SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Cidra

wis wiwit akeh kang dhemen cidra
kaya rembulan kang dhedhelikan ing mega
kaya lintang-lintang kang gething
marang sumunare cahya
ya wis ora apa-apa

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

wis wiwit padha dhemen cidra
iki satemene panodhi
apa bisa mekar lan njembarake kawicaksananmu
lan jerone kesabaranmu

wis wiwit ana tandha dhemen cidra
akeh kang durung kebak kedhunge jiwa
isih ketara lokake daya
ringkihe ati dhemen mblenjani

Jepara, 2021.

 

Ekspedisi Mudik 2024

Sedulur-sedulur Sinarawedi

pawongan kang dhemen omong rada dionggrong
kang satemene sepele digedhek-gedhekake
kang satemene entheng digawe antep manut penganggepe
kang mengkono manut simbah-buyut biyen jare: nggedebas

tansaya dhuwur pangonggronge
tansaya melar-amba nggedhabyahe
manut simbah-buyut biyen jare : nggedhebus

nggedhebas karo nggedhebus ruket banget
jare saka keluwarga kang padha
padha sumlemete

ana kang luwih kenceng maneh omongane
senajan teteh bener pangucape
nanging kerep keleru cak-cakane
simbah-buyut biyen yen ngarani : plekenthang
isih ana kang luwih dimantep-mantepake
ing saben omongan-omongane
nanging mung kerep pecothat-pecothot kanyatane
simbah-buyut biyen ngarani : plekenthung

plekenthang karo plekenthung isih tunggal brayat

Jepara, 2021.

 

Wektu

wektu ora bisa digunting
supaya ora tansaya modot maju
supaya isih kumanan dawa umurmu
apa maneh yen karepmu
kanggo golek kalodhangan ngilangi dosa-dosamu

kabeh wis ana jatahe
kabeh wis ana cathetan-cathetane
malaekat kang kajibah pandum rejeki lan njabel pati
babar pisan ora bakal bisa ngowahi

mula saben pecak ing laku
cinathet ing dlamakanmu
ing saben muna-muni
kasimpen suwara-suwara iku
bakal dibaleni muni pinangka seksi

Jepara, 2021.

Dina-dina

dina iki, ana dina wingi
disusul dina sesuk
dina iki dadi wingi
bakal dadi wingenane kang suwi
nganti lali

dina mbaka dina nggriwili
ceblok kasentor banyu mili
utawa kleyang kabur kanginan
kabuncang ilang
ora bakal bisa bali
wis lali, wis dilali-ali

ora krasa karo dina wingi
umur wis suda sedina
ilang seminggu, seminggu kepungkur
sesasi kepungkur, setaun kepungkur
ora bisa diundur

Jepara, 2021.

Umur

umur wis dadi jatahku, jatahmu
senajan suwene ora padha
umurku lan umurmu ora krasa
digrogoti dina
tansaya suda

umurku lan umurmu kang wis kadhung musna
dipoles apa?
akeh kang padha lali
kangelan nenimbang lan ninthingi

ing sandhuwure umurku lan umurmu
ana kang nguladi
ing sandhuwure pecak laku
diantu-antu punggele jatahku lan jatahmu

Jepara, 2021.

 

Dosa-dosa

dosa-dosa tansah nguladi kowe-aku
supaya kowe-aku keladuk ing seja kang keliru
dosa-dosa tansah siyaga ing sakiwa-tengene dalan
kang kowe-aku pecaki lan liwati
ngglandhang ngiwa, nyeret nengen
supaya wurung ing lempenge sejamu lan sejaku
supaya kelangan kawicaksanan
gampang nemah kaluputan

dosa-dosa tansah dhemen nyrimpeti
jangkaku lan jangkahmu
jangkahe kabecikan
njlomprongake marang kacilakan



Jepara, 2021.

 

Paling Bener

rumangsa paling bener
laler emoh diarani mbeler
blebar-bleber, sliwar-sliwer

ya wis kaya mengkono iku kodrate
yen diowahi malah dadi mlengse
— mengkono mau panemune

menclok ing borok
pindhah ing mangkok
ngureg-ureg ngambakake tatu
rumangsa ora keleru
rumangsa ora kena disendhu

Jepara, 2021.

 

Kang Prayitna



detik mbaka detik
ilang mbaka sethithik
menit mbaka menit
lunga tanpa pamit

dina-dina musna ora nglegewa
minggu keplayu nganti maewu-ewu

ing saben pungkasane taun
panen getun
ing kumlebate penglamun
ana cuwa
saka panglenggana
saka sepi kang nduwa-nduwa

saiki ing dina-dina
kang isih bisa dipecaki
embuh kari sepira
kang kudu dicakna

kang prayitna
ing pangelik-elike dina

Jepara, 2021.

Kudu Pinter Ngrasakna

gadoh-gadoh, gadoh-gadoh
ing ngendi-ngendi
lagi usum saiki
o, gadoh-gadoh

sing ora ana
ing sakiwa-tengene tangga
uga melu ngrasakna
saka pawarta-pawarta kang ngumbara
njumantara



gaduh-gaduh, gaduh-gaduh
ora gelem wisuh
rusuh – trenyuh

gaduh-gaduh, gadhuh-gadhuh
mrajak
gadho-gadho, gadho-gadho
ing jakarta kethoprak

o, nar, nar!
kepriye?
ayemmu ora jamak
amemmu ora sanak
saben esuk mung ngerek manuk
kalungan andhuk

o, apa ora ngerti
angin cepet ngusung mendhung
yen kututmu kudanan
ora gelem manggung

o, gadho-gadho, gadho-gadho
campur-campur
kudu pinter ngrasakna
supaya wicaksana

Jepara, 2021.

 

Sunardi KS, penggurit saka tlatah Jepara, buku kumpulan gurite Wegah Dadi Semar (2012)



Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya