Budaya Tradhisi Mbangun Budi Pakarti

Budaya Jawa wayang kulit ngemu piwulang kang kawungkus nganggo tontonan. (Solopos/M. Ferri Setiawan)
22 November 2018 13:15 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (22/11/2018) menika kapacak bab Budaya Tradisi.

Solopos.com, SOLO -- Kahanan jaman saiki gebyar tata lan laire pancen katon maju lan modheren. Apa wae sarwa gampang. Bisa dilakoni kanthi ngandelake teknologi. Nanging menawa kawawas babagan budaya, mligine budi pakarti, lan tatakrama, ing jaman saiki katon mundur. Kepara wis padha lali, malahan akeh sing nyingkur.

Bisa disurasa saka pawarta-pawarta sing kapacak ing media massa saiki. Akeh tindak culika wiwit saka korupsi, colong jupuk, nganti paten-pinaten. Sing marai ngelus dhadha, wong kang nerak paugeran iku ora mung wong tuwa, nanging bocah welasan taun sing kudune isih sinau ing papan sekolahan tegel nglakoni tumindak ala kasebut, saengga padha mlebu pakunjaran.

Dadi eling ramalan Kalatidha sing karipta dening pujangga pinunjul R.Ng. Ronggowarsito. Ramalan kang sinawung ing tembang Sinom iku unine: "Amenangi jaman edan, Ewuh aya ing pambudi, Melu ngedan nora tahan, Yen tan melu anglakoni, Boya kaduman melik, Kaliren wekasanipun, Ndilalah kersa Allah, Beja-bejane kang lali, Luwih beja kang eling lawan waspada."

Ramalan kasebut ngandharake menawa bakal ana jaman sing diarani jaman edan. Yen melu edan ora tahan, nanging yen ora melu nglakoni edan ora keduman. Nanging ndilalah kersane Allah, sakbeja-bejane wong sing lali, luwih beja sing eling lan waspada.

Sing bakale selamet ing jaman edan iki, miturut R.Ng. Ronggowarsito, ya wong sing eling lan waspada. Uripe diisi kanthi ngabekti marang babagan sing migunani lan perintahe Gusti Allah. Piye carane? Ya bali meneh marang piwulang budaya sing diwarisi wong-wong tuwa jaman mbiyen.

Gubernur Daerah Istimewa Yogyakarta, Sri Sultan Hamengkubuwono X nalika orasi budaya ing adicara ambal warsa Universitas Muhammadiyah Yogyakarta (UMY) ngandharake menawa pendhidhikan karakter kang dilirwakake ing sekolah dadi punjere masalah krisis moral ing jaman saiki.

Pendhidhikan sing ana ing sekolah saiki mung nut kurikulum, ora mawas kebutuhane murid-murid. Awit saka iku kudu ana gagasan anyar yaiku ndadekake budaya lokal minangka dhasar pendhidhikan.

“Budaya lokal iku ora mung diuri-uri, nanging uga kudu disinau. Amarga ngandhut piwulang luhur sing bisa ditrepake nut kalakone jaman,” pangandikane Sri Sultan. Isi orasi budaya iku katulis ing website resmi UMY.

Kayane pancen akeh sing sarujuk marang isi orasi budaya sing kababar dening Sri Sultan Hamengkubuwono X.

Budayawan Solo, Suprapto Suryodarmo, Rebo (21/11/2018), ngandharake kabudayan dadi pawitan sing paling utama kanggo mbangun bangsa lan nagara, mligine generasi mudha. Kabudayan iku wujude macem-macem, wiwit saka kesenian nganti piwulang luhur bab tata karma, basa, lan sakpiturute.

Wayang Kulit

Mbah Prapto ngandharake para kawula mudha nduweni kuwajiban nyinauni lan nguri-uri. Sinau piwulang sing ana ing kabudayan iku kanggo nguripi jiwa lan ragane dhewe. Dene nguri-uri dadi kuwajibane masarakat supaya kabudayan sing luhur iku ora nganti ilang katrajang jaman sing saya maju.

“Ora mung budaya Jawa, nanging uga kabeh kabudayan sing ana ing Nuswantara. Iku kabeh ngandhut piwulang sing becik kanggone masarakat. Mila penting banget nyinau budaya kuwi,” tuture.

Dene Ki Dhalang Manteb Soedarsono nalika ngisi adicara Hari Wayang Dunia ing Institut Seni Indonesia (ISI) ngandharake mosak masiking bangsa ing jaman saiki bisa dileremake kanthi seni budaya. Pagelaran wayang contone. Wayang bisa ngguyupake masarakat. Nalika ana pagelaran wayang, wong-wong padha nglumpuk dadi siji tanpa curiga. Padha ndeleng lan ngrungokake temenan carita sing dibabar dening dhalang.

“Yen nonton wayang ora mungkin gontok-gontokan. Kabeh fokus marang dhalang. Ceritane uga ngandhut bab kabecikan. Mula aku precaya banget yen budaya iku penting banget kanggo mbangun bangsa iki. Yen ora ana budaya, saiki njur arep nggawa piranti apa yen pengin nglumpukake wong-wong sing padha jothakan. Angel,” kandhane.

Ora mung ing Jawa, kabeh kabudayan sing ana ing Nuswantara nduweni tatanan wigati. Masarakat Minangkabau sing ana ing Sumatra Barat contone. Ing Minangkabau ana unen-unen Adat basandi syara’, syara’ basandi kitabullah.

Miturut jurnal sing katulis dening Darul Ilmi kanthi irah irahan Pendidikan Karakter Berbasis Nilai-Nilai Kearifan Lokal Melalui Ungkapan Bijak Minangkabau [2015], unen-unen iku dadi paugeran uripe wong Minangkabau bab bebrayan lan pendhidhikan. Maknane yaiku masarakat adat Minangkabau nduweni sifat Iman lan takwa, disiplin, toleransi, tanggung jawab marang apa sing dilakoni, demokratis, uga tepa slira.

Bab tepa slira iku uga ana ing unen unen khas Minangkabau, Kok Gadang jan malendo, Kok Panjang jan malindih, Cadiak jan manjua kawan, Gapuak jan mambuang lamak Lamak dek awak ka tuju dek urang. “Tegese unen-unen iku, wong urip kudu bisa srawung marang tangga lan nduwe tepa slira. Uga isih akeh unen-unen liyane sing ana ing Minangkabau,” kadhane Darul Ilmi sing ditulis ing jurnal kasebut.