Cathetan Pinggir Bengawan
Ing tepining bengawan iki
kringetmu nate kecicir
tanpa koksadhari
jalaran sliramu kesengsem
ngulati abure kupu kuning
Aku dhewe lagi ngerti
sawise kringet sing kecicir iku
ngganda kecut
kaya gandane jaketmu
sing ora nate mambu binatu
Saiki coba kandhakna:
apa isih ana cuwilan crita
ing njerone sak jaketmu
ngenani rasa sengsem
marang kupu kuning
sing mabur mrana-mrene
nganti parak enjing?
Solo, 2022
Lukisan
Wanita kuwi pesen lukisan pastel
dheweke sing dadi modhel
Marang si pelukis, dheweke meling,
“Wujude lukisan aja mlaha,
bahan-pigurane ya sing mingsra,
perkara rega, kowe muniya!”
Si pelukis nyawang wanita kuwi
ing mripate ana banaspati
Ah, jebul abot sanggane
ngugemi kasetyan sing saya lungse
antarane esuk lan sore
Nganjuk, 2021
Gelang Karet
Sliramu gelang karet
takdirmu mlungker ngeyeyet
pengaji ora mingsra
yen kecicir ora ana sing gelem nggawa
Gelang karet barang sepele
gampang diulur ya gampang pedhote
dina-dina ing regemenane bethara kala
jatidhirimu sapa sing nggawa?
Sliramu gelang karet
dheweke gelang karet
nuwun sewu, aku aja katut dieret-eret
Kediri, 2021
Swara Gitar
Swara gitar irama dhatar
nyuwak wengi tintrim
lumusup tekan kamar
ngithik-ithik kuping
Sliramu nglilir
nuli ngekep guling
swara gitar ing kadohan
keprungu saya bening
Swara gitar kuwi
nggugah kenangan
sing kurugan wektu tetaunan
Wengi tintrim
lan swara gitar kang bening
ah, mesthine sliramu isih eling
nalika wengi purnama
ing ngisore wit blimbing
Nganjuk, 2021
Manuk Genthilang
Manuk-manuk genthilang
gumerah ing kabel listrik
cecet-cuwet sesautan
buntute jenthat-jenthit
Sliramu takon:
manuk-manuk genthilang kuwi
seneng-seneng nikmati kamardikan
apa nggetuni rubuhe wit ringin kuning?
Aku meneng
sliramu mentheleng
Mungguh aku duwe aji gineng
mesthine bisa dakngerteni
wicarane sadhengah kewan
sateruse dakcritakake marang sliramu
utawa dakcathet jroning guritku
Manuk-manuk genthilang
manuk-manuk kang sugih tembang
Nganjuk, 2022
Wiji-wiji Gurit
Nyebar wiji-wiji gurit
ing tlatah cengkar
lan pategalan alit
esuk-sore kasiram banyu katresnan
Wiji-wiji gurit iku
nitis saka prentuling kalbu
nalika nepusi laku
antarane siyang lan dalu
Sliramu ngerti?
Aku sing tinanggenah ngupakara
wiji-wiji gurit kang thukul ndrebala
ora keduga ngliyep
senadyan mung sedhela
Nyebar wiji-wiji gurit
tuhu setya nggegem pakem lan sanggit
Nganjuk, 2022
Leren ing Alun-alun
Ing alun-alun kuthamu aku leren
unjal napas lan ngetus kringet
saka jantraning urip lan panguripan
sing katon bluret
Wit-witan ngrembuyung
sing ngepung pinggire alun-alun
prasasat dadi kudhung
tumrap among dagang
bot-bote golek sandhang-pangan
Lan saiki, ing alun-alun kuthamu,
aku nunut leren sedhela
sinambi nyruput wedang kopi
istingarah bisa nahanani
timbule tenaga lan inspirasi
Leren ing alun-alun kuthamu
ngadhang kumlebate jubah-Mu
Nganjuk, 2022
Guritan Larang
Guritan sing paling larang
dipajang ing ruwang pameran
regane dibandrol samilyar
Guritan tulisan tangan iku
ngemu daya
nggugah semangat egaliter
ngelingake marang jatidhiri
kadidene bangsa mardika
aja nganti kethewer-thewer
Guritan kang gumebyar
nganggo pigura sinepuh emas
anggitane Bung Besar
Surabaya, 2022
Keliek S.W., lair ing Wonogiri lan saiki dedunung ing Nganjuk. Tulisane wujud guritan, crita cekak, novel lan esai sumebar ing maneka warna hudyana basa Jawa.