SOLOPOS.COM - Drs Imam Sutardjo MHum, Dhalang lan dhosen Jurusan Sastra Jawa UNS (FOTO/Istimewa)

Drs Imam Sutardjo MHum, Dhalang lan dhosen Jurusan Sastra Jawa UNS (FOTO/Istimewa)

Rikala jaman Karaton Majapahit ingkang ngasta pusaraning adil Prabu Brawijawa V, kagungan gangsa pusaka ingkang nama Kyai Sekar Delima. Dumugi ing Karaton Demak gangsa kasebut kasempurnakaken walisanga lan kaperang dados kalih perangkat, inggih punika Kyai Sekati lan Nyai Sekati. Selajengipun ing Karaton Surakarta Hadiningrat sapunika gamelan sekatenipun kalih perangkat ingkang nama Kyai Guntur Madu lan Kyai Guntur Sari.

Promosi Jaga Jaringan, Telkom Punya Squad Khusus dan Tools Jenius

Ing basa Jawi enggal, tembung sekaten punika asalipun saking tembung sekati, tegesipun setimbang. Bilih tiyang gesang kedah ngatos-atos lan tliti anggenipun nimbang prakawis ingkang sae lan awon. Tembung sekaten ugi dumadi saking tembung sekat, tegesipun wates. Tegesipun bilih tiyang gesang punika kedah saged ngendhaleni dhiri supados tansah tumindak sae, mengertos wates-watesipun tumindak ingkang sae lan awon.

Ing basa Arab bilih tembung Sekaten punika dumadi saking tembung (a) sakatain, tegesipun nebihi lan nilaraken tumindak utawi sipat ingkang awon (lacut) lan nyleweng. (b) sakhatain, tegesipun ngicali watakipun kewan lan setan, ingkang kekalih watak menika sumberipun karisakan. (c) sakhotain, tegesipun tansah nindakaken utawi ngamalaken tumindak ingkang sae (budi luhur/ suci) lan tansah ngabdi, manembah saha dhedhepe wonten ngarsanipun Allah (d) Syahadatain, tegesipun pitados dhumateng kebenaran sejati, inggih punika syahadat Taukhid (pitados wontenipun Allah, Pangeran Ingkang Maha Kuwaos) lan Syahadat Rosul (yakin lan pitados bilih Nabi Muhammad punika utusanipun Allah).

Pramila Karaton Surakarta Hadiningrat anggenipun ngawontenaken pengetan utawi perayaan sekaten punika ngginakaken gamelan sekaten kalih perangkat utawi sajodho, inggih menika Kyai Guntur Madu minangka pralambanging Syahadat Taukhid, saha Kyai Guntur Sari pralambang Syahadat Rasul.

Gangsa lan gendhing sekaten ingkang katabuh lan kaungelaken sepisanan inggih punika Kyai Guntur Madu kanthi gendhing Rambu, saking basa Arab Robbuna, tegesipun Allah Pangeranku. Nembe anabuh gamelan sekaten Kyai Guntur Sari kanthi gendhing Rangkung, ingkang asalipun saking basa Arab Roukhun, tegesipun jiwa ingkang agung, ageng utawi luhur. Miturut swargi KRMH Yasadipura bilih gendhing ingkang sepisanan kaungelaken, Rambu lan Rangkung punika namanipun jin Islam kalih cacahipun ingkang sami rerembagan rumaos remen lan sarujuk sanget budidaya ingkang katindakaken walisanga anggenipun anyebaraken agami Islam lumantar gamelan.

Upacara lan perayaan sekaten punika mula bukanipun kangge makempalipun walisanga wonten Mejid Demak setaun sepisan kaleres dinten wiyosanipun Nabi Muhammad, ingkang saprelu kangge (1) sami nglapuraken anggenipun nyebaraken agami Islam ing tanah Jawi adhedhasar laladanipun piyambak-piyambak. (2) paring andharan dhumateng masarakat ingkang sampun sami kersa ngrasuk agami Islam, babagan kautamaning agesang miturut ajaranipun Nabi Muhammad utawi agami Islam. (3) mengeti dinten wiyosanipun lan sedanipun Nabi Muhammad lan kangge sarana dakwah utawi nyebaraken agami Islam. (4) manunggalipun Islam kaliyan budaya Jawi (sinkretisme), buktinipun karaton, Ingkang Sunuhun, para abdi karaton punika tansah ngurmati lan anjunjung utusanipun Allah, inggih punika Kanjeng Nabi Muhammad.

Ing jaman sapunika perayaan sekaten dipunwontenaken kanthi ageng lan semuwa sanget, kathah lelangen, jinisipun dhedhaharan, dolanan kanthi regi ingkang mirah. Wondene dhaharan lan dolanan ingkang kasade ing sekaten lan ngemot pralambang utawi pitutur tiyang gesang, inggih menika: (a) sirih (suruh), tegesipun tiyang gesang kedah tansah sesirih, ngirangi dhahar ngunjuk, nendra, tumindak ingkang awon, tansah eling lan waspada sarta tansah  nyelak wonten ngarsanipun Pangeran (b) kinang, ingkang dumadi saking 5 prekawis, inggih menika: gambir, injet, suruh, jambe, mbako; minangka pralambang tiyang Islam kedah nindakaken rukun Islam, inggih punika: sahadat, salat, pasa, jakat, kaji (c) endhog amal, tegesipun tiyang gesang kedah remen tetulung, beramal (tumindak sae). (d) cemethi (pecut), minangka pralambang pranatan utawi ukum, inggih punika agami Islam; supados tiyang gesangipun saged tumata, sae lan bagya mulya. Tiyang gesang ugi kedah semangat (optimis) boten nglokro, kedah gliyak-gliyak tansah tumindak. (e) gangsingan, minangka pralambang bilih tiyang gesang menika tansah waspada ngadhepi sedaya pacoban, ujian saha kanugrahaning Pangeran, sarta tansah nindakaken sadaya dhawuhing Allah.

Pengetan sekaten ingkang mujudaken manunggalipun agami Islam lan budaya Jawi punika pranyata ngemot pitutur luhur ingkang sae sanget lan taksih jumbuh kangge anggulawenthah kapribaden lan watakipun para putra kangge mbangun kaluwarga, bebrayan agung, agami, bangsa lan nagari ingkang utami, ing jaman globalisasi punika.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya