SOLOPOS.COM - Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS

Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS

Rambute wus tipis lan uwanen. Gayane ngelingake marang pelawak kondhang Indonesia, Gogon. Senengane tangane sedhakep ing ngarep lan sirahe maju. Ing panggung, pria 56 taun iki nganggo jeneng Brinthik. Nanging ing ngomah jenenge Maryanto. Dheweke saiki dadi salah sijine paraga ing Dhagelan Citro Mitro kang wus tuwa lan wus dianggep senior kaliyan lakon-lakon liyane. Kuwi amarga Brinthik wus 29 taun dadi paraga dhagelan panggung.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Nalika taun 1983 dheweke kepengin dadi dhagelan. Nalika semana, dhagelan kuwi digandrungi masarakat lan dadi tontonan kang ajeg ngundang kawigatene bebrayan. “Pancen aku kuwi seneng dadi dhagelan lan bisa ndhagel, mula aku nglamar dadi dhagelan,” kandhane nalika ditemoni Espos ing Taman Balekambang, Kemis (14/6) wengi.

Sakbanjure dheweke mlebu ing pepanthan kethoprak ing Solo. Nalika isih anyaran, dheweke mung nglakoni paraga gampang, kaya wong liwat mak klebat utawa supir kang arang metune. “Nanging wus mlebu ing kethoprak kuwi rasane seneng banget,” kandhane.

Dheweke uga crita nate melu ndhagel ing kutha-kutha pesisir Jawa. Nalika semana, dhagelan pancen diajeni banget dening masarakat, kaya lakon sinetron jaman ing saiki. “Angkatanku ing taun 80-an yaiku Kadir, Gogon, Mamik,” critane.

Nanging nalika urip ing Jakarta, dheweke ora krasa seneng lan tentrem atine. Mula dheweke luwih abot milih urip ing kutha cilik yakuwi Solo. “Luwih ayem lan tentrem nalika ing Solo.”

Nanging saiki, uripe wus beda. Ora kaya jaman jaya-jayane dhagelan mbiyen. “Kanggo nyukupi butuhe kulawarga, aku dadi wong mbarang ing dalan, ing bis-bis ing Terminal Tritonadi,” ujare Brinthik. Kabeh kuwi dilakoni minangka kuwajibane wong lanang sing darmane nyukupi kabutuhane kulawargane. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya