Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (27/12/2018) menika kapacak bab Tari Tradhisi.
Solopos.com, SOLO — Swasana pengetan pengetan kaping-36 adeging Sanggar Tari Soeryo Soemirat GPH Herwasto Kusumo ing Teater Besar Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Minggu (23/12/2018) wengi katon regeng lan mampyor.
Bocah-bocah sakbubar pentas wayang kolosal Srikandhi Kridha katon sumringah. Ora ana kang mbesengut utawa kesel. Kamangka wektu kuwi kira-kira wis tabuh 11 bengi.
Salah sawijining bocah sing isih ketok semangat yaiku Stefani, 7. Murid Sekolah Dasar (SD) iku isih nganggo busana tari nalika ketemu