SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Sadewo, sawijining jejaka ing dhaerah Praci pancen bagus. Gedhe dhuwur, pakulitane kuning, rambute bakung lan kumise rada kandel. Dheweke lagi bae diangkat dadi PNS. Sadewo diangkat dadi guru ing sawijining sekolah menengah ing Kabupaten Gunungkidul. Umure wis ngancik 26 tahun, nanging durung omah-omah. Sejatine ing kantore uga akeh kancane putri kang isih legan lan kulina kekancan karo Sadewo. Nanging durung anak sing bisa nyanthol ing atine. Dhasar Sadewo tipe-ne wong seneng gegojegan, dadi gampang akrab karo sapa bae. Apa maneh karo kanca-kancane putri kang isih legan. Manawa dina Minggu utawa sore-sore, kabeh padha dolan mrana-mrene, jajan bareng, manawa sinawang katon guyup rukun karo kancane sakkantor. Sanajan wis dadi pegawe, wis dadi pak guru, bu guru, nanging gandheng isih padha enome tur isih legan kabeh, mula ya ra papa manawa padha grudag-grugug, mrana-mrene nyeneng-nyenengke ati. Dhasar Sadewo wonge luwes, yen omongan ceplas-ceplos sajak tanpa dipikir dawa dadi kanca-kancane kerep padha ngguyu yen krungu omongane Sadewo.

Ing sawijining dina para pegawe anom ing sekolahan iku arep dolan neng Pantai Nampu ing Paranggupito, Wonogiri.

Promosi Sejarah KA: Dibangun Belanda, Dibongkar Jepang, Nyaman di Era Ignasius Jonan

”Pak Sadewo, piye yen dina Minggu sesuk rekreasi neng Pantai Nampu?” ngono kandhane Pak Parlan.

”Oke, cocog banget!”

”Mengko numpak sepedha motor bae, gonceng-goncengan ben gayeng. Piye Pak, setuju ta?”

”Mesthi setuju, karo ngumbah mata je, njur mengko ceweke sing arep melu neng Pantai Nampu sapa bae?”

”Mbak Ratri, Tari lan Bu Minthuk.”

”Ooo… ngono, mbok ceweke ki sing diajak loro bae, Mbak Ratri karo Tari, terus Si Minthel ki ora prelu dijak.”

”Minthel ki sapa ta Pak?”

“Minthel ki yo Bu Minthuk kuwi hlo karepku, dheweke ki ora prelu dijak dolan neng Pantai Nampu, ngapaaaa… nyebeli yaaaa.”

“Hus… njenengan ki ngawur, mesakne hlh Pak, mbok ya aja kaya ngono. Aku wis kebacut ngajak kok. Aku ora mbedak-mbedakake ing antarane kanca siji lan sijine. Awake dhewe iki rak nyambut gawe dadi sakkantor dadi bebasan kaya sedulur dhewe,” ngono kandane Pak Parlan.

”Wah… aku kok dadi ra selera, ra minat yen Minthel melu. Yen ngono aku ra melu bae, sori ya!”

”Hlo… hlo… Hla kok malah ngono, lha njur piye, yen ora ana njenengan ora gayeng ki Pak!”

”Ya terserah, aku ki yen karo Minthel gething banget, dikon nyawang bae paribasan mburuhke, hla kok dikon dolan bareng. Mbok wis minggu-minggu trima ana omah bae turu, ngeloni kucing ya ra papa, timbang nyawang Minthel.”

Wiwit ketemu sepisan Sadewo pancen nduweni rasa ora seneng weruh penampilane Bu Minthuk.

”Ya wis… ya wis… yen ngono suk Minggu Bu Minthuk ora usah dijak neng Pantai Nampu. Yen ngono Bu Minthuk tak apusane bae. Mengko arep tak kandhani manawa rencana arep rekreasi neng Pantai Nampu suk Minggu ora sida. Wis ben arep tak SMS bae, ben ora takon apa sebabe kok ora sida.”

Kandha mangkono Pak Parlan karo uthak-uthik mijet HP-ne saperlu ngirimake SMS marang Bu Minthuk.

”Pak Sadewo… Bu Minthuk wis tak SMS, tak kandhani manawa acara neng Pantai Nampu dibatalke. Dadi sesuk Bu Minthuk ora sida dijak neng Pantai Nampu. Piye Pak, njenengan rak ya sida tindak beramai-ramai neng Pantai Nampu ta?”

”Ya jelas sida no, wong dolan ki kasenenganku.”

Bubar omong mangkono Sadewo banjur nyanyi-nyanyi, singsot-songsot sajak seneng atine.

 

****

 

Dina Minggu, Sadewo lan kanca-kancane dolan bareng-bareng menyang Pantai Nampu. Sing mangkat kabeh ana limang sepedha motor, padha gonceng-goncengan. Mangkate isih esuk kira-kira jam wolu lan nganti wayah sore lagi padha bali.

Kira-kira sepuluh dina saka anggone padha dolan neng Pantai Nampu, ing kantore Sadewo arep ana acara perpisahan kepala sekolah, amarga kepala sekolahe mundhak pangkat dadi pengawas. Wektu iku Bu Minthuk kadhapuk dadi pangarsa panitia perpisahan kepala sekolah. Mula Bu Minthuk nduwe tugas maju neng mimbar saperlu mbukak adicara. Wektu Bu Minthuk maju neng mimbar, kabeh katon padha meneng lan nggatekke banget. Nanging Sadewo bae kang gemremeng, ndrememeng dhewe.

”Manungsa kaya Si Minthel ngono bae hla kok ya dikon maju pidhato neng mimbar, hla wong lagi rupane bae ya wis ora mendukung, suwara elek ngeprek ngono bae kok ya ndadak diwadhahi pengeras, yen pengeras-e pecah piye hara!” ngono kandhane Sadewo karo katon ngece, sajak nesu karo bengak-bengok.

“Eee… Lan… Pak Parlan… kepala sekolahmu ki piye ta, mosok Minthel kok dikon maju neng mimbar. Apa kantor semene gedhene ki wis ora ana uwong liyane. Si Minthel malah didadekake pangarsa panitia. Hla wong disawang bae wis gawe neg dhisik. Yen nganggo klambi ebra-ebro, yen mlaku edal-edol, bokonge medol-medol, lambene abang mlonor. Pantese si Minthel ki ora dadi pangarsa panitia, ora pidhato neng mimbar, malah mung ngisin-ngisini,” ngono omelane Pak Sadewo mung sak kecekele nganti Bu Minthuk dhewe suwe-suwe uga rumangsa amarga Sadewo iku manawa nyuwara bengak-bengok ora tedheng aling-aling.

“Jane aku iki ngapa ta, kok Pak Sadewo ki omongane ora karuwan kaya ngana? Aku ki wis ngrumangsani yen ora ayu, ora pinter, apa-apaku pancen elek,” ngana grenenge Bu Minthuk karo sajak rada isin lan nelangsa.

“Mbok sampun Bu, mboten sisah dipunpenggalih. Pak Sadewo watakipun pancen ngaten kok,” ngana kandhane Bu Nias nglipur atine Bu Minthuk.

Bubar kedadeyan iku Bu Minthuk dadi katon wedi lan isin. Yen ketemu Sadewo ora nate sapa aruh. Malah Sadewo bae sing tambah clometan. Saben-saben weruh penampilane Bu Minthuk, mesthi ngelokne. Kabeh solah bawa lan tingkahe Bu Minthuk mung disalahke, digeguyu, diece lan sakpanunggalane.

Nganti Bu Minthuk suwe-suwe katon isin banget lan mindher. Amarga pancen omongane Sadewo mundhak dina saya ora enak dirungokake deneng Bu Minthuk. Nanging Bu Minthuk ora nate gelem mbales rembugane Sadewo sing tansah ngece lan nyinggung perasaan iku.

Kurang luwih rong sasi saka anane prastawa iku ana kabar sumebar jarene Pak Sadewo arep dadi manten. Kanca-kanca sakkantor padha kasak-kusuk, pating drulit padha takon sapa calon bojone Si Sadewo. Nanging kabeh ora ngreti. Mangka wektu pelaksanaan pernikahane Sadewo karek kurang seminggu maneh. Pak Sadewo dhewe yen ditakoni masalah sapa calon bojone, ora nate gelem ngaku. Mung mesam-mesem “Tunggu aja tanggal mainnya“. Ngono wangsulane Sadewo saben-saben ditakoni kancane.

Binarung karo ombyaking warta Pak Sadewo kang jarene arep ningkah, ketambahan ana warta anyar maneh kang uga wiwit sumebar, jarene Bu Minthuk uga arep ningkah alias dadi manten.



“Hloooo….iki piye ta…jare Bu Minthuk ya minggu ngarep ki anggone arep dadi manten!” Ngono grenenge kanca-kanca kantor.

“Haloo…. halooo… kanca-kanca rungokna sing temenan, tak kandhani, nanging aja padha kaget yaa.. ngguyuwa bae sak gelemmu.”

“Ana warta apa Bu? Cepet kandhakna.”

“Pak Sadewo arep dadi manten entuk Bu Minthuk.”

“Wooo…ya Allah… piye ta, ora mungkin wong Pak Sadewo bae gethinge karo Bu Minthuk ora karuwan kok.”

“Yen panjenengan kabeh ki padha ora pracaya ya terserah. Aku ki ketemu karo tanggane Bu Minthuk ing dhaerahe kana. Tanggane iku nyritakake menawa minggu ngarep Bu Minthuk iku arep dadi manten entuk kanca tunggal kantor sing jenenge Sadewo. Wektu iki jarene undhangane uga wis sumebar.”

“Wooo… yen ngana berarti ya tenan. Semprul… semprul Sadewo iku pancen bocah ora patut temenan,” ngana swarane kanca-kancane sak kantor karo padha ngguyu ngakak ha….ha….ha….

Tekan titi wanci kang wis ditemtokake ing undhangan, kabeh kanca kantor padha jagong. Pancen bener-bener menawa Sadewo dadi manten entuk Bu Minthuk. Nanging tingkahe Sadewo marang Bu Minthuk wis ora kaya wektu-wektu kepungkur. Polatane Sadewo katon sumeh semringah sajak seneng. Semana uga Bu Minthuk katon anteng mesam-mesem. Wektu dikirabake, Sadewo anggone mlaku alon-alon banget karo nggandheng Bu Minthuk sajak mesra. Semana uga Bu Minthuk uga katon ngethapel anggone nggondheli Sadewo.

Kanca-kanca sak kantor akeh-akehe mung padha ngguyu karo ndrememeng sakarepe dhewe-dhewe. Kabeh padha kelingan gethinge Sadewo marang Bu Minthuk.



Bubar mantenan anggone njaluk cuti seminggu. Bareng cutine wis rampung banjur mlebu neng katnor maneh runtang-runtung padha gegandhengan. Nanging saiki Sadewo tingkahe wis beda banget karo dhek emben. Dadi anteng ora kakehan omong. Bu Minthuk katon rada pucet lan tansah muntah-muntah bae. Jarene wis wiwit nyidam. Mula kanca-kancane sak kantor ora liya ya mung padha alok lan anggeguyu. Sadewo…Sadewo…jarene gething lakok mlangkring.





Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya