SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (15/11/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Supriyoko, Guru ing SMPN 1 Parang, Magetan, Jatim.

Titip

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

Kae jejeran rupa abang putih ing emper omah
Kerlip lampu tengaran suka
Iki sasi ndhudhah crita lawas
Kang kudu kokbenem ing tuking getihmu
Bapak nyoba ndhukiri lemah poncotan
Najan sapincuk iku dadi leladi

Sawangen lan rungokna kojahe panas
Kang tumemplek ing gendheng omah iki
Swarane nembangake lemah wutahe getihmu
Kang kokdarbeni lan kokpundhi
Cecepen sesanti aji Bhinneka Tunggal Ika.

Kerlipe lampu sandhing umbul-umbul iki
Dadekne kuncara adi
Atimu nggegem bumi pertiwi
Manggungmu jiwaning jiwa tuhu mring nagri
Dudu granggang keris tombak lan glathi
Ilmu putih kanggo sesulih.

Elingen iki titipane bapak.

***

Balada Sulasmi Guru Sekolah Krempyeng

Sulasmi guru sekolah krempyeng
Sangu esem budhal mapag tekane srengenge
Gantilan SK capeg sasi wingi
Ngrangin ing rasa pindha pradangga mat-matan
Anak lanang tinggalan sing lanang
Dadi sapihan ing omah
“Le ibuk sekolah”

Sulasmi guru anyar
Ngentha bayar
Kanggo anak aja mung trima jajan pasar
Uga tebusan utang sing durung kebayar
Utang warisan sing lanang
Nalika ngathang-ngathang keterjang bandhang

Jejel riyel mudhun saka andhongan
Mlaku napaki dalan tumuju sekolahan
Yen ketiga kena kanggo tambah pupur murahan
Rendheng teka aluse dlamakan
Campuh karo derese udan

Iki sekolah krempyeng
Isi saka lumakune negara
Uga woting tresna
Katimin, Darkam, Sipah
Bocah-bocah pisah
Tininggal lunga menyang kutha
Saina anak tukang becak
Darmin anak buruh macul
Sruti make tukang pijet
Sulasmi mesem : Iki anak-anakku
Ocehe manuk lan klepere kupu
Ngisi senthong-senthong panjangka tuhu
Kanggomu thole lan gendhuk

Percayaa ngger abure panyawang aja nganti jonjing
Kaya dene thilang budhal esuk sore bali susuh
Dirubung anak-anake kang isih abang
Kanthi asih ngelus ngekep
Elinga dluwang iki isih putih memplak
Kaya dene abure dara putih mideri bumi
Rinengga aksara mawa sesotya
Kanggo mapag tekane mulya

Sekolah tegale sawah
Jejege kukus pawon isine daringan
Sugeng enjing bu guru
Ah swara iku dumeling
Kasan mboten mlebet bu
Tumut bapake mburuh macul
Sulasmi mesem
Lastri nggih mboten mlebet bu
Saniki tumut sing jaler

Sulasmi guru sekolah krempyeng
SK capeg salin pegawe negri
Ocehe manuk ing pang mburi kelas
Keprungu endah
Sekolah saya bawera

Sulasmi guru sekolah krempyeng
Ngindhit mbopong dluwang sertifikasi
Dipundhi pancen iku barang aji
Dluwang tinata peni
Karengga sekar sinengker ing ati

Nanging saiki
Dluwang kaya dene tapel wates ireng lan putih
Kanggo apa kuwi
Ora aji
Isih aji anak-anakku Parmin, Marni lan Tabri
Sing saiki dakruket keket
Dakwasuh ing Candradimuka
Awit sapa kang bakal nerusake lakune nagri
Ya anak-anakku

Sulasmi mulang ing sekolah krempyeng
Sepi kaya dene sepine ati
Awit pendhak Paing lan Pon
Kari loro Tugiyo lan Pranoto
Nalika ana sing takon

Mboten pindhah bu?
Kajenge angsal sertifikasi
Sulasmi guru sekolah krempyeng mung mesem

***

Kidung Jawi

“Guritmu jian ngrerujit ati tenan…
coba iki kedadeyan 20 taun kepungkur…
dakuber sakecekele …”

Ujar kang dakrungu saka ocehe thilang nalika semendhe ing senthong mburi
Sapa ngira yen kembang sari sasi wingi bakal tumiyub ing tlapukan mripat
Ngangseg nyawiji ing ubenge bumi kepengin ngeyub ing peturone lintang
Ujarmu pindha laras pelog tetabuhan
Lerem ngisi werna ing dluwang putih asih

Unyere pandom caket mekroke kekembangan
Apa banjur kinekep lan kaaras
Uga ambruk ing pangkon
Nyuntak kapang kaya ambrole tanggul samodra
Nalika angin balik dalan koantu rembulan padhang tengah latar
Murih tresna ora simpangan dalan
Dhuh bumiku



Ati loro lara kerubung suwung mbumbung
Ing kene piye anggonku ngoyak ibere konang wanci dalu
Titip impen mung saderma nyempal lara
Uga kanggo nutup catu wingi sing kadhung godras kiris lungite tresna
Wengi tintrim tanpa lintang apa maneh rembulan

Nanging piye aku mung kisen sepahan tebu bogang
Uga wot gapuk turahan rayap
Kidung sepi bumi sanyari
Endi papan pangumbara jati
Pucuke randhu apa ing pange maoni
Apa nunut ing pucuk swiwine podhang

Ah
Kidung sepi bumi Jawi saya ndadi

***

Simbok Tukang Gendhong

Simbok lungguh ndheprok sandhing pleseran
Sangu slendhang sangu kekarepan
Anak turu ing pangkon
Adhuh simbok tukang gendhong

Srengenge durung inguk-inguk
Bun-bun wiwit ndhodhog kori
Pating klethog ing gegodhongan
Pasar sungapan dadine titah
Tegal sailat kanggo sugon pawon

Gendhongan lan momongan
Anak lanang tatu kudanan
Nglangut panyawang saba tekan sabrang
Kelingan jiwa raga kelaran
Ngger apuranen simbok
Yen saben dina kekancan panas udan
Kemulan bledug pasar

Mbok tulung iki
Menyat ngadeg simbok tukang gendhong nyicil esem
Geger tememplek bagor brambang
Anak tininggal lemek klaras
Bali nggendhong karengkuh anak lanang
Udan tumiba ngreceh
Anak lanang saya kenceng ing pangkon
Ewon loro kumel ing talenan slendhang
Rasane urip kebandhang

Gebyare lampu ratan walikane donya
Wengine sepi pasar bali sepi
Lungguh semendhe tembok pleseran
Kasempyok panandhang
Anak lanang kemulan jarik gendhong

***

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya