Jagad-jawa
Kamis, 21 Juni 2012 - 11:23 WIB

Golek Bojo sing Seneng Budaya Jawa

Redaksi Solopos.com  /  Is Ariyanto  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - CITRO MITRO - Salah sijine jejer ing lakon carita Penari misteri kang dibabar dening Dagelan Citro Mitro ing Gedhung Taman Balekambang, Kemis (14/6/2012) wengi (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

(FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Mamik, prawan tuwa kang durung duwe bojo. Dheweke pancen ayu lan semok, akeh wong lanang, isih jaka utawa dhudha kang kepingin nglamar dheweke. Nanging, Mamik ora sembarangan milih bojo. Dheweke mung gelem nampa lamarane wong kang preduli marang budaya Jawa, bisa nari Jawa lan nembang Jawa.

Advertisement

Carita Penari Misteri iki digelar dening Dagelan Citro Mitro ing Gedung Taman Balekambang, Kemis (14/6) wengi.

Ana salah sijine juragan sugih saka Jakarta, jenenge Kanjeng Pangeran Norman, dheweke dhudha, kepingin duwe bojo kaya Mamik. “Saking sugihe, aku bisa njembarake segara. Kowe jaluk apa, mesthi tak turuti,” kandhane Norman ing ngarepe Mamik.

Advertisement

Ana salah sijine juragan sugih saka Jakarta, jenenge Kanjeng Pangeran Norman, dheweke dhudha, kepingin duwe bojo kaya Mamik. “Saking sugihe, aku bisa njembarake segara. Kowe jaluk apa, mesthi tak turuti,” kandhane Norman ing ngarepe Mamik.

Mamik gur mesam-mesem, dheweke seneng nanging uga durung bisa nampa Norman. “Kangmas, aku iki kepingin duwe bojo sing seneng karo budaya Jawa, bisa nguri-uri lan ngopeni budaya,” ujare Mamik.

Norman nesu lan rumangsa diasorake, sebabe bandhane kang akeh ora diajeni, montore yen dijejerke ngebaki alun-alun, wira-wiri nggawa helikopter, sawahe jembar banget, ora diregani lan diurmati. Malah golek seniman tari sing mlarat, lan ora bisa dadi piranti kanggo golek papan lan boga. Dheweke banjur nesu lan lunga saka omahe Mamik.

Advertisement

“Kecil nu, bisa wae,” kandhane. Mamik banjur nembang Jawa bareng Gogik. Ana rewange Mamik, jenenge Brintik lan Eklek. Wong loro dadi abdine wongtuwane Mamik. Dagelan polahe batur loro kuwi gawe kepingkel-pingel para pamirsa.

Brintik senenge nggodha Mamik lan wongtuwane sing lagi nampa tamu. Polahe sing kemaki, rumangsa keminter lan sok ngatur-ngatur ndharane. Nanging dheweke uga gemati lan setya marang Mamik lan kulawargane. “Wus pirang-pirang ngabdi marang wongtuwane Mamik, ora pamrih apa-apa, kajaba mung blanja saben sasi, oleh mangan gratis lan turu gratis. Kuwi jenenge ora pamrih, ning senenge njaluk lan apa-apa panjalukane kudu dituruti.”

Nalika Mamik lan Gogik wus kadung tresna, ana wong wadon awake lemu teka-teka ngamuk. Dheweke yaiku bojone Gogik. Nalika kenalan karo Mamik, Gogik ngaku isih jaka ting-ting. Eh, dheweke malah wus duwe bojo kang subur makmur. Banjur Norman kang sugih teka marang Mamik, yen dheweke gelem ngetokake dhuwit kanggo nguri-uri budaya Jawa. “Yen nguri-uri budaya ora ana dhuwit, ya ora bisa, mesthine angel. Mula aku sing sugih lan kuwe sing seneng budaya, dadi pasangan kan serasi.”

Advertisement

Miturut sutradara lan ketua Citro Mitro, Tri Harjono, carita iki nggambarake kahanan saiki kang wus ora preduli marang budaya Jawa. “Bisa amarga kabudayan saka mancanagara, uga bisa amarga urip modheren,” kandhane Tri.

Kajaba kuwi, nguri-nguri lang ngurmati budaya Jawa ora cukup mung seneng, nanging uga bisa ngembangake lan ngajarake ing generasi mudha.

Dagelan Citro Mitro iki wus setaun kepungkur digelar ing Taman Balekambang sakben dina Kemis bengi utawa malem Jemuwah. Saben pentas, dheweke ngundang bebadan swasta lan pamarentah ing Solo supaya bisa mbantu promosi lan nepungake budaya Jawa. Para pemain Citro Mitro, ujare piyambake, wus ora kaya bocah enom. Kabeh wus generasine Gogon, Mamik, Nunung lan liya-liyane. Mula butuh generasi mudha kang preduli marang dagelan Jawa kaya grup Srimulat lan saiki sing isih gayeng yaiku Opera van Java ing tv. “OVJpancen lucu, nanging kok nganggo antem-anteman lan penthung-penthungan barang, kuwi ora becik lan bisa ditiru dening bocah.”

Advertisement

CITRO MITRO - Salah sijine jejer ing lakon carita Penari misteri kang dibabar dening Dagelan Citro Mitro ing Gedhung Taman Balekambang, Kemis (14/6/2012) wengi (FOTO: Ahmad Hartanto/JIBI/SOLOPOS)

Advertisement
Kata Kunci : Bojo Budaya Golek Jawa
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif