Antri Lenga Goreng
mbiyen dligen-dligen jejer dawa mung antri lenga patra
Lenga gorengan saiki mumbul melu ngadi-adi
aku mbayangke nelangsa, apa sawijining mangsa
bakal ana antri lenga rambut
nalika pabrik-pabrik tumuju kukut?
Promosi Jalur Mudik Pantura Jawa Makin Adem Berkat Trembesi
bruwet kaca televisi wingi
nyiarake simbok-simbok sing mlebu balapan ana swalayan
kathik banjur ngelingake lomba pitulasan
nanging balapan iki krasa nggegirisi
tiwas gembrobyos sing kalah nyokot driji
ora sah ngimpi golek gorengan ya Le
luwih nyamleng modhel godhogan wae
kolestrol ben padha minggir dhewe
nanging yen lentho lan klenyem digodhog
apa sing dhahar mung simbok?
Semarang, 2022
Tempe Tipis
nggembulenge peluk pawon saka warteg krasa mbeseseg
Mbok menawa tempe sing diiris tipis-tipis lan kurang lenga
gandane gosong
ora mesthi mawane kemrowong
sambate panen dhele keprungu saka adoh
dhele makarung-karung sing menet timbangan
kudune bakal gawe ayem ana sumilere pikiran
bobot antep krasa ndhedhepi
nanging mbok toleh bola-bali
dhele sing disimpen primpen ana grobog
mung ganti ngowohe gambar Togog
sliramu banjur kelingan, rong sasi kepungkur
dhuwit dhele wis dibanting kanggo nuruti karep
sing mlumba mencep-mencep
arep nginguk pabrik tahu? Padha wae kahanane
tukang nggiling awak blengkring wis nyampirke kaos
merga kringete gembrojog kemotos
apa gaweyan kudu gagedigantung
nalika juragan sambat ora nate untung?
HJT
dhuwit puluhan yuta sing diarep-arep
ujug-ujug silem. Ora beda welut mblusuk endhut
uga iwak sili lan kece sing kependhem njarem
suk jaman embuh–kudu diundhuh
saiki sisihanmu mung bisa njegadul
bubaran PHK kudune bisa bukak lapak
nyingget angkringan kanggo jagongan
ngoceh dawa nggambarake kamardikan
nanging apa sing kanggo paitan?
bathuk njekletrut kebak gambar
celengan seka lempung mentelung
koretan isine sansaya suwung
Semarang, 2022
Kobongan
pasar kobong, pabrik kobong, ati ora urung melu kemromong
Aku ora mung nyawang
mobal genine, puleg keluk awune
pating plethok gembrubug
keprungu swara sambate
aku kelingan buruh sing usung-usung karung glepung
Munggah-medhun saka trek
kanthi ngunjal ambegan sesek
kesirep sambat sangu putu telu
pikiranku banjur mabur luwih dawa
njedhul sambate Kang Tugino
sing lagi mari masuk angin telung ndina
sanadyan sirah mubeng nggiyeran
kepeksa nekad ngindhik pabrik
kelingan sanggeman ngresiki suket
nanging tekan ngarep kantor
kahanan kesawang peteng ndhedhet
sukete suket krasa neng sirah njindhet!
Semarang, 2022
Kelingan Tuku Lenga
mbuh merga apa, ujug-ujug pikiran
mlancong tumuju jaman ketentreman
ili ngithire lenga klentik durung ana dligen
lan buntel plastikan cukup dimodhel tadhah gendulan
gendul cilik tilas wadhah kecap
mrambat tekan tilas wadhah obat
adol-tuku lumaku prasaja
juragane mung sedhiya blek sing ulese ireng peteng
Merga mataun-taun
kecipratan lenga klentik
sing netes dleweran
nalika lenga buntel plastik lan dligen
nyerbu rak-rak toko; sambat getirmu mencok
rebutan ana kono
ora perlu seg-segan apa maneh bedhigasan
kita kudu ngeburke rasa syukur
mbukak lempitan jaman mbiyen
karak lan gereh sing ora keduman lenga
gurih semribit ana ndhuwur mawa
Wonogiri, 2022
Raja Tega
kok tega temen nyimpen ton-tonan lenga goreng
Ana primpen ngomah tekan gudhang mburi loteng
dijaga sisan karo wong ireng rai kenceng
tratapan nyibak hawa peteng
nekem siset dhedhet ati
silakna peteng pikiranmu, silakna rereget ing atimu
Kuping kandelmu, apa wis ora bisa cetha
nangkep geter swara para tangga
durung srang-sreng wajan
warung cicilan sing mengkis-mengkis ambegan?
Semarang, 2022
Mundhake Rega Daging
rega daging ndedel munggah
kecingkrangan anggone nyonggah
ngleprek pasrah
mikir thethelan wae
sing digelar ana suwekan karung
slempitan pasar
sapa ngerti mlipir kesasar
jebul sesetan empuke daging
meksa ora gelem miring
apa mlayokake karep tekan sop buntut?
sapa ngerti malah kesruput
yen iki kudu paitan kandel
jagong mantenan ana hotel
sing kudu direwangi ndhesel
Semarang, 2022
Budi Wahyono, lair di kutha Wonogiri. Geguritane kasebar ana ing maneka jinis medhia lan pirang-pirang antologi. Saiki manggon ana pinggiran kutha Semarang 50195.