Bang Esuk
Esuk-esuk uthuk-uthuk
Jagone kluruk
Srengengene nyunar
Bang bang wes rahina
Para kadang tani
Padha menyang sawah
Laku guru swarane
Ngebaki dalan
Para warga kampung
Ngusungi tetanen
Para damen damen
jare kandhane kanggo
Aran wong cilik
Wes ambyur ing palagan
Sawah
Swara srak srek
Tangga tangga olehe nyapu latar
Bakule blanjanan wes mapak
Gawa sak warunge ana ing bronjong
Kembang lan tetanduran
Mesem guyu ora ana kang ganggu
Ocehan manuk, kupu mencok ora ana sing ngruda
Kabeh manggon papan dhewe
Banyu Panguripan
Ngetuk
Tuk ing uni saka njero bumi
Kadal, tekek, bencok, luwing, pacet, lintah, cacing, kinjeng, uler
Isih turu mlungker
Saba nora ganggu gawe
Sik ganggu gawe baliya
marang asal-muasalmu
Ana ing kampung urip rukun
Ora padha seneng congkrah
Dadi banyu baliya banyu
Geni dadiya geni
Urip urup
Yen mangerti endi geni endi mawa
Mula balekna banyu panguripan
Ben ora kadasat
Kasat
Gurit Ampak Tumurun
Mbah Konyil
Lambene komat kamit dremimil
Maca mantra jupa japu
Donga sapu jagad
Enggal sumingkir
Bebaya aja lena aja kena goda
Tetep eling waspada
Kir sumingkir kir sumingkir
Pagebluk pedhut
Ampak-ampak Ambar ketawang
Dadi banyu baliya banyu
Menyang segara
Mancaka gunung dadiya gunung
Dadi geni baliya geni
Baliya menyang asalmu
Kir sumingkir
Baya lena
Pagebluk dhuhkitha samsara
Enggal tamakna
Donga sapu jagad
Ing bumi baliya menyang asalmu
Mbah Konyil dremimil
Komat kamit maca Japa mantra
Uwalana saka bebaya
Anak putu sedaya
Kalis nir sambikala
Dina Setu
Sore iki awak kaya dhitaleni dhipan
Isih seneng rebahan
Nonton njaba langit mendhung limengan
Nanging awak ora bisa diajak menyat
Mangkat
Rasane aras-arasen
Apa marga iki dina Setu
Awak abot kaya dibandhuli watu
Kamangka sore iki aku kudu metu
Nanging kok ya angel temen
Dijak gumregah
Menyat
Nyetater
Pit montor
Balapan karo udan sing wes gumandhul ana
Ing ndhuwur wuwungan omah
Nanging aku kudu mangkat
Wit-witan
Ngawe-awe
Mbok enggal
Selak udan
Aku njranthal
Lha terus apa sesambungane
Karo dina Setu
Dina Setu
Sore iki awak kaya dhitaleni dhipan
Isih seneng rebahan
Nonton njaba langit mendhung limengan
Nanging awak ora bisa diajak menyat
Mangkat
Adat Widi Widana
Dauping pinanganten kekalih
Kadya jambe sinigar
Ngrasuk hangraga sukma
Gebyur ing madyaning bebanten kekalih
Sarimbitan pinanganten
Pinanganten putri gandes luwes mlakune kadya macan luwe
Cumlorote kadya wulan ndadari
Pasuryane sumlorong kadya nyi blorong
Jalunipun kadya gusti kusuma
Sesembahan sunan hamengkubuwana hanyakrakusuma
Saindengan widodari atur tedak siti
Marcapada atur sembah sungkem dumateng kadya ratu lan raja
Ingkang nganthi patah sakembaran lan putri domas kang edi peni
Sulistiya ing warni
Kairing tembang gending kebo giro kirap pinanganten
Sedaya paring dedonga lan pepuja dumateng gusti
Mugi mrih salamiya
Nir ing sambikala
Pawiwahan Ageng Mahargyan
Janur janur melengkung
Kembar mayang sakembaran
Wis siapke ing balai agung
Gendhing Ibu Pertiwi kumelun
Dhauping penganten kekalih dipun atur juru paes
Temu pinanganten
Jejeran gedhang raja rung tundun
Ana ing jejeran bale agung
Kendhi lan alu katutup lurik
Adat mecah endog lan
Sesuci kang raka
Dhuh ibu bapa
Ngger
Upacara sungkeman
Rama lan Ibu
Penganten lungguh ndhodhok nyuwun pangestu mara rama ibu
Dedonganipun tiyang sepuh mangestuni lampahing pinanganten kekalih
Dados suluh salira
Penganten kekalih
Nandur gedhang
Nuwuhake wiji bebarayan ageng
Upacara Bubak Kawah
Juru bubak nyiapake uba rampe
Adat bubak kawah
Kangge wong mantu sepisan kudu ana acara adat bubak kawah
Wiji kawak isih kawak pengantin
Wiji uwi gembili
Beras kuning
Juru bubak
Titah Gusti ngayahi wajib mantu sepindah
Nalika
Taksih jaka kumala kumpul prawan sunti
Angganda lan rasa
Pinaringan wiji sejati
Wiji wijining manungsa saking suwarga
Maturunaken dateng mayapada
jangkep sesasi maya maya
Banyu patang prakara
Patang sasi limang sasi si jabang gono nedi kupat lepet
rujak bentis cengkir gading pelem tali jiwa
idam idaman gesang manungsa
Gadhung gulur
Ngancik nem sasi sampun wujud manungsa
Asulur asma agadang rikma
Lung lung gadung rambatan gunung
Gadhung walur wong liya dadi sedulur
Lajeng pitung sasi tingkepi
Padusane sednadng pancuran
Ancik ancike watu gilang
Wolung sasi ngungak telenging samudera
Ada bokor kencana ana kendaga kencana
Isinipun raga sejati lan suksma sejati
Sangang sasi jabang bayi pingin padhang hawa
Bukak Kuali
Sak kawak-kawake kuali tutup
Isih kawak sri pengantin sekalian
Sekar kuncup sak menika megar
Bubakan kawah
Bikak tetanen boten enten kalising samubarang
Isen-isen
Niat ingsun bukak
Kuali tutup
Lumbung gadhung
Kabukak
Gabah kawak
Sak kawak-kawake taksih kawak pengantin
Taksih anak pengantin sekalian
Tela lan kenthang
Sak kawak-kawake kenthang taksih kawak pengantine
Uwi gembili
Taksih kawak pengantin sekalian
Jagung kawak
Bili kawak gadhung waluh kawak
Kebak mencep kaworan donga slamet
Tetedhan opak criping jadah jenang tape
Sak kawake tetedhan taksih kawak pengantin sekalian
Bukakan kawak
Donga slamet
Sun muji muji
Donga tolak balak
Kabar Duhkita
: Didied
Ana layon kelayung layung
Swarane wong sing lagi nandang sungkawa
Baline ora kandha kandha
Agawe nrataping nala
Banyu mili netes eluh
Dhuhkita
Praptaning layon marang pangkuanipun Gusti
Mugiya dipun jembaraken kuburanipun
Gusti
Sinten malih ingkang marak sowan
Sak kumleyangipun godhong asem
Sampun dados dalan pepesthinipun
Mugiya pun apura sedaya salah lan dosa
Sak dereng jenasah pun leremaken ing astana pralaya
Sanak sederek
Bukak pethi kang pungkasan
Sung tindak sare ing dalem agung
Ing parengkuhanipun Gusti
Sus S. Hardjono lair 5 Nopember l969 ing Sragen. Nulis puisi, cerpen lan geguritan, uga novel, wiwit isih dadi mahasiswa. Maneka warna karyane kapacak ing saperangan media ing tlatah Yogyakarta lan Jawa Tengah.
Aktif ing Aliansi Peduli Perempuan Sukowati (APPS), Yayasan Indonesia Sejahtera (YIS) Solo, Yayasan Darmakumara Solo (Yayasan Pengembangan dan Pelestarian Kebudayaan Jawa), ing KPPS, Mansaceria, Teater Gatra, lsp. Tahun 2017 nampa pahargyan Guru Peduli Sastra saka Balai Bahasa Jawa Tengah.