SOLOPOS.COM - Sunaryo Haryo Bayu/JIBI/SOLOPOS

Sunaryo Haryo Bayu/JIBI/SOLOPOS

Gelar kebangsawanan ing Indonesia diparingake ratu marang warga karaton kang duwe hak. Hak kuwi kayata diduweni ngarsa dalem, putrane raja, prameswari, abdi dalem lan sapanunggalane. Ananging masarakat jaba utawa kang ora duwe trah kusuma, uga bisa duwe gelar kebangsawanan saka Sinuhun. Gelar kuwi diparingake marang sapa wae kang duwe lelabetan marang karaton lan budaya.

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Miturut dhosen lan budayawan Mangkunegaran, RNg Edy Sulistiono, nalika karaton isih jaya lan mengku kuwasa, ora sembarang wong bisa nduweni gelar utawa antuk gelar saka karaton, nanging mung wong kang duwe lelabetan wae kang bisa nambahi gelar ing ngarepe jenenge. “Gelar kuwi diparingake ratu minangka tandha urmat pakurmatan marang wong kang duwe lelabetan. Gelar kuwi bisa dadi barang kang aji lan wigati awit wong kang duwe gelar iku bakale luwih kajen utawa diurmati.

Masarakat Jawa, kandhane Edy, isih duwe rasa urmat marang wong kang duwe gelar kebangsawanan. Sebabe, gelar kuwi menehi tetenger yaiku isih duwe gegandhengan karo karaton, kamangka karaton kuwi papan panggonan kang kusuma, apik lan nglumpukke tata krama tuwin unggah-ungguh. Mula, sapa wae kang duwe gelar saka karaton, mesthi ing masarakat duwe papan panggonan kang luwih becik lan kurmat.

Gelar kuwi uga bisa diparingake marang para tamu lan bangsawan saka nagari liya. Gelar marang tamu kuwi bisa diarani kanugrahan utawa sri nugraha. Gelar kasebut bisa ngraketake paseduluran antarane ratu siji lan sijine, sesambungan kang apik saka nagari siji marang nagari liyane. Nanging ratu ing jaman semana ora waton lan kesusu paring gelar. Sebab gelar kuwi bisa dinggo tumindak ala dening wong kang duwe niyat ala. Mula, wong kang antuk gelar kudune duwe kalinuwihan kang dianggep mirunggan utawa lelabetan marang karaton.

Kajaba kuwi, jaman saiki akeh wong kang uga bisa nyuwun gelar marang ratu. “Wong kang duwe pangkat dhuwur, duwe bandha sugih, kayane durung trep nalika durung duwe gelar saka Karaton Mataram. Mula gelar bisa disuwun, mesthine uga ana regane,” kandhane Edy kang uga duwe gelar Raden Ngabehi saka Karaton Surakarta Hadiningrat. Piyambake diparingi gelar amarga duwe lelabetan ing budaya Jawa, yakuwi pasinaon budaya lan uga ndhalang.

Mula, gelar kang trep yakuwi nalika jaman semana, gelar ora barang kang murah, bisa didol tinuku. “Gelar kuwi saka ratu, hak prerogative-e ratu. Kulawarga ratu, saya maneh abdi dalem kudu sarujuk marang raja. Mula gelar bisa duwe pangaji banget amarga sing menehi kuwi ratu kanthi langsung, panguwasa ing tlatah Jawa kang nguwasani sak adohe mripat ndeleng wewengkon, jembar banget.”

Kahanan kuwi beda nalika jaman PB XI lan sadurunge. Gelar kuwi pancen diparingake marang wong kang duwe hak, uga wong kang duwe lelabetan marang karaton. “Ora mung kuwi, wong kan duwe kapinteran, duwe lelabetan marang lingkungan uga ditimbali Sinuhun ing karaton kanggo nampa gelar. Kaya contone wong kang nandhur wit-witan ing lemah garing, utawa wong kang ngajarake budaya Jawa. Wong kaya mangkono malah ditimbali Sinuhun,” ujare.

Mula, jaman semana, wong kang duwe gelar kuwi pancen kajen banget ing masarakat. Gelar kang bisa didol tinuku bakal bisa mudhunake pakurmatane masarakat marang gelar iku. “Gelar wus kaya ora duwe pangaji, beda banget nalika jamane gelar ora bisa didol tinuku,” kandhane.

Sapa wae kang duwe bandha, ora ndheleng kuwi sapa, apa duwe lelabetan marang budaya utawa babar blas ora mudeng, bisa wae diwenehi gelar. Babagan iki pancen gawe prihatin lan suwe-suwe gelar kang wingit lan dadi pratandha pakurmatan marang wong kang duwe lelabetan, wus ora duwe aji maneh.

Saiki, gelar bisa wae kanggo gagah-gagahan lan ora ana sambungane karo kabudayan Jawa. Ing Jawa, ana tetembungan adigang adigung adiguna. Yakuwi adigang tegese wong kang seneng nuduhake kakuwatane, adigung wong kang seneng nuduhake gedhene, lan adiguna yaiku wong kang seneng nuduhake kapinterane. “Upama gelar ditampa wong kang salah, bisa dadi adigang adigung adiguna,” kandhane.

Gelar kuwi kaya gelar akademis. Wong kang duwe gelar profesor, nanging ora duwe karya lan bisa migunani ing masarakat, mula gelar kuwi mung tulisan, ora ana ajine. Senadyan amung dwija, nalika bisa miguna marang wong liya, duwe karya kang madhangake kahanan, mula deweke luwih minulya. Sejatine gelar kuwi amung tulisan nalika ora duwe aji lan miguna. Ananging bisa dadi pangaji kang gedhe, nalika sing duwe gelar kuwi bisa miguna.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya