SOLOPOS.COM - Antara/Asep Fathulrahman

Antara/Asep Fathulrahman

Ngudi kawruh kuwi wajib ukume wiwit lair nganti satekane umur. Prakara iku sansaya nandhesake manawa ngelmu iku pancen prelu banget. Coba dibayangake, wong urip ora duwe sangu kawruh babar blas, mesthine kaya wong ing tengah segara nanging ora duwe kompas utawa piranti kanggo nuduhake arah, bakale miyar-miyur ngiwa-nengen tanpa bisa mesthekake arah uripe. Ngelmu kuwi uga bebasan kaya tekene wong sepuh.

Promosi Antara Tragedi Kanjuruhan dan Hillsborough: Indonesia Susah Belajar

Ing Serat Wedhatama anggitane KGPAA Mangkunegoro IV saka Pupuh III Pucung nuduhake wong Jawa tumrap ngelmu. Ngelmu iku, kalakone kanthi laku, lekase lawan kas, tegese kas nyantosani, setya budya pangkese dur angkara. Tegese, wong golek ngelmu iku kudu kanthi usaha, kudu dilakoni kanthi temenan, bisa oleh sentosa lan raharja uga ngedohi babagan angkara murka.

Ora gampang golek ngelmu, kudu cucul dhuwit, cucul tenaga, lan ngurbanake liyane. Jer basuki mawa beya, kabeh sing pinuju asil kang becik iku kudu nganggo pangurbanan, ana laku sing kudu dilakoni kanthi tumemen, ora gampang kaya malik epek-epek tangan. Kandhane Bung Karno, kristalisasi kringet, uga dilakoni kanthi iklas lan jembar dhadhane kaya segara.

Miturut Direktur Akademi Pariwisata Widya Nusantara (Akparta) Solo, Astrid Widayani, ngelmu kuwi bisa nuduhake nasibe wong. Kanthi ngelmu, wong bisa oleh gaweyan, banjur oleh dhuwit kang tansah bisa nyucukupi kabutuhan kulawarga. Ngelmu uga njalari pangaji lan pakurmatan. Saya dhuwur ngelmune, mesthi uga dhuwur pakurmatane. Deleng wae BJ Habibie, sapa sing ora gumun lan urmat karo kapinterane gawe montor mabur.

“Ngelmu kuwi wus cetha prelu banget ing kabeh tatanan, saka RT dumugi presiden. Pamarentah uga wus mikirake lan gemi babagan pendhidhikan resmi. Ana program saka pamarentah wajib belajar 9 taun kuwi wus pas banget,” ujare Astrid nalika ditemoni Espos ing kantore kang mapan ing Palur, Karanganyar, Senen (30/4).

Nanging kuwi kabeh durung cukup, masarakat lan generasi mudha uga kudu duwe kawasisan mligi utawa katrampilan kang mirunggan. Prelune kawasisan kuwi, yaiku bisa dideleng kahanan sing wus maju lan modheren kaya saiki. Jaman wus sarwa mambu industrialiasasi, mula ngelmu kang mirunggan dadi barang kang wigati. Ana conto sing gampang, yaiku tenaga kerja Indonesia (TKI) sing dikirim ing mancanagara. “TKI yen ora duwe ngelmu cukup lan kawasisan, bisa-bisa malah gawe sengsara, ora pas karo niyate maune golek dhuwit,”piterange.

Astrid uga ora marem yen pendhidhikan kuwi mung pendhidhikan sing asipat formal ing papan-papan pawiyatan kaya sekolah-sekolah. Pendhidhikan watak uga prelu banget, mligine kang diurip-urip ing lingkungan kulawarga. Bapa-biyung kudu dadi tuladha tumrap putra-wayahe. Tuladha babagan ngelmu uga babagan sipat-sipat sosial lan kabecikan. “Wektune bocah kuwi luwih akeh entek ing omah, mula kuwi omah kudu bisa dadi lingkungan pamulangan kang becik lan migunani,” tandhese Astrid.

Emane, ora sethithik pejabat, pulisi, jaksa lan pulitikus padha diukum gara-gara duwe sangu kapinteran nanging tanpa dibarengi sipat-sipat kabecikan. Ilmune sing duduweni ora migunani kanggo kabecikan tumrap awake dhewe lan masarakat, nanging malah kanggo sangu tumindak culika, nyolong utawa korupsi. Pendhidhikan iku sejatine ora mung babagan ngisi sirah kanthi maneka jinis piwulangan, nanging uga ati sing diisi maneka jinis sipat kabecikan, preduli marang sepadhane, ora duwe sipat srakah lan seneng-seneng sing kurang migunani.

Ing kalodhangan iku, Astrid uga nuduhake kepriye dheweke ora gampang marem karo ilmune. Sawuse lulus kuliyah Sastra Inggris Universitas Diponegoro, dheweke banjur mbacutake kuliyah ing Magister Managemen ing Universitas Gadjah Mada (UGM). “Aku nglakoni iki amarga aku seneng ngudi kawruh. Aku uga butuh ilmu sing akeh kanggo sangu urip. Bandha donya, dhuwit sakgepok tetep bisa enthek utawa ilang. Nanging ngelmu dadi barang kang ora bakal bisa ilang selawase,” pratelane.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya