Jagad-jawa
Selasa, 31 Mei 2022 - 08:03 WIB

Geguritan Nimas Padmi

Nimas Padmi  /  Damar Sri Prakoso  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Wedang Anget

Cukup teh anget lan gurit sak padha pinangka gula
aku ngliwati Mei kanthi prasaja
Ing kutha iki, kabeh crita wis ilang
Kegerus mangsa udan
Mula lalekna impen bebrayan
Wiwit garise tangan mbunderi, ati iki lila ngedohi

Advertisement

Cukup teh anget, sakliyane wis ben angin semribit anane
Ing meja, sak madyane cumepak ati siji
Dudu loro kaya karepmu
Becike dolanan dipungkasi, ora perlu ana sesambungan
Apa meneh ngadang kencan

Wis ora ana kang kudu digunemke wayah esuk
Wedang anget milih rasa dhewe
Ora perlu dikancani sushi uga spagheti
Wedang anget wis wicaksana ngadhepi rina, kang warna lara lapa

Solo, 2021

 

Gendhing Wadon

Sinau saka simbah, wong wadon kudu ngalah
Ora kena nesu, nadyan ati tatu
Ora kena ngedan, nadyan dhadha kelaran
Cukup dilakoni, ora digetuni

Sinau saka ibu
Wong wadon kudu kuwat
Ora entuk sambat, nadyan urip mlarat
Kudu kerja, ben awak diajeni
Kudu cak cek mrantasi, ben ora dipoyoki
Sinau saka kahanan
Tetep ora wangun, wong wadon ndhisiki
: nadyan Kartini nggunem emansipasi

Advertisement

Solo, 2022

 

AL

Ngapuranen
Menawa gurit iki dak tulis
Meneng-meneng
Nalika swaramu kemledang kalem
Dudu babagan geni
Kang abang edipeni
Nanging rasa embuh
Sing dumadakan tuwuh
Nengeri jangkahku sing dhewe
Ing Magrib kang kumlawe

Solo, 2022

 

Gurit Pageblug 1

Advertisement

Ing sisih iki, tak bunderi wulan-wulan pagebluk
Kang agawe impen padha njeblug
Sakjroning esuk melati

Gusti, umpama kapang iki kena
Keparenga aku ngelingi kedhepe netra
Amarga kesepen kuwi pait tenan
Ngepung wengi-wengi ndugal
Sawetara aku ora lila tresna iki gagal

Solo, 2022

 

Gurit Pageblug 2

Semendhe ing kalender
Jenengmu bola-bali dak sebut kanti geter
Mbarengi adan saka mesjid
Kanti pangajab, wabah cepet sumingkir
Yo ben, aku lan sliramu sida ketemu
Ing arum takdir
Ngrampungke kangen sing nate mampir

Solo, 2022

Advertisement

 

Pandom Wektu

1.
Alon-alon dak dondomi, rok putih kembangan biru
Karo mote warna langit, kayadene donga sing pengin sanggit
Karep ing patemon mengko, sliramu bisa maca
Menawa ing sewalik benik, ana tresna bening
Ing sak pretelon wengi ganjil
2.
Alon-alon dak dondomi, babagan kencan ing tembe mburi

Kanthi tetenger gambar waru
Yo ben aku lan sliramu
Dadi sawiji ing arum wengi
3.
Pandom tugel dumadakan
Mergo jangkahmu lunga tanpa pamitan
Mungkasi patemon kang durung kalaksanan
Rok putih ora sida rampung
Cemlorot mote katon suwung
Mertandhani:
yen tekan semene tresna iki
Ndherekke sliramu kondur ing Dumadi

Solo, 2020-2022

 

Kamar Prawan

Advertisement

Wewayangan wayah kepungkur dadi werna tembok
Ngrungkepi boneka, laptop lan kangen lawas kang nemplok
Sawetara bantal umek dandan
Kanggo nemoni impen uga janji embuh
Kang nylempit ing sewalik selimut
Karo nguncalke pitakon marang sajadah
Tekan kapan wengi lumaku dhewekan?

Solo, 2019

 

Pangapura

Lamat-lamat aku wiwitan mangerteni
sepining wengi pindha sekar kanggo sliramu

Ing kala mangsa aku ajar nyuthik alif–lam lan haq bebarengan
nalika gurit nora saguh rampung kawiwitan
Kanthi lisan kakunci, lan krenteg anjajagi
Kadidene kembang kang peparing wangi tanpa tetimbang uni
Sesidheman, dakcuwile kaprasajan lumantar kopi nalika gunem anyedhaki
Mangka yen ing tembe mburi dohing netra kelawan pipi wus nora ana sak inci
idinake aku asung aruh saka adoh, sabab ing dhirining sira
kapapag donga kang tedhuh memper weninging kawruh

Solo, 2019

Advertisement

 

Gurit saka Ubud

1/
Sakwise bali saka Ubud, setugel gurit meneng-meneng sujud
Njejaluk wengi, ben ora mbacutke ngimpi
Marang kebul tengwe, marang esem kang ngglape
Ben wae angin ngumbar kuciwa lan milih ngedan ing pungkasan carita
Amarga aku ngrumangsani, ing netrane aku mung suket teki
2/
Ing semrawut wektu, wangsit tak luru
Angekep angen-angen lan kasunyatan
Banjur nemoni esuk kanthi werna abang mbranang
Amarga ing ratri anane mung sepi
Uga babagan kenya kang ora kendho istighfar
3/
Mbesuk, aku bakal lali
Putih memplak langit Bali, uga wit-witan kamboja kang nyimpen prasaja
Ing kana, aku pengin tansah mekar. Kaya dene mawar. Yo ben sedhela

Solo, 2019

 

Nimas Padmi, penggurit saka Solo. Pirang-pirang tulisanne nate kapacak ing media
massa.

Advertisement
Advertisement
Kata Kunci : Geguritan Nimas Padmi
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif