SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Plataran Gedung Kesenian Wates, Kulonprogo, Selasa Kliwon, (17/5) katon regeng. Panase cahya srengenge ora nggawe gigrig puluhan wiranom kang padha sumadya ngregengake lomba gobag sodor kang diadhani dening Generasi Muda Kulonprogo (GMK) lan Karang Taruna Kabupaten Kulonprogo.

Gobag sodor mono mujudake salah sawijining dolanan bocah kang wus ana wiwit jaman mbiyen. Tekan saiki, dolanan iki tetep lestari. Penganggep menawa wiranom jaman saiki wus nglaleake gobag sodor ora bener. Buktine, para wiranom saka tlatah Kulonprogo kanyata isih apal lan trengginas mainake dolanan iku ing plataran Gedung Kesenian Wates.   
   
Salah sawijining wiranom, Susilawati, nalika ditemoni Harian Jogja ngendhika menawa dheweke lan kanca-kancane isih isa lan asring dolanan gobag sodor.  Keprigelane Susilawati ing dolanan gobag sodor isa dibukteake nalika Susilawati lan kanca-kancane wiwit main gobag sodor, mungsur kelompok liyane. ”Aku lan kanca-kanca isih eling kabeh aturane,” ujare. Wiwit saka njaga mungsur, mlayu, tekan ngunci mungsuh, Susilawati ngaku isih bisa mainake.
   
Susilawati uga ngendhika, sanajan saiki jaman saya maju lan akeh dolanan saka manca kang sarwa nganggo teknologi moderen, ananging dheweke lan kanca-kancane isih tetep isa lan asring mainake dolanan gobag sodor. Miturut dheweke, menawa ndeleng akehe wiranom kang melu lomba, iku bisa dadi bukti menawa gobag sodor isih tetep lestari.”Yen ora awake dhewe, sapa maneh sing bakal nglestarekake gobag sodor iki. Dolanan iki mono wus ana wiwit aku cilik, dadi kudu tetep dilestareake,”ngono ujare Susilowati.
   
Wiranom liyane, Ratih, uga ngendhika menawa dolanan tradhisional kayadene gobag sodor iku ngemu piwulang kang luhur, lan ora mung mligi wujud dolanan. Miturut Ratih, gobag sodor mono sejatine ngemu piwulang luhur kang banget penting kanggo ndidik morale para wiranom. ”Akeh piwulang luhur ing saknjerone dolanan gobag sodor, kayadene bantu binantu, kebersamaan lan liya-liyane,” ujare Ratih.
   
Bedha kalawan dolanan modern kang tansah nganggo teknologi, kayadene game ing komputer kang luwih mentingake kepinteran pribadi, dolanan kayadene gobag sodor ngutamaake pentinge gotong royong utawa kekompakan. Sakliyane iku, sportivitas uga banget dijunjung ing saben dolanan bocah, kayadene ing gobag sodor.”Bab-bab iki kang banget penting lan perlu ditandhur ing jiwane para wiranom kabeh,” ujare Sucipto, Wakil Ketua Karang Taruna Provinsi DIY, ing acara lomba.
   
Sipat kolektivitas kaya kang ana ing dolanan gobag sodor, miturut Sucipto, wektu iki ora akeh disinau dening para wiranom. Ing jaman saiki, sipat individualistis dianggep luwih penting, merga akehe dolanan moderen kang pancen ngudoake para wiranom misah saka lingkungane. Bab iki sing banget perlu dikuatirake, sebab bisa ngganggu pribadine para wiranom. Babagan iki uga bisa nggawe wiranom gampang kena pengaruh ala saka njaba. ”Tundhone, saiki akeh nom-noman kang keblusuk tumindhak ala, kayadene nindaake colong jupuk, keblusuk nganggo narkoba lan liya-liyane,” ujare Sucipto maneh.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Merga saka iku, kanthi dolanan kang bisa nuwuhake sipat gotong royong lan sportivitas, diajap para wiranom bakale bisa milah-milah endi bab sing ala lan endi bab-bab sing ora bener lan kudu disingkiri. ”Kanthi mengkono, bakale tuwuh para wiranom kang unggul lan nduweni moral kang becik,” ujare sucipto.
   
Babagan nglestareake dolanan tradhisional uga dadi tangggungjawabe pamarentah. Pangupaya nglestareake budaya adiluhung kayadene kang ana ing dolanan gobag sodor kudu tansah terus ditindaake. Bab iki uga kang terus ditindaake Dinas Kebudayaan Pariwisata Pemuda dan Olahraga (Disbudparpora) Kulonprogo.
   
Kepala Disbudparpora Kulonprogo, Sarjana, banget sarujuk lan bakal sedya ngupaya supaya dolanan tradhisional tetep lestari.”Aku percaya dolanan iki bakale tetep lestari. Pokoke, dolanan kayadene gobag sodor bisa tetep dadi agenda saka organisasi pemuda kang ana ing Kulonprogo,” pungkase Sarjana.(Juru Warta Harian Jogja/Arief Junianto)

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya