SOLOPOS.COM - Ilustrasi mayat. (Freepik)

REBUTAN MAYIT

Wis pantes diarani edan-edanan
Yen mayit bae dadi rebutan
Kadya bandha warisan
Upyek tekan pengadilan
Banjur ana sing kejiret ukuman

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Pancen gawe miris yen mayit dadi rebutan
Satengahe pageblug sing nyalawadi
Banjur akeh sing padha kemenusan
Pasar-pasar dadi singup nggegirisi
Akeh sing banjur numpuk utang
Sawise nggrogoti papan sandhang

Rebutan mayit bakal kedaden maneh
Yen isih ana sing ora bisa triman
Utawa ora gelem seleh sumeleh
Apa maneh mituhu paugeran

Sajroning urip bebrayan
Kabeh kudune njunjung kinurmatan
Sing mati diopeni kanthi bener lan pener
Sing kuwasa aja ngangsi keblinger.

Kandhang Rodha, 2020

SEMUGIH

Akeh sing padha semugih
Tanpa ngukur ambegane
Nganti menggeh-menggeh
Banjur kapiran pungkasane

Ora preduli panas apa udan
Latar omah dadi panggung ndhangdhutan
Sesuke jebul diuber-uber tagihan
Kamangka omahe wis dadi agunan

Urip sing becik kuwi apa jare
Yen pancen kere aja munggah bale
Apa maneh turu ing tumpukan kasur
Dadine bolak-balik malah nglindhur

Pancen akeh sing seneng semugih
Pamer omah pamer tedhak getih
Banjur bolak-balik kewirangan
Rana rene kesangkut kadurjanan

Pancen akeh sing ngaku juragan
Banjur nglempuruk kurugan utang
Omahe magrong-magrong ngadhepi ratan
Jebul suwung ditinggal nginep ing pakunjaran.

Kandhang Rodha, 2020

PASIEN STROKE

Wong wadon kuwi durung tuwa
Menawa umure lagi telu lima
Nanging rina wengi turu mlumah
Ngablah-ablah tanpa obah

Wong wadon kuwi pancen lara stroke
Sawise kelangan kaluwargane
Anak bojone minggat
Omahe wis didol kanggo brobat

Sadurunge lara stroke
Dheweke dodolan awake
Jalaran ora marem duwe bojo
Sing dikuya-kuya jare wis loyo

Menawa pancen wis kuwalat
Tiba banjur ora bisa ngglawat
Sawise saka hotel ditabrak jaran
Ngathang-ngathang ing ratan

Saben ana tangga sing niliki
Wong wadon kuwi mbrebes mili
Arep ngomong ora metu suwarane
Jalaran ora bisa ngobahke lambe.

Kandhang Rodha, 2020

NGANGGO MASKER

Jare dhokter-dhokter
Kabeh kudune nganggo masker
Supaya ora klenger
Dirubung virus sing muser-muser

Saiki akeh sing padha gawe masker
Uga sansaya akeh sing lenger-lenger
Banjur sansaya akeh sing kadya kleleb
Rina apa wengi bisane mung sedhakep

Nganggo masker
Yen kesuwen bakal klenger?

 

BANJIR LAN PROYEK

Yen kali-kali sing banjir
Ora bakal dadi pawarta
Nanging yen ratan sing banjir
Ora mung dadi pawarta
Nanging uga dadi proyek

Kaya mengkono kasunyatane
Persasat kebacut dadi tradhisi
Saben bar wayah udan akeh pawarta
Banjur akeh proyek

Banjir lan proyek
Lir kadiya mimi lan mintuna
Wong cilik mewek-mewek
Wong gedhe pamer rodha.

Kandang Roda, 2021

 

BEBAYA

Bebaya tansaya nggegirisi
Jalaran manungsa padha lali
Marang papestene Gusti
Ngoyak-oyak wektu
Malah pati kang tinemu



Aja maneh wong-wong cilik
Jenderal-jenderal wae bisa kecelik
Nalika arep ngasorake wektu
Kesusu-susu banjur kesandhung watu

Coba sawangana
Ratan tansaya amba
Nanging tansaya mbebayani
Jalaran akeh sing lali
Marang paugeran
Marang keslametan

Coba sawangana maneh
Omah tansaya akeh
Sadawane tanggul kali
Banjur padha keli.

Kandang Roda, 2021

LONGSOR

Tansaya akeh pawarta
Gunung-gunung padha longsor
Banjur ngurugi manungsa
Sing kebacut lali andhap asor

Sejatine ora prayoga omah-omah
Sadhuwure lemah kang miring
Kejaba pancen wis pasrah
Kapan wae bakal kabanting.

Kandang Roda, 2021

Siti Siamah
Pandhemen Sastra Jawa, lair ing Grobogan 26 Desember 1977. Nyerat geguritan, cerkak, esai. Uga nyerat prosa, puisi lan opini mawi basa Indonesia.







Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya