SOLOPOS.COM - Tundjung W Sutirto, Dhosen FSSR UNS Solo (FOTO/Dok)

Tundjung W Sutirto, Dhosen FSSR UNS Solo (FOTO/Dok)

Nalikanipun adat ingkang sampun lumampah ing karatondalem sesambetan kaliyan jamasan titihandalem saestunipun ngemu suraos reresik tumrap jiwa lan raga. Pramila kawastanan jamasan titihandalem minangka pakurmatan samudayanipun tumrap ingkang ketingal punapa dene ingkang mboten kawistara. Ingkang ketingal menika wujud bleger titihan lan ingkang mboten kawisatara punika wujud jiwa. Menawi mekaten jamasan titihandalem kalebet pakurmatan jiwa punapa dene raganipun.

Promosi Tragedi Bintaro 1987, Musibah Memilukan yang Memicu Proyek Rel Ganda 2 Dekade

Raganipun awujud titihan (kereta) wondene jiwanipun awujud panyuwunan murih titihan kalawau sak saget-sageta paring karahayon minangka sarana tindak tumuju ing papan ingkang pun angkah. Mekaten tuladhanipun ingkang dipunkandhut dening adat jamasan titihan salaminipun punika. Tuladha jamasan titihan ing wekdal sakpunika kapara taksih dipunlestantunaken tumrap titihan sanesipun mboten namung kereta kemawon. Kathah upacara purwaka lumampahipun wahana ing jaman samangke inggih nulad adat jamasan titihandalem.

Langkung lebet malih suraosipun jamasan saget merbawani tumrap dhiri pribadi manungsa murih reresik jiwa lan raga. Menawi jamasan titihan punika kaleksanakaken sepisan salaminipun setunggal warsa ananging jamasan tumrap raganipun manungsa kaleksanakaken saben dinten. Kados dene menawi titihan menika kajamas amrih resik lan saget merbawani menawi dipuntingali pramila semanten ugi tumrap raganipun manungsa. Kadosdene titihan menawi dipunjamasi mboten namung sarana toya saha sekaran ananging ugi ubarampe sanesipun kadosdene lisah jarak.

Ananging suraos becik ingkang kaandharaken dening tuntunan adat jamasan titihandalem dipuntampi klentu dening para kawula dasih. Kathah ingkang ngalab berkah toya wilasan jamasan ingkang dipunpitayani saget hamberkahi ing ngagesang. Wonten ingkang kagem mamasuh pasuryan, kaunjuk punapa dene kasimpen minangka jejimat. Ingkang mekaten punika saestunipun sesambetan kaliyan kapitayan turun tumurun bilih toya wilasan jamasan mitayani utawi migunani tumrap pagesangan. Sestunipun tumindak sadhengah tiyang ingkang kagungan kapitayan tumrap toya jamasan saget amberkahi ing samudayanipun kadereng pemanggih bilih titihandalem punika minangka pusaka ingkang kinurmatan.

Kamangka toya wilasan jamasan menawi kadulu saking wujudipun tetep toya ingkang mboten resik. Ananging bab kapitayan tamtunipun mboten mawas resik lan regeipun. Mbokbilih punika saking kabetha kaperbawanipun pusakadalem ingkang awujud titihandalem. Ingkang langkung prayogi menawi nulad piwucal sae ing salebetipun jamasan titihan mbokbilih sami kaliyan menawi kita minangka jalma menika nindakaken siram jamas.

Raga kita saestunipun minangka titihanipun jiwa utawi roh nalikanipun gesang ing bebrayan. Pramila wonten pangandikan menawi ing salebetipun raga ingkang sehat dumunung jiwa ingkang kiat. Werdinipun bilih saestu menawi raga kita dipunsesuceni kanthi siram jamas badhe njalari bagas lan saras tundhonipun damel jiwa kita tansah kiat lan pungkasanipun hamerbawani. Mliginipun menawi sesuci tumrap raga kalawau sinartan panyuwunan dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung mugi kaparingan jiwa ingkang suci lantaran raganipun inggih karuwat kanthi resik ing mangkenipun nuwuhaken kaperbawan.

Mboten benten kaliyan jamasan titihandalem utawi titihan sanesipun ingkang kadidene sesuci raga lan jiwa tumrapipun tiyang bebrayan. Mbokbilih menawi raganipun reget utawi suker mboten anjalari jiwa ingkang suci lan mboten merbawani. Pramila lelampahanipun kedah dipunjamasi utawi dipunruwat murih mboten ruwet utawi damel reribet.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya