Jagad-jawa
Kamis, 10 Januari 2019 - 07:40 WIB

Geguritan: Kesambet

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben Kemis. Ing babaran Kemis (10/1/2019) menika kapacak geguritan anggitanipun St. Sri Emyani, Guru SMP Negeri 1 Panggul Trenggalek.

Aruming lathi ngrengga impen sepi

Advertisement

rinumpaka minangka kidung mentiyung

beluk kembang kecubung kelayung-layung

gelaring suwarga maya gumawang netra

jejogedan madyaning pasrawungan

 

Teleng sukma suwung temlawung

pasren asmarandana kawuri ngegla

Advertisement

rasa kaundha pethit langit

mabur nggegana raya

ora lungse lajuning tengange

 

Ooo Rayi

eman pedhot

kesambet bolah manca

Advertisement

 

Prasasti

 

Sedya katekem njero dhadha mbrubul ngangkasa

krenteg kalempit telenging rasa mrucut pethit langit

netra ngulati angkasa tawang suwung

leksan kedhep lintang ngepung rembulan kalangan

Advertisement

angen kebandhulan pitakon

durung ketemu paugeran maton

urip hamung playon

 

Laku mung nemu sisa impen esuk

setya ngrengggani nala papa

ndhangak nyawang angkasa

Advertisement

ndhingkluk mandeng bumi

ngrumpaka ukara nedha nrima

gelar donya kuwawa ngurung budaya

– kelepyan !

– lena !

 

Lha dalah

Advertisement

iki hlo putu

sarining kalbu tinatah ana geger watu

kangge ngantebne kalbu

ngapa ora maelu?

 

Nyawiji

        

Advertisement

 

 

Nyilemi tlaga jiwa

mantebing kalbu ragu

       ilining banyu butheg ngampleg-ampleg

       tirta wening garing mekingking

       kapanggang mangsa

        

Para kawula padha ngelak kuwasa

abdi dhapuk leladi  adreng rebut kembang rawe

sinambi ngombe eluhe dhewe

 

Laju baita kesempyok ombak

semplah kaobat abit kahanan

jumedher pecut kuwanen

nggegiro kejeme panguripan

 

Ngger ayo bali

nyawiji ngesti lajer kabudayan

kangge nglawan worsuh kamurkan

jaman angel dilawan

 

Purnaning Lelakon

 

Ungaken sukma bawera  

       aja ragu yen pancen durung ketemu

       reroncen angen tanpa wangen

kaya Bima nglacak dununge tirta perwita sari

urip winates pesthi

 

Sawangen ombak aluning samodra  

setya nyaponi lathi pesisir 

tekan wates pinggir

nggeret bathang temangsang

kadhang nyeret kembang kumambang

tanpa wang

 

Oncekana kanthi landheping nurani

pecak dawaning lakon

apa mentog purnaning lelakon

kok wus bali

Gusti

Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif