Tragedi Sepur Kelinci
Ancase nyenengake atine bocah
karepe plesir murah meriah
limang ewu sepuluh ewu rupiah
wis kepenak tanpa sayah
Pancen numpak sepur kelinci rada nggegirisi
sansaya gronjalan dalan sing nguwatiri
nanging sumringah lan gemuyune bocah
ngalahake rasa ajrih kang sumrambah
Ancase amrih enggal tekan panggonan
sepur kelinci tronjal-tronjol dalan padesan
nanging dumadakan sepur kelinci mogok
penumpang nyurung aba-aba bengok
Sepur kelinci ngglondor ing dalan mudhun
dioyak wis ora bisa ketututan
para penumpang nangis jejeritan
sepur kelinci jempalik ing tegalan
Getun tibane ing mburi
ditangisi wis ora bakal bali
kedadeyan kepungkur digawe pawulangan
satemene nyawa dudu barang dolanan
Andong, 11 Mei 2022
Ajrih
Manggon ing desa adoh saka ayem
saben wengi mripat angel merem
ati uwis kelangan rasa tentrem
wiwit tragedi klithih nulis crita surem
Sasi Syawal kudune beningake ati
nanging seling surup nuwuhake emosi
perguruan silat ameh tukaran
warta palsu sing dadi jalaran
Wayah surup srengenge minggir
wong sak motore enggal parkir
warung toko ditutup rapet
golek aman kemulan mblebet
Andong, 11 Mei 2022
Dudu Amarga Tanjakan Petrus
Ora pisan ora pindho
tanjakan petrus jaluk tumbal nyawa
enom tuwa dadi korban
umur ora dadi takeran
Pancen malaikat Izrail tansah awas
menthelengi raimu ping pitung puluh
nyambangimu ping selikur saben dina
ngelingake yen wis giliran ora bisa ditundha
Dudu amarga angkere tanjakan petrus
sing tekan saiki isih misterius
nanging urip mati pancen uwis digaris
marang Gusti Kang Maha Kuwasa
Andong, 17 Mei 2022
Wajibe Dadi Santri
Wajibe dadi santri kang badhe golek ilmu sejati
Kudu manut ngabekti marang Mbah Yai
Santri jaler setri mlampah tindak ngaji
ndekep kitab suci ing dhadha minangka tandha kemantepan ati
Banyu-banyu pancuran padha deres mili
Ancase mbasuh najis kang cementhel ing awak lan ati
Amrih siyap nampani agunging kalam ilahi
Kanthi ati kang bening kaya gelas kang kosong tanpa isi
Andong, 17 Mei 2022
Pegatan
Srengenge sing aslup ing gegere langit dadi seksi
kanthi nyebut asmane Gusti
wiwit saiki aku megat kowe sing biyen dakgondheli
lila legawa dakuculake tanpa dakgetuni
ciu lan omben-omben alkohol sapiturute bakal dakuwisi
cukup tekan seprene anggonku mbok apusi lan grogoti
jare gawe awak lan pikiran entheng sentiyeng
jebul namung nambah-nambahi nggliyeng
lan sing paling-paling medeni
meneng-meneng racun sumebar tanpa dakmangerteni
uwis sadar tenanan aku saiki
nganti salawase aku ora bakal bali
nyang omben-omben sing ora migunani
Andong, 12 Mei 2022
Salat Jumat
Endah senenge ati iki Kang Mas
nyawang jenengan siram resik ing dina Jumat
klambi koko, sarungan lan nyangking sajadah
mlampah gagah tumuju mesjid kanggo nglakoni ibadah
saestu, kula mboten ngarep-arep maneka werna Kang Mas
namung panjaluke kula jenengan kersa ajeg jumatan
amargi punika kawajiban ingkang dosa menawi dipuntinggal
Andong, 13 Mei 2022
Pari
Paringi kula waras Gusti
supados saged golek rejeki
winih pari sampun kula sebar
kula entosi kanthi sabar
Paringi subur Gusti Pangeran
dhumateng sakabehing tanduran
adoh saka tikus lan sedaya hama
kang gawe para petani pituna
Sembah nuwun Gusti
kangge ijo pari kang nengsemake ati
insyallah ikhtiar sampun kula tindakake
uga tawakal mboten kula lalekake
muga-muga kanikmatan saking Gusti Pangeran
tansah dadi kawigaten kula salawase
Andong, 17 Mei 2022
Endang S. Sulistiya. Pandhemen sastra Jawa manggon ing Dukuh Poncol, Pulutan, Nogosari, Boyolali. Lulusan FISIP UNS ingkang remem nulis sastra Jawa lan Indonesia.