Gumbregut Nggladhi Tari Tradhisi

Sanggar Tari Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo nganakake pagelaran wayang bocah ing Teater Besar ISI Solo, Minggu (23/12 - 2018) wengi. (Istimewa/Sanggar Tari Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo)
27 Desember 2018 14:45 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (27/12/2018) menika kapacak bab Tari Tradhisi.

Solopos.com, SOLO -- Swasana pengetan pengetan kaping-36 adeging Sanggar Tari Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Minggu (23/12/2018) wengi katon regeng lan mampyor.

Bocah-bocah sakbubar pentas wayang kolosal Srikandhi Kridha katon sumringah. Ora ana kang mbesengut utawa kesel. Kamangka wektu kuwi kira-kira wis tabuh 11 bengi.

Salah sawijining bocah sing isih ketok semangat yaiku Stefani, 7. Murid Sekolah Dasar (SD) iku isih nganggo busana tari nalika ketemu solopos.com. Ing pentas kasebut dheweke nari Kupu, Kelinci, lan sakpiturute kanggo nggambarake swasana alas saisine. Stefani ora suwe anggone pentas, amarga dheweke ora dadi paraga baku. “Ora kesel kok. Seneng banget isa melu,” kandhane marang solopos.com.

Pentas Srikandhi Kridha sing mbabar kupiyane Srikandhi njaga tanah kelairane saka Bumiraja iku pancen diisi maneka jinis tari. Miturut panitia ana luwih saka limang jinis tari sing melu nyengkuyung pentas kasebut. Ana Tari Jaranan, Tari Hutan dan Hewan, Punakawan, Tari Batik, Tari Piring, lan uga Tari Gambyong Solo Minulya.

Saben tari dibedakake miturut umur lan keprigelane. Kayata Tari Hutan dan Hewan diisi dening bocah cilik, dene Gambyong Solo Minulya diparagakake dening penari sing wis prigel. “Iki tujuwane ora mung pamer keprigelan. Nanging menehi panggung supayane bocah-bocah luwih greged anggone sinau tari,” kandhane Ketua Sanggar, Sutrisno, sakbubare pentas, Minggu.

Miturut Sutrisno pentas tari sing diadani saben taun iku disengkuyung dening 285 siswa sanggar wiwit saka bocah-bocah nganti diwasa. Nanging yen ditambahi bocah-bocah sing ngewangi acara ing sanjabane panggung ya cacahe isa nganti 500-an.

Sutrisno ngandharake cacahe murid sing aktif ing Sanggar Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo saiki ana 400-an. Umure wiwit saka patang taun nganti puluhan taun tanpa wates. Saengga ora nggumun yen pengetan adeging sanggar wingi rame banget.

Maknane

Sanggar tinggalane Gusti Heru iku duwe pangajab bisa terus ngadeg nguri-uri kabudayan Jawi lumantar tari tradhisi. Sanggar sing biyasane latihan ing Bangsal Prangwedana Pura Mangkunegaran iku duwe materi wajib yaiku tari tradisi khas Solo. Saben bocah bakal diwarai tari asli utawa kreasi Solo.

Nanging cara mulange dipilah miturut keprigelane dhewe-dhewe. “Yen isih bocah ya diajari sing gampang-gampang dhisik. Kayata Tari Kelinci, Kupu, lan sakpiturute. Banjur saya diwasa saya nambah materine,” kandhane Sutrisno

Ora mung wasis anggone jejogedan utawa nari, para guru ing Sanggar Soerya Soemirat GPH Herwasto Kusumo uga ngajari tegese piwulang ing saben tari. Tuladhane ukel tengen iku ngemu piwulang njupuk apa sing apik, yen ukel ngiwa mbuwang sing ala, dene ulap-ulap tegese ndeleng sing ana ing kiwa tengen.

Salah sawijining guru tari, Jonet Sri Kuncoro, ngandhareke sakbubare ngajari materi anyar mesti ana lesehan sedhela bareng murid-murid. Lesehan iku biyasane diisi adicara mbabar piwulang sing kakandhut ing beksan-beksan tartamtu. “Ya supayane bocah-bocah ora mung njoged nanging uga ngugemi pitutur sing kakandhut,” kandhane.

Jonet nduweni cara sing beda-beda ing saben kelas. Dheweke crita apa anane yen ing kelas diwasa. Dene yen ing kelas bocah, migunakake simbol tartamtu.

“Contone pas ana tari buta. Dikandhani yen buta iku nduwe sipat ala, rakus, lan sakpiturute. Mula bocah-bocah aja nyonto buta. Yen ngajari kelas bocah cilik ya kadangkala gothak gathik gathuk ngono. Santai sambi guyonan ben ora spaneng, nanging bocah-bocah mudheng,” kandhane.