SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sinau ora ndeleng endi papan endi panggonan. Ing ngendi wae bisa dadi sumur sumbering ngelmu lan ngangsu kawruh. Kaya sing dialami dhalang Wayang Kampung Sebelah, Ki Jlitheng Suparman.

Piyambake wiwit kelas IV SD pindhah melu simbahe kang uga dhalang kondhang ing Ngadirojo, Wonogiri, Ki Guno Sudarjo. Ki Jlitheng sinau ndhalang saka paman lan simbahe. Tata cara sinaune yaiku nyantrik. “Aku dijak pentas karo simbah lan paklik, saking kerepe nonton aku wiwit seneng ndhalang,” ujare Ki Jlitheng.

Promosi Santri Tewas Bukan Sepele, Negara Belum Hadir di Pesantren

Nalika sinau ndhalang, dheweke ora mesthi oleh pituduh langsung saka simbahe. Jlitheng sinau dhewe saka pengalaman, gladhen dhewe lan pisan-pindho oleh piwulang saka simbahe. Dheweke pancen wus duwe karep marang seni ndhalang lan wayang.

Ing papan liya, salah sijine dwija basa Jawa, Bisri Nuryadi, mratelakake jaman semana sekolah formal isih durung rame. Akeh wong kang nimba ilmu langsung marang para nimpuna. “Durung rame sekolah, kaya sing pengin sinau ndhalang, ya nyantrik dhisik utawa melu urip sakomah karo dhalange,” ujare Bisri.

Kanthi tata cara sinau kang kaya mangkono kuwi asile uga apik. Amarga siswa bakal bisa mangerteni ilmu ndhalang kanthi becik.

Tindak tanduke dhalang, piye carane gladhen, lan sapiturute dadi bahan ilmu karo calon dhalang kuwi. “Tata cara sinau sing apik yaiku kuwat ing teori lan praktek, luwih apik maneh jatah praktek-e luwih gedhe tinimbang teori-ne. Salah sijine yaiku nyantrik,” kandhane.

Bisri nuturake, tata cara teori lan praktek uga diterapake ing sekolahan. Para murid ora mung oleh teori thok, nanging uga materi praktek.

“Conto gampange babagan pacelathon basa jawa. Sabubare teori, para bocah diwenehi wektu kanggo mraktekake pacelathon ing ngarep kelas,” ujare. Para murid oleh nganggo basa jawa ngoko, ananging uga diselingi basa krama alus. “Kowe arep tindak nang endi, kuwi tuladha gampange,” ujare. Dheweke duwe keyakinan, sithik mbaka sethithik krama alus kang diselipake ing pacelathon bakal dadi padatan ing urip padinane.

Ana ilmu sing bubar diwulangake banjur dipraktekake ora bakal cepet lali. Bocah bakal gampang anggone ngeling-eling ilmu iku. Miturut Bisri, pirang-pirang bab pamulangan bisa dipraktekake ing kelas, nanging uga kudu mangerteni kahanane bocah. Swasana lan atine bocah kudu tetep seneng supaya bisa nampa apa sing diterangake dening dwijane.

“Wus dadi sipate bocah isih seneng dolanan, mula kepriye carane sinau kuwi kaya dene wong dolanan, utawa dolanan sing bisa nuwuhake kapinteran lan daya angulir budine bocah,” ujare. 

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya