SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (1/11/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Maria M. Bhoernomo ingkang mapan ing Prambatan Kidul, Kudus, Jateng.

Kembang Setaman

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

Kembang setaman

Aja nganti sirna sajroning bebrayan

Murih tansah dadi pepaes srawungan

Bakal kalis kagubet bengkerehan

 

Kembang setaman

Becike dironce-ronce

Sajroning kutha lan padesan

Netepi guyub senajan seje

 

Kembang setaman

Wis suwe dadi sanepa

Satengahe bebrayan  

Kang wernane rena-rena

 

Kembang setaman

Sumebar sadalan-dalan

Wangine wulan-wulanan

Nalika ana manten jengkar

Kabeh padha jumegar

Kanthi praupan gemebyar

 

Kembang setaman

Uga sumebar sadalan-dalan   

Nalika gendhosa menyang kuburan

Murih lelayu nyawiji kamulyan.

Griya Pena Kudus, 2018

 

Kembang Telon

Kembang telon arane

Kanthil kenanga mlati wujude



Wangi-wangi gandane

 

Kembang telon dikum toya

Dadi tamba lelara lunga

Dadi jimat tolak bebaya

 

Kembang telon sumebar

Satengahe prapatan

Minangka kabar



Ana bocah kena sawan.

Griya Pena Kudus, 2018

 

Kembang Boreh

Kembang boreh dadi sajen

Satengahe bebrayan iki

Murih sapadha kawula ora iren

Nyadhong palilah Gusti

 



Kembang boreh digawe lulur

Kabeh kawula kadiya sedulur

Pejah gesang tenepi rahayu

Dumateng Gusti tansah mituhu

 

Kembang boreh ing padusan

Dadiya wewangen pawadon

Murih kamulyaning bebrayan

Adoh saka padudon.



Griya Pena Kudus, 2018

 

Kembang Lambe

Yen ana sing dadi kembang lambe

Tegese misuwur makantar-kantar

Saben dina akeh sing ngomongke

Dalan-dalan persasat malih pasar

 

Aja nganti dadi kembang lambe

Yen sira isih dhuwe isin

Senajan misuwur ora usah gemedhe

Kabeh awak bakal dadi bacin

 

Kembang lambe bisa kebacut cemer

Jalaran atine manungsa bisa molah-malih

Yen seneng keduwung klenger

Yen gething keduwung adus getih.

Griya Pena Kudus, 2018

  

Kembang Desa

Yen ana prawan ayu

Diarani kembang desa

Para kakung ngulu idu

Kanthi ngempet rasa

 

Kembang desa dialembana

Yen wateke sumeh

Kabeh wong bakal tresna

Senajan ora wani ngranggeh

 

Kembang desa bakal gawe kuciwa

Yen uripe kedhengsek-dhengsek

Kabeh sing nyawang ora mentala

Praupane sing ayu katon mewek.

Griya Pena Kudus, 2018                             

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya