SOLOPOS.COM - Para pengendara menerjang banjir yang melanda kawasan Simpang Lima Kota Semarang, Selasa (23/2/2021). (Semarangpos.com-Imam Yuda S.)

SIMPANG LIMA 1
Tebane pancen winates
Pandulu iki kudu marikelu
Saben-saben noleh anane mung nggrantes
Sebab kudu kebentus gedhong-gedhong kaku

Pangajabku kapang iki tetep pikoleh traju

Promosi Mitsubishi XForce: Stylish untuk Wanita, Praktis buat Ibu Muda

April 2021

SIMPANG LIMA 2
Marang para bakul
Kang katemben suka parisuka
Sinambi ngracik rasa dadi ukara
Apa kang luwih onjo
Ing antarane bawa rasa
Kinepung gedhong-gedhong manjila
Tinandhingake esem guyumu kang pijer renyah
Nanging jroning nala rinasa dicecamah

Marang para laku dagang
Sangumu apa geneya otot bayu isih kuwagang
Sila sedheku ngekep atis ngebroki sesuketan?

Guwayamu manthur ing cangkir-cangkir kopi
Panas sumelete ngluluhake mendhung klawune sesanggeman

Eman…..eman……
Durung sida daksruput
Gandrik galih asem luwih cepet keprucut
Lan deres gumrojoge udan ngudhari
Bundhele recehan

April 2021

SIMPANG LIMA 3
Sejatine mung sawetara jangkah
Kanggo ngranggeh lambeyane tanganmu
Nanging kudu kasigeg laju sedhan biru
Dlamakan iki pijer dadi kaku
Sabanjure klelep lambah-lambah
Deres lan banjire panutuh lan kojah

Apa bener saiki jantramu wus adoh
Jalaran awakku isih seneng keproh
Jejogedan ing tengah-tengahing kodhok ngorek
Nembangake panjerit lan panjireting kahanan
Banjur kepriye nggonku kudu njenggelek?
Yen laladan kabeh malih jembangan

Kembeng-kembeng tangis
Nalika awakmu tegel nyruput kopi sinambi ngisis

April 2021

SIMPANG LIMA 4
Isih dakgondheli papan lungguhan iki
Senajan wus teles kebes
Nyangga banyu udan tumiba deres
Merga ing papan iki
Bakal dakpetung lan wiwit dakpecaki
Laku bisu ngupadi dalane bali
Ngliwati limang simpangan mencoki limang wektu

April 2021

SIMPANG LIMA 5

Dakwiyak ing saben-saben gedhong
Pandhelikane bakul pecel
Sing biyen kerep daksaba
Ing pojokan sisih kidul wetan
Titenane akeh wong pating grumbul
Ngrahapi pecel sinambi guneman pating trecel

Wengi iki nyoba kepengin andhok
Mincuk pecel, nyekel sate usus lan sate endhog
Tempe goreng bakwan siji wedang teh botol

Ya, dakeling-eling nalika ati iki nate kecanthol
Glenak-glenik ing lelimengan Simpang Lima
Ngrembug tebane bumbon pawon tekane gugon tuhon
Ngenani kawicaksanan kang asin legine ajeg ketriwal
Mung pait lan getir sing panggah ditinggal

Geneya, wengine ora teka-teka
Gedhong-gedhong iki malah tambah magrong
Sunaring baskara wus dipanjering njeron senthong
Bakule pecel mung kari crita lan guneman
Pating cruwet pating grumbul ing kayangan
Ing lapangan disuguhi thatit lan gludhug
Tambah nintrimake swasana lan pageblug

April 2021

Eko Wahyudi Merapi
Ngguritake prastawa ingPrasasti (2014) lan Lathi 2020),
Mapan ing Kebumen

Cek Berita dan Artikel yang lain di Google News
Simak berbagai berita pilihan dan terkini dari Solopos.com di Saluran WhatsApp dengan klik Soloposcom dan Grup Telegram "Solopos.com Berita Terkini" Klik link ini.
Solopos Stories
Honda Motor Jateng
Honda Motor Jateng
Rekomendasi
Berita Lainnya