SOLOPOS.COM - Ichwan Dardiri (JIBI/SOLOPOS/

Ichwan Dardiri (JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso)

Budaya Jawa wus ngrasuk ing pribadine Ichwan Dardiri. Wiwit isih mudha nganti yuswane 71 taun, tilas Pangarsa Persatuan Wartawan Indonesia (PWI) Solo iki tansah nengenake piwulang kautaman kang kakandhut sajrone piwulang budaya Jawa.
Ing urip padinane, Ichwan kang uga Pangarsa LPMK Danukusuman, Serengan, Solo, iki uga ajeg nularake piwulang kautaman iki marang anak-putune. “Aku nandhesake marang anakku sing saiki mapan ing Jakarta, nalika ing omah kudu nggunakake basa Jawa minangka basa ibu. Ing njaba, ing kantor utawa liyane, kena nganggo basa Indonesia utawa basa liya, nanging angger ing omah, basa Jawa kuwi wajib. Amarga sajrone basa Jawa ngandhut unggah-ungguh lan iku bisa kanggo sarana pendidikan karakter ing kulawargane,” ujare Dardiri, nalika disowani Espos, ing daleme, Senen (6/2/2012).
Piyambake ora kepengin anak-putune sukemben katut ilining budaya Barat kang akeh pangaruh alane. Saliyane iku, TV, internet utawa kemajuwan jaman uga nggawa pangaruh kang ora sakabehe becik, kepara akeh alane marang kapribaden lan watak generasi mudha.
“Mula, kudu pinter-pintere wongtuwa muruki lan ngarahke putra-putrane marang bab-bab kang becik. Aja nganti kalah karo pangaruh liya. Unggah-ungguh iku penting lan kudu diopeni. Apa maneh ing jaman saiki, kang sansaya kadhesek budaya Barat,” ujare priya kelairan Wonogiri, 8 September 1941 iki.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

JIBI/SOLOPOS/Damar Sri Prakoso

Ekspedisi Mudik 2024

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya