SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (7/2/2019) menika kapacak bab budaya Jawa-Tionghoa.

Solopos.com, SOLO — Crah agawe bubrah, rukun agawe santosa. Unen-unen iku jumbuh karo kahanan masarakat Jawa lan warga Tionghoa ing Kutha Solo.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Guyub rukune rong kabudayan ing Kutha Solo iku bisa dideleng ing laladan Sudiroprajan, Jebres, Solo. Saben ana sambatan, utawa adicara kabudayan mesti disengkuyung bareng. Ora mbedak-mbedakake endi Jawa endi Thionghoa.

Wujud gotong-royong sing paling kawentar yaiku Grebeg Sudiroprajan. Adicara kabudayan ngemu ajaran Tionghoa lan Jawa iku diadani minangka pengetan taun anyar Tionghoa, Imlek. Grebeg digelar saben taun wiwit 2007.

Ekspedisi Mudik 2024

Nganti tekan saiki malahan dadi salah sawijining acara wigati sing ditunggu masarakat saindhenge Solo. Wong-wong padha seneng ndeleng, apa meneh festival lampion sing dipasang ing dalan-dalan sakiwa tengene Pasar Gede.

Adicara sing utama ing Grebeg Sudiroprajan yaiku kirab budaya ing Tugu Jam Pasar Gede. Taun iki diadani ing dina Minggu (3/2/2019) awan. Sanadyan udan deres, wong-wong padha teka nonton regeng lan endahe karnaval kasebut.

Swasana samsaya rame nalika ana barongsai sing sing pamer katrampilan. Pasarta kirab padha ngusung gunungan. Sing paling baku gunungan kue kranjang.

Ing pungkasane adicara, panganan kang digawe mligi wektu Imlek iku banjur disebarke marang warga kang nonton. Kabeh padha kruyukan amrih entuk kue kranjang. Isih ana gunungan liyane sing isine maneka werna panganan khas Sudiroprajan, kayata ondhe-ondhe, lan jamu.

Sakliyane tontonan, adicara iku uga dadi tuntunan, yaiku ngandhut piwulang bab tepa selira marang wong liya sanadyan beda suku, agama, ras, lan kabudayan.

“Irah-irahan taun iki Kebhinekaan itu Mempersatukan. Ateges apa wae sing beda iku kudune agawe rukun santosa, ora malah dadi sarana crah sing dadine malah bubrah,” tuture Ketua Grebeg Sudiroprajan taun iki, Angga Indrawan, nalika diwawancarai , Selasa (6/2/2019).

Simbol Akulturasi

Angga ngandharake Grebeg Sudiroprajan ora mung simbol akulturasi Jawa lan Tionghoa ing Solo. Luwih saka kuwi, masarakat beda kabudayan iku urip rukun lan bebarengan ing Kampung Sudiroprajan sabendinane. Wiwit jaman leluhure Angga mbiyen.

Ing kampung kasebut akeh nom-noman Jawa lan Tionghoa sing rabi banjur nglairake anak ‘campuran’ sing uga kasebut ampyang. Saben ana adicara kampung kayata rondha, kabeh padha teka.

“Ing kene uga ana pepanthan sinau kabudayan kayata pambiwara, lan barongsai. Keturunan Tionghoa uga ana sing sinau pambiwara, semono uga barongsai anggotane malah akeh sing wong Jawa,” kandhane.

Kajupuk saka Solopos.com sing disiarake, Selasa (5/2/2019), Tionghoa utawa China pancen wis nyawiji kalawan budaya Nuswantara wiwit jaman mbiyen. Kayata masarakat India lan Arab.

Yen dideleng saka sujarahe, naskah babagan Asia Tenggara mligine Indonesia akeh sing diserat dening musafir Tiongkok.

Nom-noman asli Jawa sing kerep menyang Grebeg Sudiroprajan, Megasari, seneng nyawang endahe akulturasi budaya Jawa–Tionghoa sing ana ing Solo.

Masarakat sing apik kuwi ya kudune guyub rukun kaya mengkana. Ora prelu mbedak-mbedakake laire saka ngendi. Beda agama utawa kabudayan ora dadi masalah. Sing penting padha-padha ngerti lan nglakoni kabecikan.

“Ya seneng banget saben ndeleng pengetan Imlek ing Solo. Rasane katon ayem guyub rukun. Pancen kudune kaya ngono. Aja nganti gelem didu mung gara-gara beda budaya,” ujare Megasari.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya