SOLOPOS.COM - Kustawa Esye SPd (FOTO/Dok)

Kustawa Esye SPd Pangarsa Komunitas Kiai Damar Sesuluh(Spirit Religius, Culture & Education)(FOTO/Dok)

Hakikate ngudi kawruh iku ngelmu, lelaku lan pitukon. Piwulang panguripan murih sampurnaning urip (lair tumusing batin), tan kendat kudu terus dilakoni, tundane tinemune ngilmu sejati kang asring sinebut uga kasunyatan jati ya sejatine kasunyatan.

Promosi Strategi Telkom Jaga Jaringan Demi Layanan Telekomunikasi Prima

Murih ora kocar-kacir pisah-cicir lan pegat-pedhoting pamawas, wajibe jalma jroning alam bebrayan agung, sawise nintingi bisaa ngiyakini kasunyatan jati jroning golong-gilig nyawijine pamanggih. Cak-cakane, sakehing kasunyatan jati kang kapetik saka lelakoning urip kita, katiti lan katata nut papan panggonane dhewe-dhewe.

Permatine naliti lan tumatane mranata, mbutuhake alus luwesing olah rahsaning manungsa. Jroning Serat Madu Rasa karyane Ki Soedjonorejo, babagan olah rasa iki kapontho dadi rong tingkatan, Madu Basa lan Madu Rasa.

Madu Basa antarane ngenani sopan-santun, tata cara lan adat. Katelune digolongake lan dimaknani minangka pranataning ilmu lan pamawas lahiriyah, arupa reroncen tata basa murih antuk manising madu. Olah rasa kaloro kang luwih kenthel rasa rahsaning batiniyah, sinebut Madu Rasa. Antarane tepa salira, tepa palupi, unggah-ungguh, tuju-panuju, empan-papan, kala mangsa, duga prayoga lan lambe ati.

Jumbuh kalawan filosofi adi luhung jiwa jawine wong Jawi, warisane leluhur kita. Hakikate ngudi kawruh, sajatine keketraket tan bisa uwal mring pamawas ngenani Guru Bakal lan Guru Dadi. Kang ginayut mring tata lair sinebut Guru Bakal, wewengkon lan cak-cakane arupa pasinaon ing pawiyatan, buku-buku piwulangan, pamawasing ilmu lan liya-liyane.

Ewondene Guru Dadi iku ginayut mring jati dhiri rasa lan rahsaning batiniyah, asring sinebut uga Mulatsara Dhiri utawa pangolahing kapribaden, kanggo nggayuh urip tentrem ayem lair tumusing batin, tumuju kasampurnaning sangkan paraning dumadi.

Ngelmu Laku

Mulatsara Dhiri iku bisa uga dimaknani wajibe wong ngudi kawruh, utamane kang ana gandeng cenenge mring kawruh sampurnaning urip, tan kena ora kudu disranani lelaku lan pitukun. Cethane, sarat saranane golek ilmu iku kudu wani nglakoni lelaku.

//Ngelmu iku kelakone kanthi laku// Lekasane lawan kas// Kas tegese nyantosani// Setya budaya pangekese dur angkara/// (Kalakone antuk ngelmu iku srana wani lelaku nglakoni lelakoning urip, kawiwitan saka kas kang ateges paring kasantosan utawa kakuwatan lair batin, kasetiyaning mring darma kanggo brasta angkara murka)

Tembang pocung anggitane KGPH Mangkunegara IV jroning Serat Wedhatama iki, sajatine minangka piwulang luhur Ngelmu Laku. Saka tembung Wedha Utama kang maknane banyu wening, kautaman jiwaning manungsa. Intisarine Serat Wedhatama, Ngelmu Laku ambagun luhuring budi pakarti lan cures punggese dur angkara, murih sampurnaning urip lan panguripane manungsa.

Kajaba minangka Ngelmu Lakune wong ngaurip, Serat Wedhatama uga dadi semangat laku spiritual-e manungsa kang asipat universal tan mbedakake suku, bangsa lan agama. Jluntrung lan underane, minangka upacara dharma bektine manungsa mring Kang Maha Kuwasa. Jroning filosofi filsafah jiwane wong Jawa asring sinebut sembah raga, cipta, rasa lan karsa.

Pucuk pupusing laku ritual spiritual kang kinandhut jroning Serat Wedhatama, karya adiluhunging Raja Pujangga ing Pura Mangkunegara, KGPA Mangkunegara IV, minangka piwulang luhur murih kagayuhe sejatining urip, luwih kesdik waskitha pamawasing mring jatidhiri, tambah keketrumaket manunggaling kawula-Gusti lan gegayuhan luhur murih antuking kanugrahan Gusti Kang Murbeng Dumadi.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya