SOLOPOS.COM - Yohanes Siyamta, Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta

Yohanes Siyamta, Pustakawan Universitas Atma Jaya Yogyakarta

Danguninipun kalih semester, kawiwitan tanggal 5 September 2011 dumugi 29 Juni 2012, mapan ing Seminari Tinggi Santo Paulus Kenthungan Yogyakarta, saben dinten Setu wanci tabuh setengah wolu dumugi tabuh sanga enjang, kula kadhawuhan ngancani para Frater Praja tingkat I – Keuskupan Agung Semarang lan Keuskupan Purwokerto – jroning Gladhen Basa Jawi.

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Ayahan menika kula anggep “gampang-gampang, angel.” Gampilipun, senadyan dangu kula boten mucal langsung ing pawiyatan formal, nanging sawatawis kawruh basa, sastra, budaya tuwin kapustakan Jawi taksih cemathel. Dados babagan materi utawi bahan ajar kantun ndhudhah malih lan lajeng kula aturaken.

Dene angelipun, amargi manut pamanggih kula ing jaman samangke kantun sekedhik nem-neman Jawi ingkang kasdu lan remen ngginakaken basa Jawi. Ing batos kula glendhengan piyambak, “Aja-aja para Frater tingkat I sing bakal padha melu gladhi iki, katut sing ora seneng nggunakake basa Jawa.”

Amargi sampun sagah, mila kula temtu lajeng netepaken langkah. Pindhanipun dhalang ora bakal kurang lakon, mila empat kemampuan berbahasa (sekawan kaprigelan kridha basa) – maos, nyemak, wicara lan nyerat – kula babar lan kula beber kanthi langsam lan boten ngaya, kepara malah sinambi guyon parikena. Angkah kula, amrih para Frater sami remen malih ngginakaken basa Jawi. Amargi ing babagan menapa kemawon, menawi kawiwitan kanthi raos remen lan boten rumaos abot, temtu lajeng badhe lancar lan gampil anggenipun nampi lan lajeng nggadhahi semangat nindakaken gladhi.

Salejengipun, senadyan kula kaparingan ayahan minangka “guru”, nanging cak-cakanipun para Frater kula anggep kanca ingkang sami-sami remen basa Jawi lan lajeng sareng-sareng sinau (belajar bersama). Semester I, kula lan para Frater ndhudhah utawi ngemut-emut  babagan parama sastra, kasusastran, kawruh basa lan kapustakan Jawi. Dene ing semester II sareng-sareng nindakaken praktekipun. Kadosta : maos, wicara, nyerat, seminar, ngetrapaken basa Jawi jroning pangibadah : sembahyangan, margi pamenthangan lan sembahyang tesbeh lan sanes-sanesipun.

Sadangunipun gladhen, mila wonten raos bingah utawi bombong lan sisah (suka dan duka). Bingahipun: Kapisan, bilih kegiatan menika minangka ekstra kurikuler wajib, dados lajeng boten woten Frater ingkang sami mbolos. Kapindho, amargi babagan disiplin mila sampun tumanem jroning manah, sikap lan pakarti, mila sedaya tugas katindakaken kanthi tertib, grengseng lan lancar. Kejawi tugas pungkasan ing seratan refleksi, amargi sareng kaliyan UAS mila lajeng sami mulur malah kepara nglangkungi wekdal deadline ingkang sampun katetepaken. Kaping tiga, para Frater satuhu taat, gapyak lan semanak.

Dene sisahipun namung setunggal, bilih wekdal-wekdal tartamtu, wonten saperangan ingkang sami ngantuk. Karana metodenipun sinau sesarengan, mila senadyan ngantuk boten badhe kula lokaken lan boten badhe kula sruwe lan ugi boten kula setrap.

Ing pungkasaning pasinaon utawi gladhen, asil karyanipun para Frater wau kakempalaken lan kababar wujud buku antologi ingkang kandelipun 150 kanthi irah-irahan “Basa Jawa Isih Piguna”. Isinipun inggih menika geguritan wonten 27 irah-irahan, tembang macapat gunggungipun wonten 23, gancar wujud wedharan tuwin makalah wonten 8, sawatawis parikan lan bawa raos utawi refleksi wonten 19. Kabiwarakaken utawi dipunlaunching ing adicara Syukuran Bakda Tahbisan Imam Praja Keuskupan Agung Semarang tanggal 29 Juni 2012 mapan ing Seminari Tinggi Kenthungan Yogyakarta.

Kupiya ngempalekan lan mujudaken seratan ingkang kababar awujud buku menika, utaminipun minangka simpenan seratan utawi dokementasi karya. Eman-eman sanget menawi seratan ingkang sampun kadamel menika lajeng pethil-pethil, sumebar lan malah dipunbucal.

Kanthi kababaripun seratan minangka buku, mugi nuwuhaken raos bombong lan mongkog tumrap para Frater ingkang sami nindakaken gladhi. Saboten-botenipun, sampun nate mbabar seratan abasa Jawi. Syukur bage manawi para Frater lajeng sami nggadahi krenteg tansah badhe migunakaken basa Jawi kanthi laras lan leres (baik dan benar) jroning nindakaken pakaryan ing samangke rikalanipun ngasta minangka imam diosesan ing Keuskupan Agung Semarang lan Keuskupan Purwokerto. Jalaran ing kalih Keuskupan menika basa Jawi taksih mratah lan panggah dipunginakaken.

Menapa ingkang sampun katindakaken dening para frater ingkang yuswanipun mila taksih mudha, kanthi kersa sinau lan tansah anggladhi babagan budaya, basa, sastra tuwin kapustakan Jawi lan malah mujudaken karyanipun dados buku antologi, mugi saged dados sumbang surung tuwin panyengkuyung tumrap para mudha sanesipun. Amrih tansah remen ngginakaken, nguri-uri tuwin anjagi murih letarining basa, sastra tuwin budaya Jawi. Nuwun.

Sidomulyo, surya kaping 11 Juli 2012

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya