Wayang lan Tembang Ngemu Tuntunan Urip

Lomba nembang macapat ing Jogja sawetara wektu kepungkur. (Harian Jogja/Desi SUryanto)
22 November 2018 13:40 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (22/11/2018) menika kapacak bab Wayang lan Tembang.

Solopos.com, SOLO -- Budaya Jawa wis ngandhut piwulang luhur. Wiwit saka adat istiada, nganti seni pergelarane. Tuladhane seni wayang lan tembang sing ana ing Jawa. Dhalang Ki Manteb Soedarsono, nalika ngisi pengetan Hari Wayang Dunia (HWD) ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, sawetara wektu kepungkur ngandharake menawa wayang ngandhut makna simbolis lan filosofis.

Ing jaman saiki pakeliran wayang ana gandheng cenenge karo adicara-adicara wigati kayata mantenan, utawa ritual. Saben adicara nduweni pakem lakon sing beda-beda. Yen ana adicara mertidesa mesti nanggap lakon Dewi Sri. Dene adicara liyane, lakone bakal beda meneh.

Wayang nggambarake laku jantraning manungsa sing diperang dadi patang kahanan yaiku Pathet Nem, Pathet Sanga, Pathet Manyura, lan Joged Golek. Ewondene, kagunan wayang kulit purwa sing paling umum yaiku tontonan lan tuntunan. Saben pakeliran padhet ngandhut tontonan kanggo hibur masarakat sarta wulangan lan wejangan sing ngemot babagan filsafat lan pendhidhikan.

Ki Manteb nduwe pengalaman nalika jaman reformasi 1998 mbiyen. Pas kuwi Kutha Solo obong-obongan gedhe. Kabeh wong padha spaneng, ana sing keweden nganti ora wani lunga saka ngomah. Ora nganti seminggu sakwise kobongan Solo, dheweke entuk tanggapan ing dhaerah Lapangan Kota Barat.

Sanadyan swasana isih durung lerem, pentase tetep ditonton wong akeh. Solo krasa ayem tentrem karana kabeh wong padha mlumpuk ndeleng wayang. Kesempatan iku banjur digunakake dening Ki Manteb. Dheweke sengaja mentasake lakon sing isine nglarang perang lan ngajak ngraketake paseduluran.

“Saka ceritaku kuwi wis nggenah banget wayang bisa dadi media kanggo ngraketake paseduluran. Mbangun karakter masarakat sing sakdurunge padha geger dadi luwih ayem lan seleh,” kandhane.

Tuladhane meneh yaiku tembang macapat. Ing budaya Jawa ana 11 tembang macapat kayata Gambuh, Durma, Megatruh, Pucung lan sapanunggalane. Saben tembang iku nggambarake lakune manungsa saka lair nganti mati. Gunane ya supaya manungsa eling lan waspada amarga urip iki ora mandep enom terus nanging kabeh bakale dadi tuwa lan ngadhep marang Sing Kuwasa.

Masarakat Jawa uga nduweni unggah-ungguh basa sing wigati. Unggah-ungguh basa iku kaperang saka basa ngoko, lan krama. Dene basa krama isih ana krama lugu lan krama alus. Saben basa tatanan sing tujuane kanggo ngurmati wong sing diajak omongan, mligine wong tuwa.