SOLOPOS.COM - Petani menabur pupuk di sawahnya di Kabupaten Batang, Provinsi Jawa Tengah, Selasa (28/6/2022). Pemerintah telah meluncurkan program Kredit Usaha Rakyat (KUR) untuk sektor pertanian dengan plafon Rp90 triliun dan telah tersalurkan Rp46,6 triliun atau sebesar 51,8% dari target. (Antara/Harviyan Perdana Putra)

Dhawuhe Pak Kyai

Kenengapa ndadak congkrah
Congkrah kuwi ngajak bubrah
Timbang congkrah luwih becik ngaji Quran
Ditambahi amalan wiritan sholawatan sing temenan

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Omah ing donya kuwi mung sawijine ampiran
Tegese ampiran iku mung sedhela
Ora langgeng kaya sing kok angen-angen
Mula angudiya ngelmu lan amal kabecikan

Sejatine omahmu sing langgeng iku kuburan
Iki ora meden-medeni nanging tenan
Dadi piweling marang sliramu lan sanak kadang
Murih padha gelem mawas dhiri saya cedhaka mring Gusti

Bantul, 26 Juli 2022

 

Subuh

Wayah subuh hawane adhem njekut
Bantal guling daksingkirake
Menyang pancuran kudu wudlu
Ces rasa banyu kaya es
Nindakake shalat subuh
Netepi dhawuhe Gusti kang Kuwasa

Puji syukur marang Hyang Agung
Donga shalawat mumbul tekan langit
Pasrah dosa nggrantes nyuwun pangapura
Ndedonga nyenyuwun marang Gusti
Muga-muga kaparingan bagas kuwarasan

Bisa nindakake pakaryan
Aman didohake saka alangan
Rejeki sempulur barokah
Katetepna iman lan taqwa
Murih slamet urip ing donya
Uga ing akherat sing bakal teka

Bantul, 16 Juli 2022

 

Endahe Esemmu

Wengi kang endah
Lintang-lintang ing akasa
Cahyane endah pating glebyar
Endahe kerlap kerlipe lintang

Kepengin tansah nyawang
Nadyan adoh dununge
Nanging banget nengsemake
Cahyane lintang wengi iki

Kadya endahe sunar netramu
Kang tansah angreridhu ati
Tansah gawe kangen
Rasa kangenkuora bisa dakselaki

Napaki wengi kang terus lumaku
Abyore lintang-lintang sinawang saya endah
Ing antarane kerlap-kerlipe lintang kae
Tansah katon gawang-gawang esemmu

Bantul, 15 Juli 2022

 

Endahe Wayah Esuk

Krasa semilire angin tumiyup
Ngobahake pang-pang lan gegodhongan
Sawah kang jembar ngilak-ilak
Tanduran pari wis katon kuning
Sedhela maneh Pak Tani panen parine

Manuk blekok mabur reruntungan
Manuk emprit sajodho mabur oyak-oyakan
Karo tresnane padha luru rejeki
Swara kumricike banyu kali
Kango ngelebi sawah sakiwa tengenne

Ing sisih wetan katon pegunungan biru
Gunung Merapi katon gagah ing sisih lor
Kang ora tau nyelaki janji
Endah sinawang nengsemake ati

Srengenge wus cumlorot cahyane
Miyak pedhut peteng kang nutupi desa
Guyup rukun tandang gawe
Kebak rasa tepa selira
Kadang tani sengkud makarya



Bantul, 12 Juli 2022

 

Kepranan Marang Basa Jawa

Wong sing kepranan marang Basa Jawa
Sasolahe sarwa prasaja
Bisa nglungguhake tata krama
Gunemane alon-alon lan nganggo subasita

Nganggo Basa Jawa ngoko utawa Basa Jawa krama
Aja nganti nglarani atine wong liya
Murih luhur bebudenira

Wong Jawa isih ngugemi unggah–ungguh
Nengenake tepa selira
Adoh saka rasa gumedhe
Ngajeni marang sapadha-padha

Bantul, 26 Juli 2022

 

Sejatine Urip Iki

Mangertiya sejatine urip iki ana sing nguripi
Sing nguripi ora liya ya Allah kang Maha Suci
Nyawa mung siji titipan Ilahi
Kapan dikersakke kabeh ora ngerti

Sing ngerti Malaikat jurupati
Mula sedulur aja padha kemlinthi
Urip ing donya ya mung sedhela
Ora ngerti saiki tetembangan mengko siaran

Mula sedulur aja padha manut setan
Sing wis ana kuburan padha tangisan
Sing isih ana donya padha rebutan warisan
Karo sedulur nganti jothakan ora ruh-ruhan

Bantul, 24 Juli 2022

Sri Wijayati
Anggota Paguyuban Sastrawan Jawa Bantul, Paramarta. Manggon ing Kretek lor, Jambidan, Banguntapan, Bantul, D.I.Yogyakarta. Lulusan Universitas PGRI Yogyakarta. Remen nulis sastra Jawa lan Indonesia.

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya