Jagad-jawa
Kamis, 7 Februari 2019 - 07:55 WIB

Guyub Rukune Budaya Jawa-Tionghoa

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (7/2/2019) menika kapacak bab budaya Jawa-Tionghoa.

Solopos.com, SOLO — Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. Unen-unen iku jumbuh karo kahanan masarakat Jawa lan warga Tionghoa ing Kutha Solo.

Advertisement

Guyub rukune rong kabudayan ing Kutha Solo iku bisa dideleng ing laladan Sudiroprajan, Jebres, Solo. Saben ana sambatan, utawa adicara kabudayan mesti disengkuyung bareng. Ora mbedak-mbedakake endi Jawa endi Thionghoa.

Wujud gotong-royong sing paling kawentar yaiku Grebeg Sudiroprajan. Adicara kabudayan ngemu ajaran Tionghoa lan Jawa iku diadani minangka pengetan taun anyar Tionghoa, Imlek. Grebeg digelar saben taun wiwit 2007.

Nganti tekan saiki malahan dadi salah sawijining acara wigati sing ditunggu masarakat saindhenge Solo. Wong-wong padha seneng ndeleng, apa meneh festival lampion sing dipasang ing dalan-dalan sakiwa tengene Pasar Gede.

Advertisement

Adicara sing utama ing Grebeg Sudiroprajan yaiku kirab budaya ing Tugu Jam Pasar Gede. Taun iki diadani ing dina Minggu (3/2/2019) awan. Sanadyan udan deres, wong-wong padha teka nonton regeng lan endahe karnaval kasebut.

Swasana samsaya rame nalika ana barongsai sing sing pamer katrampilan. Pasarta kirab padha ngusung gunungan. Sing paling baku gunungan kue kranjang.

Ing pungkasane adicara, panganan kang digawe mligi wektu Imlek iku banjur disebarke marang warga kang nonton. Kabeh padha kruyukan amrih entuk kue kranjang. Isih ana gunungan liyane sing isine maneka werna panganan khas Sudiroprajan, kayata ondhe-ondhe, lan jamu.

Advertisement

Sakliyane tontonan, adicara iku uga dadi tuntunan, yaiku ngandhut piwulang bab tepa selira marang wong liya sanadyan beda suku, agama, ras, lan kabudayan.

“Irah-irahan taun iki Kebhinekaan itu Mempersatukan. Ateges apa wae sing beda iku kudune agawe rukun santosa, ora malah dadi sarana crah sing dadine malah bubrah,” tuture Ketua Grebeg Sudiroprajan taun iki, Angga Indrawan, nalika diwawancarai

Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif