinemu ing sawijining papan, upamane ing Kutha Solo, bisa didhudhah wiwit saka ubarampe kanggo gawe, sapa sing gawe, digawe ing ngendi, sapa sing adol, sapa sing tuku, dipangan wayah apa lumrahe, lan sapiturute.

Kabeh dhudhahan bab panganan kuwi anjoge bakal tekan ing kabudayan ing tlatah utawa kutha papan panganan kuwi. Lire, pangan ora mung wates barang sing enak dipangan lan maregi. Panganan mujudake asil laku budaya.

Ora nggumunake ing maneka papan, ing maneka negara, tinemu panganan sing yen didhudhah bakal ketemu oyot kabudayan saka maneka papan, saka maneka negara. Budaya mangan kuwi sawijining tata laku lan tapsiran kang kawujud ing laku mangan ing sawijining pabrayan agung.

Tata prilaku lan tapsiran kuwi merbawani tata cara lan tata krama mangan kang nyakup panan mangan lan piranti kanggo mangan. Ing pabrayan agung Jawa lan Tionghoa, laku mangan kuwi mligi gegayutan nyawijine kulawarga.

Ing artikel ilmiyah asesirah Pencampuran Budaya Cina, Jawa, dan Belanda pada Budaya Makanan Cina Peranakan karyane Devanny Gumulya, dosen ing Program Studi Desain Produk Universitas Pelita Harapan, Tangerang, ana andharan bab panganan tumrap warga Tionghoa.

Tumrap kulawarga Tionghoa mengan kuwi kanggo nyawijekake kulawarga, njaga wutuhe trah utawa suku, lan merbawani ekonomi kulawarga. Nalika mangan bareng sakulawarga, sikep sing enom marang wong tuwa nuduhake pangabektine anak marang wong tuwa. Anak utawa sing luwih enom ing kulawarga kudu ngladekake panganan marang wong tuwa utawa sedulur sing luwih tuwa.

Simbol pangabekti nalika mangan bareng sakulawarga kuwi ora mung mandheg ing kono, nanging uga tumuju marang arwah leluhur kang wus padha sumare. Yen didhudhah saka urusan sosial, panganan lan mangan kuwi merbawani wutuhe kahanan sosial.

Yen didhudhah saka urusan agama utawa kapitayan, panganan lan mangan kuwi sarana kanggo njaga sesambungan karo dewa-dewa lan arwah leluhur. Iki jan-jane ora beda adoh karo mangan lan panganan ing budaya Jawa. Ora nggumunake ing antarane budaya Jawa lan Tionghoa wus kawit maabad-abad kapungkur nyawiji ing panganan.

Ana sawetara jinis panganan ing Jawa kanga asale saka budaya  Tionghoa, kayata bakso, bakmi, lan bakpau. Tembung ”bak” dalam basa Hokkian tegese daging. Ana uga penganan saka Tionghoa sing diolah nggunakake bumbu Jawa lan wusana lumrah tinemu ing pabrayan agung Jawa, kayata cap cay, fu yung hai, siomay, kwetiau, lan sapiturute.

Wulandari, 24, lagi wae teka ing Solo saka dolan ing Kutha Jogja, sawetara dia kapungkur. Dheweke nggawa bakpia empuk sing werna-werna. Ana sing isi keju, soklat, lan selai. Saben dolan menyang Jogja dheweke mesti tuku bakpia.

Oleh-oleh sing kawentar yen dolan ing Jogja pancen bakpia. Ana Bakpia Patuk, Bakpia Kurnia Sari, lan liya-liyane. Ana artis saka Jakarta sing uga dodol bakpia kanthi jeneng Mamah ke Yogya.

Hla piye, yen menyang Jogja oleh-oleh sing enak dhewe ya bakpia. Rasane enak, gampang digawa,” kandhane.

Bakul bakpia pancen wis kaya jamur ing Jogja. Prasasat ing saben ratan ing Jogja ana sing adol bakpia. Ana sing regane murah, mung Rp15.000 sakerdhus, ana Rp25.000 sakerdhus, ada uga sing luwih saka Rp80.000 sakerdhus. Saking akehe, ana sing ngarani dene bakpia kuwi panganan mligi ing Joga. Pangan duweke pabrayan agung Kutha Jogja.

 

Rumangsa Handarbeni

Yen dirunut saka sujarah panganan, bakpia kuwi panganan sing asale saka budaya Tionghoa. Jeneng asline tou luk pia, saka basa Hokkian sing tegese roti pia utawa roti saka kacang ijo. Ing taun 1940-an sing gawe bakpia ya mung kulawarga Tionghoa, nanging suwe-suwe akeh wong Jawa melu gawe lan ngrembaka.

Ngrembakane bakpia ing Jogja kuwi ya ana sujarahe. Panaliti budaya Tionghoa-Jawa saka Jogja, Agni Malagina, sawetara wektu kapungkur, ngandharake bakpia sing saiki dadi oleh-oleh mligi saka Jogja kuwi campuran budaya Jawa lan Tionghoa. Bakpia iku asil srawung budaya ing Indonesia.

Miturut narasumbere Agni nalika ngadani panaliten ing Kampung Ketandan, Jogja, bakpia saka Tiongkok ora legi, rasane gurih semu asin. Bakpia saka Tiongkok isine dhele sing diuleg nganti alus banjur diwenehi uyah lan bawang.

Dhek tahun 1940-1950-an bakpia ngono kuwi laris banget. Sawise kuwi ana isu sing nyebar menawa bakpia kuwi haram, ngandhut babi. Banjur bakulan bakpia dadi sepi. Para bakul bakpia banjur ngracik krenah.

Banjur padha gawe bakpia modhel anyar sing rasane legi. Tujuwane supaya ora diarani ngandhut babi meneh. Rasane bakpia dijumbuhake karo ilate wong Jogja sing kondhang seneng panganan sing rasane legi. Saiki para pengusaha bakpia asin ya wis ora ana. Akeh-akehe bakpia legi sing didol.

”Yen dirunut saka papan asal usule, ing Tionkok kana dhek jaman semana ora ana tanduran tebu. Tebu ana ing tlatah sing adoh saka kutha gedhe. Ora nggumunake menawa ora ana bakpia legi sing asli saka Tiongkok,” pratelane Agni. Dheweke njlentrehake maneka rupa panganan saka Tiongkok sing wis lebur dadi siji karo budaya Jawa.

Panganan-panganan kuwi kayata kecap manis, mi ayam, bakso, nganti lontong capgomeh sing kerep disedhiyakake saben sawise pahargyan taun anyar Imlek. Lontong capgomeh iku genah asil srawung budaya Jawa lan Tionghoa. Isine lontong, juangan lodheh, sambel goreng, krupuk, lan abon sapi utawa srundeng.

”Sing genah samubarang sing teka kuwi mesthi ngupiya murih bisa slamet ing papan anyar, ngupiya murih bisa lebur karo kabudayan ing papan anyar. Budaya Tiongkok utawa Jawa padha-padha duweni daya pangribawa,” ujare Agni.

Miturut Agni, mi ayam ing Wonosari iku biyen bakule ya wong Tionghoa. Sekoteng Malang biyen sing bakul ya wong Tionghoa. Mangkono uga panganan liyane sing asale saka budaya Tionghoa. Dene jaman sabanjure nganti saiki sing dodolan panganan asil budaya Tionghoa kuwi umume ya wong Jawa.

Warga keturunan Tionghoa sing manggon ing cedhak Pasar Gede, Solo, lan sregep ngeblog, Halim Santoso, nalika diwawancarai Espos, Slasa, ngandharake nyawijine budaya Jawa lan Tionghoa kuwi dumadi kawit jaman biyen.

Jan-jane malah dadi aneh yen ing jaman saiki isih ana sing mbedak-mbedakake antara Jawa lan Tionghoa. Hla wong sing dilakoni saben dina ki ya padha wae. Sing beda antarane wong Jawa lan wong Tionghoa mung ing wujud laire.

Nalika mahargya taun anyar Imlek, ing altar pamujan umat Tridarma (Buddha, Taoisme, Konfusianisme) ana maneka panganan sing genah kuwi panganan asil srawung budaya Jawa lan Tionghoa. Panganan ing altar pamujan kuwi kayata roti kranjang, pisang raja, tebu, lan jeruk bali.

Panganan-panganan kuwi kudu ana ing meja altar. Sawise ngibadah, panganan kuwi dipangan bareng-bareng. Ing urip saben dina ing Kutha Solo, Halim ya mangan panganan asil budaya Tionghoa lan panganan asli Jawa. Dheweke ya seneng sega jangan, sego liwet, gudheg, lan liyane.

”Mangan mangsakan Tionghoa malah mung kadhang kala, yen ana adicara mligi. Sing daksenengi dhewe ya babi kecap,” kandhane Halim sinambi ngguyu. Agni ngandharake diplomasi kabudayan mawa panganan pancen luwih gampang. Panganan kuwi raket gandheng cenenge karo ilat lan weteng.

Yen ilat seneng, wetenge ya wis karep kabeh, genah bisa mlebu. Arepa panganan Jawa, Tiongkok, Jepang, Thailand lan liya-liyane yen mathuk karo ilat lan weteng ya mesthi mlebu. Saka panganan kuwi bisa ndudut rasa ketarik marang asal usule, bumbune, oyot kabudayane, lan liya-liyane.

”Banjur ana srawung kabudayan antarane siji lan sijine saengga rumangsa cedhak lan kabeh rumangsa handarbeni,” kandhane Halim.


Tulis Komentar Anda

Berita Terkini Lainnya






Kolom

Langganan Konten

Pasang Baliho