Padha-Padha Mulangake Kabecikan

Pasarta Sanggar Pasinaon Pambiwara Keraton Solo gladhen ing Dalem Kayonan, Baluwarti, Pasar Kliwon, Solo, sawetara wektu kepungkur. Akeh Tionghoa kang nyinau budaya Jawa kaya dene pambiwara. (Solopos/M. Ferri Setiawan)
07 Februari 2019 08:15 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (7/2/2019) menika kapacak bab akulturasi budaya.

Solopos.com, SOLO -- Budaya Jawa lan budaya Tionghoa temene padha-padha ngandhut piwulang bab kabecikan. Awit saka iku wong Jawa lan peranakan Tionghoa ing Solo bisa urip bebarengan ing bebrayan agung. Apa meneh ing Kutha Solo sing kawentar minangka kutha budaya.

Dosen Filsafat Jawa lan Tionghoa ing Pascasarjana Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Oesman Arif, urun rembug babagan akulturasi budaya. Sesandhingane budaya Jawa sanjabane Jawa ing Kutha Solo wis ana wiwit puluhan taun kepungkur.

Wong asli Solo wis ora kaget marang kabudayan anyar kayata China, lan Arab. Bisa urip sesandhingan, ayem tentrem tanpa masalah. Sing nuwuhake rasa beda iku, kandhane Oesman, malahan wong anyaran sing ngenger ing Solo, utawa pendatang.

“Yen masarakat asli ya biyasa wae weruh Tionghoa, Arab lan sapiturue. Sing malah rumangsa beda kuwi ya pendatang,” tuture Oesman, Rebo (6/2/2019).

Yen diudhal saka dhasar kabudayane Tiongkok lan Jawa duwe piwulang sing padha yaiku bab aweh kabecikan marang wong liya. Oesman banjur kandha bab ajaran Konghucu. Piwulang Konghucu iku majibake nggawe seneng marang wong liya. Padha karo tepa selira ing masarakat jawa.

Oesman banjur negesake piwulang Jawa lan Konghucu iku adhedhasar rasa. Miturut konsep alamiah manungsa preduli marang kiwa tengene. Awit iku bisa nyawiji nalika urip bebarengan.

“Dhasare budaya alami, sinau saka alam lan kabudayan sing padha. Beda karo budaya Barat. Mula ya China lan Jawa gampang wae yen urip bebarengan,” kandhane.

Oesman menehi tuladha akulturasi budaya saka kaluargane. Miturut Oesman keluwarga besare akeh sing keturunan China lan asli Jawa. Nalika ana adicara-adicara kabudayan ya padha-padha disengkuyung bebarengan.

Kayata Imlek, kabeh melu seneng ngregengake pengetan Imlek sanadyan dudu wong Tionghoa. Semana uga nalika ana adicara kejawen kayata bancaan, ya kabeh melu-melu nyuwun dedonga mawa panganan kondangan.

“Yen aku biyen nalika isih cilik ya biyasa wae. Ora mikir keturunan Jawa, China, lan agamane apa. Lagi ing Orde Baru krasa banget bedane. Malahan ana aturan rabi kudu agama sing padha. Sabubare iku trus kaya-kaya ana bedane. Kamangka asline ya padha wae,” kandhane.