SOLOPOS.COM - Ilustrasi objek wisata Pantai Kartini di Kabupaten Jepara. (Solopos.com-Adhik Kurniawan)

Pitutur Biyung

urip kuwi warnane ora mung abang, kuning, ijo
uga ana warna klawu lan lembayung
ora padhang, ora peteng, nanging isa dadi pangilo
ben urip ora kesasar, ora bingung

Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi

urip kuwi ora dhewekan, ajara srawung
ben angen-angen ora mung sakdhuwure wuwung
ora kaya sing dikarepku tegese durung
kepinginan kawujud amarga upaya lan manut pituture biyung

urip kuwi saumpama lemah garing
kokidak orang nempel, ora muring-muring
yen biyantu idhepa kaya wong ngising
ajangomong, ora usah dieling-eling
wong nandur gabah yo thukule pari
wong nandur meri metune eri

Ekspedisi Mudik 2024

urip kuwi kaya wong mampir ngombe
yen wis ilang ngelake jaga lambene
aja ghibahndhak marai crah sapa liyane
ben selamat uripe wayah sesuk embene
wong urip kuwi sapa sing salah seleh
wong becik ati disayang dening Gusti Allah

Kutha Jepara, Agustus 2022

Dalan Blethok Growong

Wis kedaden, Yune
beras apik kakean kowenei banyune
dadine ora sega nanging bubur
nggambarake ati sing ajur mumur

wis kebacut, Yune
umpama mepe kasur, guling, kelambune
ngarepke panas, malah nemoni udan
teles klebes ora isa nggo kemulan

wis kadung, Yune
bayi sing kokandhut aja digugurke
becik openana nganti wayahe lairan
yen ora isa ngopeni paringna panti asuhan

wis keblanjur, Yune
klambi suwek isa ditambal nanging tetep ana bekase
ora usah dieling-eling lanangan bojone uwong
tobata ora mbaleni mlaku nok blethok growong
jaluka ngapura marang Bapa lan Biyung
nebus dosa marang Gusti Ingkang Maha Agung

Kutha Jepara, April 2022

Seksi Sejarah

Sakjane sliramu kuwi seksi sejarah
melu berjuang kanggo kamardikan
ora nggawa bambu runcing apamaneh bedhil
awakmu cukup nggawa obat-obatan
kanggo nambani pejuwang sing maju perang

sakjane sliramu kuwi seksi sejarah
ora nujes apa maneh mbedhili mungsuh
awakmu kapilih dadi kurir telik sandi
awakmu upaya nylamur ben pesene tekan
para pejuwang ngerteni kekueatane lawan

sakjane sliramu kuwi saksi sejarah
ora perlu ngerek gendera, ora perlu adu peluru
awakmu cukup mbiyantu nok dhapur umum
nyiapke ransum kanggo para pejueang, ben nduwe tenaga
ngusir para penjajah saka bumi Nuswantara

Kutha Jepara, Agustus 2022

Janji ing Pante Kartini Jepara

Neng Pante Kartini Jepara sing endah warna
neng ngisor patung kura-kura raseksa angin sembribit
mangsa rendheng wis meh diganti wayah ketiga
aku kelingan sliramu sing ayu sulistya rupa raga

neng ngisor patung kura-kura raseksa aku karo slira Asmaradana
urip tekane pati wong loro ora bakal pisah, ditaleni katresnan
nyatane lambe lamis, lunyu, tega mblinjani janji rika
milih priya liya sing luweh akeh donya, aku isa apa?

neng ngisor patung-patung kura raseksa aku thenger-thenger
sengaja mrene mung ben isa tambah kelingan mangsa seger
jarene sliramu mukti karo wong lanang pilihan wongtuwa
jarene sliramu ngajak aku ning Pante Kartini ben pedhot katresnan iki
aku luwih percaya yen iki kabehe pancen wis takdir Mahakuwasa
sakumure aku netepi janji ora omah-omah nganti tekaning pati

Kutha Jepara, Agustus 2022

Kemladheyan

Sakjane ki kowe bodho apa mbodhoni?
sakjane kowe ki edan apa ngedan?
guneman ngalor-ngidul, adul-adul senenge
caturan, cekakakan rakno bongkot pucukane



aku seneng kembang kenikir, nanging emoh melu kenthir
aku seneng kembang goyang, nanging emoh melu ngomyang
aku demen pindhang cemplung, nanging emoh melu gemblung
aku demen kembang kacang, nanging emohnduwe kanca curang

wis wayahe kemladeyan tak tegor saka atiku!

Kutha Jepara, Agustus 2022

Kartika Catur Pelita, prosa lan puisine kang abasa Indonesia lan basa Jawa kapacak ing puluhan media cetak-daring. Nganggit buku kang asesirah: Perjaka, Balada Orang-Orang Tercinta, Kentut Presiden, Perempuan yang Ngidam Buah Nangka, Karimunjawa Love Story. Founder komunitas Akademi Menulis Jepara (AMJ).

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya