Ngungak Sujarahe Kongres Kebudayan

Adicara lokakarya penyusunan pokok pikiran kebudayaan daerah kang diadani Kemendikbud, sawetara wektu kepungkur. (kebudayaan.kemendikbud.go.id)
15 November 2018 14:20 WIB Ika Yuniati Jagad Jawa Share :

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (15/11/2018) menika kapacak bab Sujarah Kongres Kabudayan.

Solopos.com, SOLO -- Adicara Kongres Kebudayan sing diadani dening Direktorat Jenderal Kebudayaan (Dirjen Kebudayaan) Kementerian Pendidikan dan Kebudayaan (Kemendikbud) iku wis ana wiwit jaman perjuangan. Miturut buku Menuju Kongres Kebudayaan, kang katulis dening Sekretaris Direktorat Jenderal Kebudayaan Sri Hartini, tahun iki mujudake Kongres Kebudayaan kaping-100.

Miturut sujarahe, ana rong periode Kongres Kebudayaan, yaiku; periode sakdurunge kamardikan, lan jaman kamardikan. Kongres Kebudayaan ing sakdurunge jaman kamardikan nduweni jeneng Kongres Java Institut, amarga isih ana gandheng cenenge karo organisasi sing ngadani adicara kasebut.

Lagi ing jaman kamardikan dijenengake Kongres Kebudayaan, utawa kita arane kongres kabudayan. Nalika iku, ing abad kaping-20, pelajar Indonesia prihatin ndeleng masarakat akeh kang ora mudheng babagan ilmu lan kabudayan. Mula saka iku, pelajar Indonesia ngedegake pepanthan kanthi ancas kanggo ngangkat derajate masarakat Jawa. Kanggo nggawe pepanthan kasebut, banjur diadani Kongres Kebudayaan taun 1918 ing Solo.

Sastrowijono nalika mbukak kongres ing wektu iku ngandharake masarakat aja amung mburu bab ekonomi lan politik, nanging masarakat kudu nduweni rasa handarbeni marang bangsa lan nagara utawa duwe rasa nasionalisme. Rasa handarbeni negara iku warisan kabudayan bangsa kita. “Yen ora nduweni dhasar kabudayan, masarakat ora bakal maju,” kandhane.

Jaman Kamardikan

Sakbubare kongres kabudayan kaping pisan banjur digawe pepanthan Java Institut sing duwe kuwajiban ngadani kongres kabudayan liyane ing jaman kolonial. Kongres kabudayan kaping pindho sing kasebut Kongres Java Institut II diadani ing taun 1919 ing Solo.

Sabanjure iku Kongres Kebudayaan Java Institut kaping III diadani 1921 ing Bandung, kaping papat diadani ing Ngayogyakarta, kaping lima ing Surabaya, kaping enem ing Solo maneh. Kongres Kebudayaan Java Institut sakdurunge kamardikan ditutup taun 1937 ing Bali.

Kongres Kebudayaan ing jaman kamardikan diadani ing taun 1948. Isine mbabar kupiya ndadekake budaya minangka pondhasi mbangun bangsa. Disengkuyung dening para seniman, cendekiawan, uga budayawan. Sabanjure diadani Kongres Kebudayaan II ing taun 1951 sing mbabar kupiya ngrembakaake seni lan kabudayan. Sabanjure Kongres Kebudayaan III diadani ing taun 1954, Kongres Kebudayaan IV diadani 1957, lan Kongres Kebudayaan V ing taun 1960. Papan panggone beda-beda saben taun.

Kongres iku terus diadani ing jaman Orde Baru nganti jaman Reformasi, nganti tekan saiki. Nanging kongres kasebut tau mandeg nganti 30 taun. Diadani meneh dening Direktorat Jendral Kebudayaan, Departemen Pendidikan dan Kebudayaan taun 1991 ing Bandung. Banjur diterusake ing taun, 2003, 2008, nganti tekan saiki saben limang taun sepisan. Saya mrene, bab sing dibabar uga maneka warna, mligine seni pergelaran, sastra, lan pendhidhikan.