SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Gunungan ing ndhuwur tandhu disunggi dening para abdi dalem Karaton Kasunanan Surakarta Haniningrat. Gunungan kasebut isine maneka jinis kasil bumi, kacang-kacangan, woh, kang dadi simbul sukure ratu Karaton Solo lan tandha weweh marang rakyate.

Gunungan kuwi metu saben Sasi Sawal kanggo mengeti Dina Riyaya Idul Fitri. Ing taun iki, adicara luhur kasebut ginelar ing tanggal 2 Sawal taun Wawu 1945 utawa 1433 Hijriyah.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Gunungan simbuling tandha sukur iku dikirab saka Kori Kamandungan, banjur liwat ing Siti Hinggil, lan Alun-Alun Lor, Senen (20/8), banjur didongani ing emper Mesjid Agung Surakarta. Sabubare didongani, gunungan digawa menyang latar mesjid supaya didum marang masarakat sing wiwit esuk ngenteni gunungan kuwi. Tanpa diabani, masarakat sing wus ngenteni tekane banjur padha rebutan gunungan sing isine kasil bumi kuwi. Enom-tuwa, lanang-wadon padha rebutan.

Masarakat duweni kaprecayan, kasil saka gunungan kasebut bisa menehi barokah. Nanging, masarakat liyane sing wus modheren mung pengin njaga tradhisi sing wus ginelar atusan taun kepungkur iku. Saliyane gunungan ing latar Mesjid Agung, gunungan liyane uga diwenehake marang masarakat ing Kori Kamandungan. Saben Sawal, karaton nggelar Garebek Syawal Karaton kang cacahe gunungan ana loro, yakuwi kaperang dadi gunungan jaler lan estri.

Gunungan jaler isine yaiku kacang dawa, wertel, lombok abang gedhe, endhog asin lan klenyem. Ing ngisor gunungan ana sega putih lan lawuh saka asil bumi. Gunungan estri sing dadi rayahan ing Kori Kamandungan isine rengginang utawa ceriping saka ketan sing disundhuk pring, ing ngisor gunungan uga ana sega lan lawuh. Grebeg utawa garebeg saka tembung gembrebeg utawa gemerebeg, sing tegese adicara sing pungkasane bakal gembrebeg, sebabe padha rayahan gunungan.

Miturut Wakil Pengageng Pariwisata lan Museum Karaton Solo, Kanjeng Raden Mas Haryo (KRMH) Satryo Hadinagoro, garebeg gunungan dadi tandha sukur wus bisa nglakoni Sasi Pasa kanthi lancar. “Gunungan jaler lan estri dadi simbul kemakmuran, mula kudu tetep diopeni. Nalika jaler lan estri ora dijaga, bakal bisa gawe bubrah lan menehi bebaya marang manungsa,” kandhane Satryo.

Salah sijine warga, Wariyem, uga melu seneng nalika melu ngrayah gunungan. Tamtu anggone ngrayah ora gampang amarga lawane atusan wong. Sanadyan angel, Wariyem tetep bisa entuk perangan saka gunungan kuwi. “Aku seneng lan pracaya bakal entuk berkah,” kandhane dheweke.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya