Jagad-jawa
Jumat, 14 September 2018 - 16:55 WIB

Geguritan: Ing Wangi Tempe

Redaksi Solopos.com  /  Rohmah Ermawati  | SOLOPOS.com

SOLOPOS.COM - Panduan Informasi dan Inspirasi

Rubrik Jagad Jawa ugi kababar ing Koran Solopos saben dinten Kemis. Ing babaran Kemis (13/9/2018) menika kapacak geguritan anggitanipun Yan Tohari, sastrawan kang duwe asma asli Sriyana, mapan ing Dukuh RT 003/RW 009 Ringinputih, Karangdowo, Klaten.

Ing Wangi Tempe

ing luwes tanganmu dadi prasaja wangine tempe

ngelingake wanci kapang kang arang kaglape

dina mbaka dina selot werit dadi cangkriman

prasasat kepyuring laru, endi prasetyamu tetep dakluru

yayi, ing pojok kampung apa sliramu durung rampung

nyingidake rasa ing suwalike pacak-barising kluwung

apa datan nglenggana kabeh dadi underan rasa gempung

samangsane joko-joko desa padha kajiret cekaking sarung

manisku, nuli endi semur tempe sing mbokcepakake

sawuse kadang-kadangmu ngetus riwe ing tegalan kene

nancepake carang pepenginan sing asring kabuncang sepi

o, tetela lemah desa tan maneh mencutake drajating ati

Karangdowo, Klaten, 2018

Kasisa Sabuntel Tempe

ngger, isih kasisa sabuntel tempe ing kene

muga kena kanggo sangu nyurasa werdining impen

nadyan wengi-wengi salawase iki wis datan kopen

awit gumresahing ati sarta undhaking dahwen

ewasemana aja gelem kalah klawan tekade gangsir

sing setya anggladhi budi nadyan weteng kalingsir

tampanen wae, pancen mangkono pesthine jaman

jumangkaha kaya jejege sunar lintang lan rembulan

ngger, age gelaken dawane urung-urung

aja sumelang yen sikil kudu kesandhung

imbane tempe kang saiki akeh kabuntel dluwang

ora ana salahe yen urip kala-kala mlayu anglancang

Karangdowo, Klaten, 2018

Rapaling Tukang Tempe

niyat ingsun ambuntel tempe

nadyan dhele terus muluk regane

awit gawe tempe dudu amburu bathi

nanging kabeh mangestu pakeming Gusti

tempe jembaring sedyaku,

tempe megar mingkuping napasku

tempe drajating panembahku

niyat ingsun agawe tempe

binuntel panrima, tinali kuwating prasetya

ing tempe sinebaran cahya, kinepung arum pulung

rosa sing anggawe, sentosa kang mbakulake

tempe tan wangenan iklas, gawe sing mangan waras

niyat ingsun agawe tempe

ngukuhake guyubing lair, manunggaling batin

sarwa ilang lamising ati

esuk dhele sore tempe, dudu esuk tempe sore dhele

manungsa kang meminta, Gusti kang sembada

saciptaku dadi, dadia tempe sing mberkahi

dadi, dadi, dadi…. saka kersaning Gusti

Karangdowo, Klaten, 2018

Tresna ing Sacuwil Tempe

dakukur tresnaku ing sarupane tempe lan tahu

nuli dakwadhahi takir katambah puji dikir

mbokmanawa kowe tetep nyangking jenengku, bapakmu

mbeneri slametanmu ing sewu dina ninggalake aku

tetela prasaja, tresna kita linambaran manising palawija

sumurupa, anak-anakmu wis dadi wong mblegedhu

embuh apa dheweke isih gelem mangan tempe lan tahu

ing pancenan iki, dakobong kumeluning menyan

gawang-gawang kita nate ngliwati mangsa larang pangan

ing sacuwil tempe, nalika semono sliramu nggeget lambeku

klawan atimu sing sabar ngluwihi jembaring segara

bebarengan negesake rumpil cerung lara-lapa

bapakmu, iki wangine tempe tetep dadia wujuding prasapa

lamun tresna tan cukup kasabda saracik kembang setaman

mengku luhuring janji wiwit donya tekan delahan

saka tempe waras apadene tempe bosok

yen tresnaku datan nate dadi rosok

Karangdowo, Klaten, 2018

Wiramane Sambel Tempe Bosok

simbok, endi maneh sambel tempe bosok

ujubing laladan urip amrih bisa cumandhok

welingmu, ”ngger ngudaneni urip aja gampang kapok”

nugraha iku pepenginan, sesanggan mono jejibahan

simbok, dakbaleni maneh ing tembang kekudanganmu

anak lanang pinter perang, anak wedok pinter jangan lombok

nanggapi pesthi merlokake larikane budi

persis sumanggeme raden permadi apa kuwanene srikandhi

Karangdowo, Klaten, 2018

Advertisement
Advertisement
Advertisement
Advertisement
Kata Kunci :
Advertisement
Berita Terkait
Advertisement

Hanya Untuk Anda

Inspiratif & Informatif