SOLOPOS.COM - JIBI/HARIAN JOGJA/DESI SURYANTO TRADISI PADUSAN--Anak-anak warga Kwarasan Wetan melaksanakan tradisi Padusan (mandi sebelum menunaikan ibadah puasa) di aliran Kali Oya Dusun Kwarasan Wetan, Kedung Keris, Nglipar, Gunungkidul, Minggu (31/7). Sebagian besar warga Gunungkidul tetap mengandalkan aliran air sungai dan telaga dan bak tadah hujan sebagai sumber air untuk keperluan sehari-hari, tak terkecuali dalam melaksanakan tradisi padusan.

Anak-anak warga Kwarasan Wetan melaksanakan tradisi Padusan (mandi sebelum menunaikan ibadah puasa) Ramadhan 1432 H di aliran Kali Oya Dusun Kwarasan Wetan, Kedung Keris, Nglipar,Gunungkidul, Minggu (31/7/2012).(FOTO: Desi Suryanto/JIBI/Harian Jogja)

Padusan kang dilakoni masarakat Jawa wus beda karo tujuwan sejatine. Padusan kuwi dilakoni kanthi tenang, ayem, khusuk lan ing banyu kang resik. Nanging saiki padusan wus kaya dene plesir utawa rekreasi. Sakulawarga bareng-bareng padusan ing kolam renang utawa ing papan wisata banyu liyane. “Iki wus minger saka tujuwan bakune yaiku kanggo ngresiki diri. Yen padusan ing kolam renang malah dadi reget, amarga banyune ora mili mbleber kaya kali utawa sendhang,” kandhane budayawan lan dhalang Ki Demang Edy Sulistyono.

Promosi Mimpi Prestasi Piala Asia, Lebih dari Gol Salto Widodo C Putra

Dene miturut dhosen Sastra Jawa Fakultas Sastra lan Seni Rupa UNS, Wakit Abdullah, jaman saiki dhasar spiritual padusan wus ilang lan ora dimangerti maneh. “Babagan filosofis, padusan kuwi kanggo nyucekake diri lair pinuju batin,” ujare Wakit, sawetara wektu kapungkur.

Padusan ing jaman saiki uga dadi wahana kanggo posah-pasihan lanang-wadon kang durung resmi. Kuwi wus ora bener lan adoh saka hakekat padusan. Padusan kang bener kuwi ora kena senggolan utawa gujengan karo wong wadon kang dudu muhrime. Padusan sejati kuwi dilakoni kanthi tenang lan bener-bener kanggo sesuci. Ora malah kanggo maksiyat utawa laku sing ala. Padusan jinis kuwi wus ora duwe makna kang luhur lan suci, malah padha karo adus saben dina ing sumur utawa ing kali. Wus mesthine wongtuwa melu duwe tanggungjawab supaya anak-anake nalika padusan ora nyalahi ukum. Padusan kuwi sejatine ayem, tentrem lan ora kanggo posah-pasihan.

Wong Jawa nalika padusan uga wus ora ing sendhang, nanging ing kolam renang. Miturut Wakit, sendhang ing jaman saiki wus akeh sing ilang lan garing amarga wit-witan wus dikethoki lan sendhang kang isih ana, banyune ora nyukupi kanggo masarakat. “Nalika ana wong pacaran ing papan padusan, kuwi amarga carane ngugemi agama isih kurang lan ora pas anggone sinau agama.”

Miturut sejarawan mudha Heri Priyatmoko, masarakat wus ora padusan ing sendhang nanging ing kolam renang kuwi nandhakake manungsa wus saya suwe saya adoh karo alam. Ing sendhang kang adhem lan cedhak wit-witan, banyu kang bening saka sumbere banyu dianggep ora modheren. Saiki wus umum padusan ing kolam renang supaya luwih gampang lan bisa mangkat sakulawarga. “Mesthine bisa ing Cakra utawa ing Pengging kang isih ana sumber banyu kang resik,” ujare.

Dene sendhang kuwi uga bisa dadi salah sijine ukuran alam. Nalika sendhang wus garing, tandhane bakal nemoni mangsa kang angel golek banyu, mangsa garing lan mangsa angel kanggo tetanen. Nalika sendhang isih mili banyu, tandhane alam isih normal lan wit-witan isih urip subur ing sakiwa-tengene sendhang. “Kang ora bisa ditinggalake nalika padusan yakuwi niyat kanggo ngresiki ati supaya ora ngeres, ngresiki pikiran lan batin. Ora mung awak, resik-resik sadurunge pasa uga dilakoni ing pasareyan lan ing omah.”

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya